Pangandharing Torèt 20:1-20

  • Aturan perang (1-20)

    • Sing ora éntuk mèlu perang (5-9)

20  ”Wektu kowé perang nglawan mungsuhmu, terus kowé ndelok jarané, kréta perangé, lan pasukané luwih akèh timbang kowé, aja wedi, merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka tanah Mesir mbantu kowé.+  Wektu kowé arep perang, imam kudu nemoni lan ngomong karo para prajurit.+  Dhèwèké kudu ngomong ngéné, ”Israèl, rungokna. Ora suwé manèh kowé bakal perang nglawan mungsuhmu. Kowé kudu wani. Aja wedi karo wong-wong kuwi,  merga Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mimpin kowé. Dhèwèké sing bakal perang nglawan mungsuhmu lan nylametké kowé.’+  ”Para pemimpin prajurit kudu takon karo para prajurit, ’Apa ana sing bar mbangun omah, ning durung sempat ngenggoni? Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé. Merga nèk dhèwèké mati pas perang, omahé bakal dienggoni wong liya.  Apa ana wong sing lagi nandur wit anggur, ning durung manèn buahé? Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé. Merga nèk dhèwèké mati pas perang, buahé bakal dipangan wong liya.  Apa ana wong sing wis tunangan, ning durung nikah karo wong wédok kuwi? Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé.+ Merga nèk dhèwèké mati pas perang, wong lanang liya bakal nikah karo tunangané mau.’  Para pemimpin prajurit kuwi ya kudu takon karo para prajurit, ’Apa ana sing wedi lan ora wani perang?+ Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé bèn ora nggawé sedulur-seduluré wedi kaya dhèwèké.’+  Sakwisé para pemimpin prajurit rampung ngomong karo para prajurit, para prajurit kuwi kudu milih wong sing bakal mimpin wektu perang. 10  ”Nèk kowé arep nyerang salah siji kutha, kowé kudu ngandhani wong-wong ing kutha kuwi syarat-syaraté bèn ora diserang.+ 11  Nèk wong-wong kuwi gelem nampa syarat-syaraté lan ngéntukké kowé mlebu ing kuthané, wong-wong sing ana ing kutha kuwi bakal dadi budhakmu. Wong-wong kuwi bakal kerja kanggo kowé.+ 12  Ning, nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa syarat-syaraté lan malah péngin perang karo kowé, kutha kuwi kudu dikepung. 13  Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mènèhké wong-wong kuwi ing tanganmu. Kabèh wong lanang sing ana ing kono kudu mbok patèni nganggo pedhang. 14  Ning wong wédok, bocah-bocah, ternak, lan kabèh sing ana ing kutha kuwi, yaiku sing isa dijarah, isa mbok gawa.+ Kowé isa njupuk kabèh hartané mungsuhmu, sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo kowé.+ 15  ”Kuwi sing kudu mbok tindakké marang kutha-kutha sing adoh saka kowé, dudu kutha-kutha sing dadi wilayahé bangsa-bangsa cedhak kéné. 16  Ning, kowé kudu matèni kabèh wong* sing ana ing kutha-kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé.+ 17  Wong Hèt, wong Amori, wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus+ kudu mbok patèni kabèh, kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, 18  bèn wong-wong kuwi ora nggawé kowé mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi wektu ngibadah marang déwa-déwané. Gusti Allahmu jijik karo tumindak kuwi, lan kuwi isa nggawé kowé dosa marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 19  ”Nèk kowé ngepung kutha merga arep ngrebut kutha kuwi, lan kowé wis perang nganti pirang-pirang dina, wit-wit sing ana ing kono aja mbok tegor. Buahé éntuk mbok pangan, ning wité aja mbok tegor.+ Wit kuwi ora perlu mbok serang merga kuwi dudu manungsa. 20  Kowé éntuk negor wit sing ora metu buahé utawa sing buahé ora isa dipangan. Kowé éntuk negor wité, lan kuwi isa mbok gunakké kanggo ngepung kutha sing arep mbok serang nganti kutha kuwi mbok kuwasani.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kabèh sing ambegan”.