Pangandharing Torèt 2:1-37

  • Dadi pengembara ing padhang belantara 38 taun (1-23)

  • Menang nglawan Sihon raja Hésbon (24-37)

2  ”Terus awaké dhéwé mbalik ing padhang belantara liwat dalan sing nuju Laut Merah, kaya préntahé Yéhuwah marang aku.+ Awaké dhéwé wis suwé dadi pengembara ing sekitaré Gunung Séir.  Sakwisé kuwi Yéhuwah kandha karo aku,  ’Wis suwé kowé dadi pengembara ing sekitaré gunung iki. Saiki, kowé kudu ménggok ngalor.  Kowé kudu mènèhi préntah iki marang bangsa kuwi, ”Kowé bakal ngliwati Séir,+ wilayah sing dienggoni sedulur-sedulurmu, yaiku keturunané Ésau.+ Wong-wong kuwi bakal wedi karo kowé,+ lan kowé kudu ngati-ati banget.  Aja mungsuhan karo wong-wong kuwi, merga Aku ora bakal mènèhké tanahé wong-wong kuwi marang kowé, sithik waé ora.* Aku wis mènèhké Gunung Séir marang Ésau.+  Kowé kudu mbayar panganan sing bakal mbok pangan lan banyu sing bakal mbok ombé.+  Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kabèh sing mbok tindakké. Gusti Allah ngerti tenan perjalananmu ing padhang belantara iki. Saksuwéné 40 taun, Yéhuwah Gusti Allahmu wis ngancani kowé, lan kowé ora kekurangan apa-apa.”’+  Mula, awaké dhéwé ngliwati wilayahé sedulur-seduluré awaké dhéwé sing manggon ing Séir, yaiku keturunané Ésau.+ Awaké dhéwé ngedoh saka dalan sing nuju Araba, saka Élat lan Ézion-gèbèr.+ ”Terus, awaké dhéwé mbalik liwat dalan sing nuju Padhang Belantara Moab.+  Terus Yéhuwah ngomong karo aku, ’Aja mungsuhan utawa perang karo Moab, merga tanahé wong-wong kuwi blas ora bakal Tak wènèhké marang kowé. Ar wis Tak wènèhké marang keturunané Lot.+ 10  (Mbiyèn wong Èmim+ manggon ing kono. Wong-wong kuwi kuwat, jumlahé akèh, lan dhuwur kaya wong Anakim. 11  Wong Réfaim+ ya dianggep kaya wong Anakim,+ lan wong Moab nyebut wong-wong kuwi wong Èmim. 12  Mbiyèn wong Hori+ manggon ing Séir, ning keturunané Ésau ngrebut tanah kuwi, matèni wong-wong ing kono, terus manggon ing tanah kuwi.+ Wong Israèl ya bakal ngrebut tanah sing bakal dadi duwèké, yaiku tanah sing bakal diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl.) 13  Saiki, kowé kudu nyabrang Lembah Zèrèd.’* Mula, awaké dhéwé nyabrang Lembah Zèrèd.+ 14  Suwéné lunga saka Kadès-barnéa nganti nyabrang Lembah Zèrèd kuwi 38 taun, nganti kabèh wong lanang sing mèlu perang mati, kaya sumpahé Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+ 15  Nganggo kuwasané,* Yéhuwah matèni kabèh wong kuwi nganti entèk resik.+ 16  ”Sakwisé kabèh wong lanang sing mèlu perang mati,+ 17  Yéhuwah ngomong manèh karo aku, 18  ’Dina iki kowé bakal ngliwati wilayahé wong Moab, yaiku Ar. 19  Pas kowé wis tekan ing cedhak wilayahé wong Ammon, aja ngganggu utawa nggawé masalah karo wong-wong kuwi, merga Aku ora bakal mènèhké tanahé wong Ammon marang kowé. Aku wis mènèhké tanahé wong-wong kuwi marang keturunané Lot.+ 20  Mbiyèn, kuwi ya dianggep tanahé wong Réfaim.+ (Wong Réfaim mbiyèn manggon ing kono, lan wong Ammon nyebut wong-wong kuwi Zamzumim. 