Pangandharing Torèt 15:1-23

  • Utang dianggep lunas saben taun kepitu (1-6)

  • Mbantu wong sing mlarat (7-11)

  • Mbébaské budhak saben taun kepitu (12-18)

    • Kupingé budhak ditindhik (16, 17)

  • Mènèhké anak pertamané kéwan (19-23)

15  ”Saben akhir pitung taun, kowé kudu mbébaské utangé wong liya.+  Iki carané mbébaské: Wong sing mènèhi utang kudu mbébaské wong liya saka utangé. Dhèwèké ora éntuk nagih utang marang wong liya utawa seduluré, merga utang kuwi wis dianggep lunas kanggo mulyakké Yéhuwah.+  Kowé éntuk nagih utang marang wong asing,+ ning kowé kudu nganggep lunas utangé sedulurmu.  Kowé ora bakal dadi mlarat merga Yéhuwah mesthi bakal mberkahi kowé+ ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé.  Ning, kowé kudu bener-bener manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki.+  Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kowé kaya janjiné marang kowé. Akèh bangsa bakal utang* marang kowé, ning kowé dhéwé ora bakal utang karo sapa-sapa.+ Kowé bakal nguwasani akèh bangsa, ning bangsa-bangsa kuwi ora bakal nguwasani kowé.+  ”Nèk ana sedulurmu sing dadi mlarat ing salah siji kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, kowé aja pelit lan kudu mesakké marang wong kuwi.+  Kowé kudu seneng mènèhi,+ lan kowé kudu nyilihi dhèwèké apa waé sing dibutuhké.  Aja nganti kowé nduwé pikiran jahat iki, ’Taun kepitu, yaiku wektu kanggo mbébaské utang, wis cedhak,’+ terus kowé ora gelem mènèhi marang sedulurmu sing mlarat lan ora mènèhi dhèwèké apa-apa. Nèk wong kuwi wadul marang Yéhuwah soal kowé, kowé bakal dianggep dosa.+ 10  Kowé kudu seneng mènèhi marang dhèwèké,+ lan kowé* kudu ikhlas mènèhi bèn Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi saben tumindak lan kerja kerasmu.+ 11  Ing tanah kuwi, wong mlarat mesthi bakal terus ana.+ Kuwi sebabé aku mènèhi kowé préntah iki, ’Kowé kudu seneng mènèhi marang sedulurmu sing susah lan sing mlarat ing tanahmu.’+ 12  ”Nèk ana sedulurmu, yaiku wong lanang utawa wong wédok Ibrani, sing diedol marang kowé lan wis enem taun dadi pembantumu, ing taun kepitu wong kuwi kudu mbok bébaské.+ 13  Wektu kowé mbébaské wong kuwi, aja ngongkon wong kuwi lunga tanpa mbok gawani apa-apa. 14  Ternakmu, hasil panènmu, minyakmu, lan anggurmu kudu ana sing mbok wènèhké marang dhèwèké. Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kowé, mula kowé kudu seneng mènèhi marang wong kuwi. 15  Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé dadi budhak ing tanah Mesir lan Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé. Kuwi sebabé aku mènèhi kowé préntah iki. 16  ”Ning, nèk budhak kuwi kandha, ’Aku ora péngin metu saka kéné,’ merga dhèwèké nresnani kowé lan keluargamu, lan dhèwèké seneng dadi budhakmu,+ 17  kowé kudu ngongkon budhak kuwi ngadeg ing lawang, lan kupingé kudu mbok tindhik. Budhak kuwi bakal dadi budhakmu saklawasé. Budhak sing wédok ya kudu ditindhik kaya ngono. 18  Kowé kudu ikhlas wektu kowé mbébaské dhèwèké lan dhèwèké ninggalké kowé, merga dhèwèké wis kerja kanggo kowé enem taun suwéné, lan kerja kerasé kuwi padha karo ping pindhoné kerjané buruh upahan, lan Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kabèh sing mbok tindakké. 19  Kowé kudu mènèhké anak lanang pertamané sapi, domba, lan kambingmu marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Anak pertamané sapimu aja mbok gunakké kanggo kerja, lan aja nyukur wuluné anak pertamané dombamu. 20  Saben taun, kowé lan keluargamu kudu mangan dagingé anak lanang pertamané sapi, domba, lan kambingmu ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ing panggonan sing bakal dipilih Yéhuwah.+ 21  Ning, nèk kéwan kuwi pincang, wuta, utawa nduwé cacad liyané, aja mbok wènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 22  Dagingé kéwan mau kudu mbok pangan ing kutha-kuthamu. Wong sing najis lan ora najis kudu mangan daging kuwi kaya nèk mangan daging antelop lan daging kidang.+ 23  Ning, getihé aja mbok pangan.+ Getihé kudu mbok esokké ing lemah kaya nèk kowé ngesokké banyu.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”utang nganggo jaminan”.
Lit.: ”atimu”.