Pangandharing Torèt 22:1-30

  • Perduli karo kéwané wong liya (1-4)

  • Wong lanang ora éntuk nganggo klambiné wong wédok, lan sewaliké (5)

  • Mesakké karo kéwan (6, 7)

  • Nggawé pager ing atap (8)

  • Sing ora éntuk dicampur (9-11)

  • Benang-benang sing diplintir ing pinggirané klambi (12)

  • Hukum nèk ana sing diperkosa (13-30)

22  ”Nèk kowé ndelok sapi utawa dombané sedulurmu keblasuk, aja meneng waé.+ Sapi utawa domba kuwi kudu mbok balèkké marang sedulurmu.  Ning, nèk wong kuwi omahé adoh saka omahmu, utawa kowé ora kenal karo sing nduwé, kéwan kuwi kudu mbok gawa bali menyang omahmu nganti sing nduwé nggolèki. Terus, kéwan kuwi kudu mbok balèkké marang sing nduwé.+  Kuwi sing kudu mbok tindakké nèk kowé nemokké keledai, klambi, lan kabèh duwèké sedulurmu sing ilang. Kowé aja meneng waé.  ”Nèk kowé ndelok sapi utawa keledainé sedulurmu tiba ing dalan, kowé aja meneng waé. Kowé kudu mbantu kéwan kuwi ngadeg manèh.+  ”Wong wédok ora éntuk nganggo klambiné wong lanang, lan wong lanang ya ora éntuk nganggo klambiné wong wédok. Yéhuwah Gusti Allahmu jijik banget karo wong sing kaya ngono.  ”Wektu kowé mlaku ing dalan, terus kowé ndelok susuh manuk sing ana anak manuk utawa endhogé, embuh kuwi ing wit utawa ing lemah, lan emboké manuk ana ing ndhuwuré anak-anaké utawa endhogé, manuk kuwi aja mbok jupuk sak anaké.+  Ning emboké kudu mbok eculké, bar kuwi anak-anaké éntuk mbok jupuk. Kuwi kudu mbok tindakké bèn uripmu pénak lan dawa umurmu.  ”Nèk kowé mbangun omah anyar, kowé kudu nggawé pager ing atap omah kuwi,+ bèn kowé lan keluargamu ora dianggep salah* nèk ana sing tiba saka atap kuwi.  ”Ing kebon anggurmu, aja nandur benih liyané+ sing ngasilké panènan bareng karo tanduran anggur. Nèk kuwi mbok tindakké, kabèh hasil saka kebon kuwi kudu diwènèhké ing tabernakel. 10  ”Aja nggunakké sapi bareng-bareng karo keledai kanggo mbajak.+ 11  ”Aja nganggo klambi sing digawé saka benang wol sing dicampur karo benang linèn.+ 12  ”Pinggirané klambimu bagéan ngisor kudu mbok wènèhi benang-benang sing diplintir.+ 13  ”Nèk ana wong lanang sing nikah karo wong wédok lan nindakké hubungan sèks karo dhèwèké, ning akhiré sengit karo wong wédok kuwi,* 14  terus wong lanang mau nudhuh nèk bojoné wis tumindak ora bener lan nggawé èlèk jenengé wong wédok kuwi lan kandha, ’Aku wis nikah karo wong wédok iki, lan aku wis nindakké hubungan sèks karo dhèwèké, ning jebulé dhèwèké wis ora prawan,’ 15  bapak lan ibuné wong wédok mau kudu nduduhké bukti marang para pemimpin* ing gerbang kutha nèk anaké isih prawan. 16  Bapaké wong wédok kuwi kudu kandha karo para pemimpin mau, ’Aku wis ngéntukké anakku nikah karo wong lanang kuwi, tapi wong lanang kuwi sengit karo anakku.* 17  Terus, dhèwèké nudhuh anakku tumindak sing ora bener lan kandha, ”Jebulé anakmu wis ora prawan.” Iki buktiné nèk anakku isih prawan.’ Terus, wong tuwané wong wédok kuwi kudu nduduhké kain sing dadi buktiné ing ngarepé para pemimpin kutha kuwi. 18  Para pemimpin+ mau kudu nggawa lan nggebugi wong lanang kuwi.+ 19  Wong lanang kuwi kudu didenda 100 syèkel* pérak, terus kuwi kudu diwènèhké marang bapaké wong wédok kuwi, merga wong lanang mau wis ngèlèk-èlèk wong wédok Israèl sing isih prawan.+ Wong wédok kuwi bakal terus dadi bojoné. Nganti kapan waé, wong lanang kuwi ora éntuk megat bojoné. 20  ”Tapi, nèk tudhuhané mau bener lan ora ana bukti nèk wong wédok kuwi isih prawan, 21  para pemimpin kuwi kudu nggawa wong wédok mau ing ngarepé omahé bapaké. Wong-wong lanang sing ana ing kutha kuwi kudu mbandhemi* wong wédok kuwi nganggo watu nganti mati, merga wong wédok kuwi nggawé èlèk+ jenengé Israèl. Dhèwèké nindakké hubungan sèks sing ora pantes* wektu dhèwèké isih manggon ing omahé bapaké.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.+ 22  ”Nèk ana wong lanang sing konangan lagi nindakké hubungan sèks karo bojoné wong liya, loro-loroné kudu dipatèni, yaiku wong lanang lan wong wédok sing nindakké hubungan sèks kuwi.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka Israèl. 23  ”Nèk ana wong wédok sing isih prawan lan wis tunangan, terus ana wong lanang ketemu wong wédok kuwi ing kutha lan ngejak wong wédok kuwi nindakké hubungan sèks, 24  wong loro kuwi kudu mbok gawa metu saka gerbang kutha lan kudu mbok bandhemi* watu nganti mati. Wong wédok kuwi kudu dipatèni merga ing kutha kuwi dhèwèké ora bengok-bengok njaluk tulung. Wong lanang kuwi kudu dipatèni merga wis nggawé isin bojoné* wong liya.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu. 25  ”Ning, nèk wong lanang mau ketemu karo wong wédok sing wis tunangan kuwi ing njaba kutha lan memperkosa wong wédok kuwi, wong lanang mau kudu dipatèni. 26  Tapi, wong wédok kuwi aja diapak-apakké merga dhèwèké ora nggawé dosa lan ora pantes mati. Kuwi kasusé padha kaya wong lanang sing nyerang wong liya nganti mati.+ 27  Wong lanang kuwi ketemu karo wong wédok mau ing njaba kutha, lan wong wédok kuwi wis bengok-bengok, tapi ora ana sing nulungi. 28  ”Nèk ana wong lanang ketemu karo wong wédok sing isih prawan lan durung tunangan, terus wong lanang kuwi meksa* wong wédok mau nindakké hubungan sèks karo dhèwèké, lan akhiré konangan,+ 29  wong lanang sing ngejak wong wédok mau nindakké hubungan sèks kudu mènèhi 50 syèkel pérak marang bapaké wong wédok kuwi,+ lan wong wédok kuwi bakal dadi bojoné. Nganti kapan waé, wong lanang mau ora éntuk megat wong wédok kuwi merga dhèwèké wis nggawé isin wong wédok kuwi. 30  ”Ora ana sing éntuk nikah karo bojoné bapaké, bèn ora nggawé isin bapaké.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”dianggep salah merga ngutahké getih”.
Utawa ”nolak wong wédok kuwi”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”wong lanang kuwi nolak anakku”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”nindakké pelacuran”.
Utawa ”balangi”.
Utawa ”tunangané”.
Utawa ”ngejak”.