21  Wong-wong kuwi kuwat lan jumlahé akèh. Wong-wong kuwi dhuwur kaya wong Anakim.+ Ning, Yéhuwah matèni wong-wong kuwi ing ngarepé wong Ammon, terus wong Ammon ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono. 22  Kuwi sing ditindakké Gusti Allah kanggo keturunané Ésau, sing saiki manggon ing Séir,+ wektu Gusti Allah nyingkirké wong Hori+ saka ngarepé keturunané Ésau, bèn wong-wong kuwi isa ngrebut tanahé wong Hori lan manggon ing kono nganti saiki. 23  Wong Awim manggon ing wilayah Gaza+ nganti wong Kaftorim+ matèni wong-wong kuwi. Wong Kaftorim kuwi asalé saka Kaftor.)* 24  ”Mangkata ngliwati Lembah Arnon.*+ Aku wis mènèhké Sihon+ raja Hésbon wong Amori kuwi marang kowé. Mula, kowé kudu perang karo dhèwèké lan ngrebut tanahé. 25  Mulai dina iki, Aku bakal nggawé wong-wong ing bumi sing krungu soal kowé dadi wedi. Wong-wong kuwi bakal kuwatir lan ndredheg merga kowé.’+ 26  ”Terus, aku ngutus wong-wong saka padhang belantara Kédémot+ marang Sihon raja Hésbon kanggo ngejak damai lan ngomong ngéné,+ 27  ’Apa aku éntuk ngliwati tanahmu? Aku mung bakal ngliwati dalan gedhé. Aku ora bakal ménggok ngiwa nengen.+ 28  Aku mung bakal mangan panganan lan ngombé banyu sing mbok edol marang aku. Aku mung péngin liwat 29  nganti aku nyabrang Kali Yordan lan lunga menyang tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahku marang aku. Keturunané Ésau sing manggon ing Séir lan wong Moab sing manggon ing Ar ya ngéntukké aku ngliwati tanahé.’ 30  Ning, Sihon raja Hésbon ora ngéntukké awaké dhéwé liwat merga Yéhuwah Gusti Allahmu sengaja meneng waé wektu Sihon tetep ndableg,+ bèn dhèwèké isa diwènèhké ing tanganmu kaya sing kelakon saiki.+ 31  ”Terus Yéhuwah kandha karo aku, ’Aku mènèhké Sihon lan tanahé marang kowé. Kowé kudu mulai ngrebut tanahé.’+ 32  Wektu Sihon lan pasukané perang karo awaké dhéwé ing Yahaz,+ 33  Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Sihon marang awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ngalahké dhèwèké, anak-anaké lanang, lan pasukané. 34  Wektu kuwi, awaké dhéwé ngrebut lan ngremuk kutha-kuthané, terus matèni wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah. Ora ana sing slamet.+ 35  Awaké dhéwé njarah ternak mung kanggo awaké dhéwé, lan njarah barang-barang saka kutha sing wis direbut. 36  Saka Aroèr,+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon (termasuk kutha sing ana ing lembah kuwi) nganti tekan Giléad, ora ana kutha sing ora isa dikalahké. Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé wis mènèhké kabèh kutha kuwi marang awaké dhéwé.+ 37  Ning, kowé ora nyedhaki tanahé wong Ammon,+ kabèh wilayah Lembah Yabok,*+ lan kutha-kutha sing ana ing wilayah pegunungan, utawa panggonan liyané sing ora éntuk dicedhaki, kaya préntahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”sak tlapak sikil waé ora”.
Utawa ”Wadi Zèrèd”.
Lit.: ”tangané”.
Maksudé, saka Kréta.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Utawa ”Wadi Yabok”.