Pangandharing Torèt 19:1-21

  • Soal matèni wong liya lan kutha-kutha perlindungan (1-13)

  • Aja mindhahké batas tanah (14)

  • Para seksi ing pengadilan (15-21)

    • Kudu ana seksi loro utawa telu (15)

19  ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu matèni wong-wong saka bangsa-bangsa sing tanahé diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, lan kowé wis ngrebut tanah kuwi, terus manggon ing kutha-kutha lan omah-omahé,+  kowé kudu milih kutha telu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+  Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé kudu mbok bagi dadi telung wilayah, lan kowé kudu nggawé dalan menyang kutha-kutha kuwi bèn wong sing matèni wong liya isa mlayu ing salah siji kutha kuwi.  ”Iki sing kudu ditindakké wong sing matèni wong liya, sing mlayu ing salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni: Nèk wong kuwi ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ora sengit karo wong kuwi,+  misalé wektu dhèwèké lunga menyang hutan karo wong kuwi merga arep nggolèk kayu, terus kapak sing disabetké ucul saka gagangé lan ngenani wong kuwi nganti mati, dhèwèké kudu mlayu menyang salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni.+  Ning, nèk kutha kuwi adoh banget, wong sing nduwé hak kanggo mbales,+ sing lagi nesu banget,* isa waé ngoyak,* nangkep, lan matèni dhèwèké. Ning, sakjané wong sing matèni kuwi kuduné ora dipatèni merga sakdurungé ora sengit karo wong mau.+  Mula, kowé tak kongkon milih kutha telu.  ”Nèk Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé wilayahmu saya amba kaya sumpahé marang nènèk moyangmu,+ lan nèk Dhèwèké wis mènèhi kowé kabèh tanah sing dijanjèkké marang nènèk moyangmu,+  kowé kudu milih kutha telu manèh.+ (Gusti Allah bakal mènèhi kabèh kuwi nèk kowé tenanan manut karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki, yaiku kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké préntahé.)*+ 10  Kuwi bèn ora ana wong sing ora salah sing dipatèni+ ing tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé, lan kowé ora bakal dianggep matèni wong.+ 11  ”Nèk ana wong sing sengit karo wong liya+ lan nggolèk kesempatan kanggo nyerang lan ngantemi* wong kuwi nganti mati, terus dhèwèké mlayu menyang salah siji kutha kuwi, 12  para pemimpin* ing kutha kuwi kudu nggawa dhèwèké metu saka kutha kuwi lan nyerahké dhèwèké marang wong sing nduwé hak kanggo mbales. Dhèwèké kudu dipatèni.+ 13  Kowé aja mesakké karo dhèwèké. Wong sing matèni wong sing ora salah+ kudu mbok singkirké saka Israèl bèn uripmu ayem. 14  ”Wektu kowé nampa warisan ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, aja mindhah batas tanahé tanggamu,+ sing wis ditentokké nènèk moyangmu. 15  ”Wong ora isa dianggep salah utawa dosa nèk seksiné mung siji.+ Kudu ana keterangan saka seksi loro utawa telu kanggo mbuktèkké nèk wong kuwi salah.+ 16  Nèk ana wong sing mènèhi keterangan sing ora bener soal wong liya lan nudhuh wong kuwi nindakké kejahatan,+ 17  wong loro sing padu kuwi kudu ngadhep ing ngarepé Yéhuwah, yaiku ing ngarepé para imam lan para hakim sing nindakké tugasé wektu kuwi.+ 18  Para hakim kudu nyelidiki tenanan kasus kuwi.+ Nèk wong sing nudhuh kuwi ngapusi lan mènèhi keterangan sing ora bener soal wong sing sijiné, 19  wong kuwi kudu mbok hukum sesuai karo kejahatan sing direncanakké marang wong sing sijiné.+ Kowé kudu nyingkirké kejahatan saka antaramu.+ 20  Wong liya sing krungu soal kuwi bakal wedi, lan wong-wong kuwi ora bakal wani nindakké kejahatan kaya ngono manèh ing antaramu.+ 21  Aja mesakké karo wong kuwi,+ merga nyawa ganti nyawa, mripat ganti mripat, untu ganti untu, tangan ganti tangan, lan sikil ganti sikil.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”merga atiné wong kuwi panas”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”lan mlaku ing dalan-dalané”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”para sesepuh”.