Pangandharing Torèt 12:1-32

  • Ngibadah ing panggonan sing dipilih Gusti Allah (1-14)

  • Éntuk mangan daging, ning ora éntuk mangan getih (15-28)

  • Aja mèlu-mèlu nyembah allah-allah liya (29-32)

12  ”Kowé kudu tenanan nindakké kabèh peraturan lan hukum iki saksuwéné kowé urip ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé.  Ing kabèh wilayahé bangsa-bangsa sing bakal mbok kalahké, kowé kudu ngremuk kabèh panggonan sing dienggo nyembah allah-allahé,+ embuh kuwi ing gunung sing dhuwur, ing bukit, utawa ing ngisor wit sing rimbun.  Kowé kudu ngremuk kabèh mézbah lan tugu suciné.*+ Kowé ya kudu ngobong cagak suciné* lan ngremuk patung-patung allahé,+ bèn jenengé allah-allahé ora diéling-éling manèh.+  ”Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu nganggo carané wong-wong kuwi nyembah allah-allahé.+  Ning, wektu arep nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, kowé kudu lunga menyang panggonan sing dipilih Gusti Allahmu ing antarané wilayahé suku-sukumu bèn dadi panggonané lan bèn jenengé dimulyakké.+  Persembahan bakaran,+ korban, sepersepuluhan,+ sumbangan,+ persembahan merga nggawé janji, persembahan sukaréla,+ lan anak pertama saka ternakmu kudu mbok gawa mrana.+  Kowé lan keluargamu kudu mangan ing kana ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Merga Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kowé, kowé kudu ngrasa seneng merga hasil kerja kerasmu.+  ”Aja nindakké sing kaya ngéné manèh, yaiku nindakké apa sing bener manut karepmu dhéwé,  merga kowé durung tekan ing panggonan+ sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. 10  Wektu kowé nyabrang Kali Yordan+ lan manggon ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, Dhèwèké mesthi bakal nglindhungi kowé saka kabèh mungsuhmu sing ana ing sekitarmu, lan kowé ya bakal aman manggon ing kono.+ 11  Kowé kudu nggawa kabèh sing tak préntahké menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé,+ yaiku persembahan bakaran, korban, sepersepuluhan,+ sumbangan, lan kabèh persembahan merga nggawé janji marang Yéhuwah. 12  Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ bareng karo anak-anakmu lanang, anak-anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, lan bareng karo wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu, sing ora dikèki warisan kaya kowé.+ 13  Aja nganti kowé mènèhké persembahan bakaran ing panggonan liyané sing mbok senengi.+ 14  Kowé kudu mènèhké persembahan bakaran mung ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, yaiku ing salah siji wilayahé suku-sukumu. Ing kana, kowé kudu nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé.+ 15  ”Ning, kapan waé kowé péngin mangan daging,+ kowé éntuk mbelèh kéwan. Kowé éntuk mangan daging, sesuai karo sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu ing kabèh kuthamu. Wong sing najis lan sing ora najis éntuk mangan kuwi, kaya nèk kowé mangan daging antelop lan daging kidang. 16  Ning, kowé ora éntuk mangan getihé.+ Kowé kudu ngesokké getihé ing lemah kaya nèk ngesokké banyu.+ 17  Ing kutha-kuthamu, kowé ora éntuk mangan utawa ngombé sepersepuluh saka jumlahé biji-bijianmu, saka anggurmu sing anyar, lan saka minyakmu. Kowé ya ora éntuk mangan anak pertama saka ternakmu,+ persembahan merga nggawé janji, persembahan sukarélamu, utawa sumbanganmu. 18  Ning, kuwi kabèh kudu mbok pangan ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu,+ bareng karo anak-anakmu lanang, anak-anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, lan wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu. Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu merga hasil kerja kerasmu. 19  Aja nganti kowé ora nggatèkké wong Lèwi+ saksuwéné kowé manggon ing tanahmu. 20  ”Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé wilayahmu saya amba,+ kaya sing dijanjèkké marang kowé.+ Wektu kuwi, nèk kowé kandha, ’Aku péngin mangan daging,’ merga kowé péngin banget mangan daging, kowé éntuk mangan daging kapan waé kowé péngin.+ 21  Nèk panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé+ kuwi adoh banget, kowé kudu mbelèh kéwan ternak sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé, kaya sing tak préntahké marang kowé, terus kuwi kudu mbok pangan ing kutha-kuthamu* kapan waé kowé péngin. 22  Kuwi éntuk mbok pangan kaya nèk kowé mangan daging antelop lan daging kidang.+ Kuwi ya éntuk dipangan wong sing najis lan sing ora najis. 23  Ning, kowé babar blas ora éntuk mangan getihé,+ merga getih kuwi nyawa. Kowé ora éntuk mangan daging sing isih ana nyawané.+ 24  Kowé ora éntuk mangan getihé. Kowé kudu ngesokké getihé ing lemah kaya nèk kowé ngesokké banyu.+ 25  Kowé ora éntuk mangan getih, bèn kowé lan anak-anakmu urip makmur, merga kowé wis nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah. 26  Wektu kowé teka ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, kowé mung éntuk njupuk barang-barangmu sing suci lan persembahan merga nggawé janji. 27  Ing kana, kowé kudu mènèhké persembahan bakaran, yaiku daging lan getihé,+ ing ndhuwuré mézbahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Getihé korban kuwi kudu mbok esokké ing mézbahé+ Yéhuwah Gusti Allahmu, ning dagingé éntuk mbok pangan. 28  ”Kowé kudu tenanan manut karo préntah sing tak omongké marang kowé, bèn kowé lan anak-anakmu urip makmur merga kowé nindakké apa sing apik lan bener kanggoné Yéhuwah. 29  ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu matèni wong-wong saka bangsa-bangsa sing bakal mbok kalahké,+ terus kowé manggon ing tanahé, 30  aja nganti kowé mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi sakwisé wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepmu. Aja takon ngéné soal allah-allahé, ’Biasané, piyé bangsa iki nyembah allah-allahé? Aku péngin mèlu-mèlu.’+ 31  Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu kaya carané wong-wong kuwi nyembah allahé, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono, malah wong-wong kuwi ngobong anak-anaké lanang lan wédok kanggo korban marang allah-allahé.+ 32  Kowé kudu bener-bener nindakké saben préntah sing tak omongké marang kowé.+ Aja mbok tambahi utawa mbok kurangi.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.