Pangandharing Torèt 17:1-20

  • Korban ora éntuk cacad (1)

  • Nèk ana sing murtad (2-7)

  • Kasus sing angèl ditangani (8-13)

  • Petunjuk kanggo raja sing bakal mréntah (14-20)

    • Raja kudu nulis manèh Hukum ing buku (18)

17  ”Aja mènèhké sapi utawa domba sing cacad utawa luka kanggo korban marang Yéhuwah Gusti Allahmu, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono.+  ”Nèk ing kutha sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu ana wong lanang utawa wédok sing nindakké apa sing jahat kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu lan nglanggar perjanjiané Gusti Allahmu,+  terus dhèwèké ninggalké Gusti Allah lan nyembah allah-allah liya lan sujud marang allah-allah kuwi utawa marang matahari, bulan, utawa kabèh sing ana ing langit,*+ padahal kuwi wis tak larang,*+  terus ana sing nglaporké soal kuwi marang kowé lan kowé ngerti soal kuwi, kowé kudu nyelidiki tenanan kasus kuwi. Nèk kuwi kebukti bener,+ berarti ing Israèl pancèn ana tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah,  lan kowé kudu nggawa wong lanang utawa wong wédok kuwi ing gerbang kutha, lan wong kuwi kudu mbok bandhemi* watu nganti mati.+  Wong kuwi isa dihukum mati nèk ana keterangan saka seksi loro utawa telu.+ Wong kuwi aja dihukum mati nèk seksiné mung siji.+  Seksi loro utawa telu kuwi sing kudu pertama mbandhemi* wong mau nganggo watu, lagi sing liyané mèlu mbandhemi. Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.+  ”Nèk ing salah siji kuthamu ana kasus sing angèl ditangani lan kowé ora isa nggawé keputusan, misalé kasus pembunuhan,+ kasus kekerasan, gugatan hukum, utawa kasus liyané, kowé kudu lunga menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+  Kowé kudu nemoni lan nyritakké masalah kuwi marang para imam Lèwi lan para hakim+ sing nindakké tugasé wektu kuwi. Wong-wong mau sing bakal nggawé keputusan kanggo ngrampungi masalah kuwi.+ 10  Keputusan sing digawé ing panggonan sing dipilih Yéhuwah mau kudu mbok tindakké. Kabèh kuwi kudu bener-bener mbok tindakké. 11  Kowé kudu manut karo hukum sing diduduhké wong-wong kuwi marang kowé lan manut karo keputusan sing wis digawé.+ Aja nganti kowé ora manut karo keputusan kuwi.+ 12  Nèk ana sing wani nglawan lan ora gelem ngrungokké imam utawa hakim sing nindakké tugas saka Yéhuwah Gusti Allahmu, wong kuwi kudu dipatèni.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka Israèl.+ 13  Kabèh wong bakal ngerti soal kuwi lan dadi wedi. Wong-wong kuwi ora bakal wani nglawan manèh.+ 14  ”Nèk kowé wis mlebu lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu lan manggon ing kono, terus kowé kandha nèk kowé péngin dipréntah raja kaya bangsa-bangsa liyané sing ana ing sekitarmu,+ 15  kowé kudu nglantik raja sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Raja kuwi kudu dipilih saka bangsamu. Kowé ora éntuk milih wong asing sing dudu bangsamu. 16  Raja kuwi ora éntuk nduwé jaran akèh+ utawa ngongkon rakyaté bali ing Mesir bèn isa éntuk jaran luwih akèh,+ merga Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora éntuk bali ing Mesir.’ 17  Dhèwèké ora éntuk nduwé bojo akèh bèn dhèwèké ora ninggalké Gusti Allah.+ Dhèwèké ya ora éntuk nduwé akèh pérak utawa emas.+ 18  Nèk dhèwèké dadi raja, dhèwèké kudu nulis manèh Hukum iki ing buku,* yaiku Hukum sing disimpen para imam Lèwi.+ 19  ”Dhèwèké kudu terus nggawa lan maca buku kuwi,+ bèn dhèwèké terus wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahé lan nindakké kabèh Hukum lan peraturan iki.+ 20  Nèk kuwi ditindakké, dhèwèké ora bakal rumangsa luwih unggul timbang wong Israèl liyané lan dhèwèké mesthi bakal manut karo préntah-préntah kuwi. Dhèwèké lan anak-anaké lanang ya isa dadi raja Israèl nganti suwé.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”pasukan sing ana ing langit”.
Utawa ”padahal kuwi ora tau tak préntahké”.
Utawa ”balangi”.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”gulungan”.