Pangandharing Torèt 11:1-32

  • Kowé wis ndelok tumindaké Yéhuwah sing luar biasa (1-7)

  • Tanah sing Dijanjèkké (8-12)

  • Berkahé nèk manut (13-17)

  • Omongané Gusti Allah kudu disimpen ing njero ati (18-25)

  • ”Berkah apa kutuk” (26-32)

11  ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan terus nindakké kewajibanmu marang Gusti Allah. Kowé kudu manut karo peraturan, hukum, lan préntahé.  Dina iki kowé ngerti nèk aku omongan karo kowé, dudu karo anak-anakmu sing durung ngerti lan durung ndelok hukuman saka Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Anak-anakmu ya durung tau ndelok wektu Gusti Allah nduduhké kuwasané sing gedhé+ lan kekuwatané.+  Anak-anakmu ora ndelok tumindak lan mukjijat sing ditindakké Gusti Allah marang tanah Mesir lan Firaun raja Mesir,+  lan marang pasukané Mesir, jaran-jarané Firaun, lan kréta perangé, sing kleleb ing Laut Merah wektu ngoyak* kowé. Yéhuwah nyingkirké kabèh wong kuwi.+  Anak-anakmu ora ndelok apa sing ditindakké Gusti Allah kanggo kowé wektu kowé ing padhang belantara nganti kowé tekan ing panggonan iki.  Anak-anakmu ya ora ndelok apa sing ditindakké Gusti Allah marang Datan lan Abiram, yaiku anak-anaké lanang Èliab, keturunané Rubèn. Wektu kuwi lemahé mbelah ing ngarepé wong-wong Israèl, terus Datan lan Abiram nyemplung ing kono bareng karo keluargané, kémahé, kéwané, lan kabèh wong sing ndhukung wong-wong kuwi.+  Kowé wis ndelok dhéwé kabèh tumindaké Yéhuwah sing luar biasa.  ”Kowé kudu manut karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki bèn kowé dadi saya kuwat, terus isa nyabrang lan ngrebut tanah kuwi,  lan bèn umurmu dawa+ ing tanah sing akèh susu lan maduné,+ kaya sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu lan keturunané.*+ 10  ”Tanah sing bakal mbok rebut kuwi ora kaya tanah Mesir sing wis mbok tinggalké. Mbiyèn pas ing kana, kowé biasané nyebar benih lan kudu kerja keras nyirami ladhang,* kaya nèk kowé nyirami kebon sayuran. 11  Ning, tanah sing bakal mbok parani lan mbok rebut kuwi tanah ing wilayah pegunungan lan lembah.+ Tanah kuwi éntuk banyu saka udan.+ 12  Kuwi tanah sing dirawat karo Yéhuwah Gusti Allahmu. Yéhuwah terus nggatèkké tanah kuwi, saka awal taun nganti akhir taun. 13  ”Nèk kowé tenanan manut karo préntah sing tak omongké marang kowé dina iki, lan nèk kowé nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 14  Dhèwèké* bakal mènèhi udan ing tanahmu ing wektuné, yaiku udan pas musim gugur lan udan pas musim semi. Terus, kowé bakal ngumpulké biji-bijian, anggur anyar, lan minyak.+ 15  Aku bakal nggawé suket thukul ing ladhangmu bèn isa dipangan ternakmu. Kowé ya bakal mangan nganti puas.+ 16  Kowé kudu ngati-ati, aja nganti kowé gelem dipengaruhi, terus nyembah lan sujud marang allah-allah liya.+ 17  Nèk kowé nyembah allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé. Dhèwèké bakal nutup langit, dadi ora bakal ana udan.+ Terus, tanah ya ora bakal ngetokké hasil, lan kowé bakal cepet disingkirké saka tanah sing apik sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé.+ 18  ”Omonganku iki kudu mbok simpen ing ati lan pikiranmu. Kuwi kudu mbok talèkké ing tanganmu bèn isa dadi pangéling-éling, lan kuwi kudu dadi kaya tandha* ing bathukmu.+ 19  Kuwi kudu mbok wulangké marang anak-anakmu wektu kowé lungguh ing omahmu, wektu kowé mlaku ing dalan, wektu kowé turonan, lan wektu kowé tangi.+ 20  Kuwi kudu mbok tulis ing kusèn lawang omahmu lan ing gerbangmu, 21  bèn umurmu lan umuré anak-anakmu dawa+ ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu,+ saksuwéné langit ana ing ndhuwuré bumi. 22  ”Nèk kowé tenanan manut* lan nindakké préntah sing tak omongké marang kowé, yaiku terus nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan setya marang Dhèwèké,+ 23  Yéhuwah bakal ngusir kabèh bangsa iki saka ngarepmu,+ lan kowé bakal ngalahké bangsa-bangsa sing luwih kuwat lan sing jumlahé luwih akèh timbang kowé.+ 24  Saben panggonan sing mbok tekani bakal dadi duwèkmu.+ Batas dhaérahmu+ yaiku saka padhang belantara tekan Lébanon, saka kali, yaiku Kali Éfrat, tekan laut sisih kulon.* 25  Ora bakal ana sing isa nglawan kowé.+ Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé kabèh wong ing tanah sing mbok tekani wedi karo kowé,+ kaya sing dijanjèkké marang kowé. 26  ”Dina iki, kowé tak kongkon milih, berkah apa kutuk.+ 27  Kowé bakal éntuk berkah nèk kowé manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé dina iki,+ 28  ning kowé bakal dikutuk nèk kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ora manut karo sing tak préntahké marang kowé dina iki, lan nyembah allah-allah sing ora mbok kenal. 29  ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal dadi duwèkmu, kowé kudu ngucapké berkah ing Gunung Gérizim lan ngucapké kutuk ing Gunung Ébal.+ 30  Gunung-gunung kuwi ana ing kuloné Kali Yordan, ing tanahé wong Kanaan sing manggon ing Araba, ing ngarepé Gilgal, cedhak wit-wit gedhé ing Moré.+ 31  Kowé bakal nyabrang Kali Yordan bèn isa mlebu lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ Wektu kowé ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono, 32  kowé kudu tenanan nindakké kabèh peraturan lan hukum sing tak omongké marang kowé dina iki.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguber”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”nyirami nganggo sikilmu”, yaiku nggunakké sikil wektu nggenjot roda air utawa wektu nggawé lan mbukak saluran banyu.
Lit.: ”Aku”. Maksudé, Gusti Allah.
Lit.: ”tali sing ditalèkké”.
Lit.: ”mlaku ing kabèh dalané”.
Maksudé, Laut Tengah.