Pangandharing Torèt 24:1-22

  • Nikah lan pegatan (1-5)

  • Perduli karo nyawané wong liya (6-9)

  • Kudu mesakké karo wong sing mlarat (10-18)

  • Wektu manèn, kudu ana sing diturahké (19-22)

24  ”Nèk ana wong lanang sing nikah, terus akhiré ora seneng manèh karo bojoné merga tumindaké bojoné ora pantes, wong lanang kuwi kudu nulis surat cerai,+ terus mènèhké surat cerai kuwi marang bojoné lan ngongkon bojoné lunga saka omahé.+  Sakwisé wong wédok kuwi lunga saka omahé wong lanang mau, dhèwèké isa nikah karo wong lanang liya.+  Nèk wong lanang sing nikah karo wong wédok mau sengit karo wong wédok kuwi, terus nulis surat cerai lan diwènèhké marang wong wédok kuwi lan ngongkon wong wédok kuwi lunga saka omahé, utawa nèk wong lanang kuwi mati,  bojoné sing pertama mau ora éntuk nikah manèh karo wong wédok kuwi, merga wong wédok kuwi najis, lan Yéhuwah jijik karo tumindak sing kaya ngono. Kowé aja nggawé dosa ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé.  ”Wong lanang sing lagi waé nikah ora éntuk lunga perang utawa diwènèhi tugas liya. Wong lanang kuwi kudu dibébaské saka tugas-tugasé setaun suwéné. Dhèwèké kudu manggon ing omahé lan nggawé seneng bojoné.+  ”Aja njupuk gilingan* utawa bagéan ndhuwuré gilingan kanggo jaminan utang,+ merga kuwi padha waé njupuk sumber penghasilané wong liya.  ”Nèk ana wong sing konangan nyulik wong liya sing padha-padha wong Israèl, terus nindhes lan ngedol wong mau,+ wong sing nyulik kuwi kudu dipatèni.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.+  ”Nèk ana wabah kusta,* kowé kudu nggatèkké petunjuké para imam Lèwi.+ Kowé kudu manut karo kabèh sing tak préntahké marang wong-wong kuwi.  Kowé kudu éling karo sing ditindakké Yéhuwah marang Miriam wektu ing perjalanan metu saka Mesir.+ 10  ”Nèk ana sing utang karo kowé,+ aja mlebu ing omahé kanggo njupuk apa sing didadèkké jaminan utangé. 11  Kowé kudu ngentèni ing njaba nganti wong sing utang metu kanggo mènèhké apa sing didadèkké jaminan kuwi marang kowé. 12  Ning, nèk sing utang kuwi wong mlarat, klambi sing dadi jaminan kuwi aja mbok simpen nganti sésuké.+ 13  Klambi kuwi kudu mbok balèkké wektu matahari terbenam bèn dhèwèké isa turu nganggo klambi kuwi.+ Dhèwèké bakal njaluk karo Gusti Allah bèn mberkahi kowé, lan kowé bakal dianggep bener karo Yéhuwah Gusti Allahmu. 14  ”Aja curang wektu mbayar buruhmu sing lagi susah lan mlarat, embuh kuwi sedulurmu utawa wong asing sing ana ing tanahmu, ing kutha-kuthamu.*+ 15  Upahé kudu mbok bayar dina kuwi,+ sakdurungé matahari terbenam, merga dhèwèké mlarat lan uripé bergantung karo upahé. Nèk ora mbok bayar, dhèwèké bakal sambat soal kowé marang Yéhuwah, lan kowé bakal dianggep dosa.+ 16  ”Bapak aja nganti dipatèni merga kesalahané anaké. Anak ya aja nganti dipatèni merga kesalahané bapaké.+ Wong kudu dipatèni merga kesalahané dhéwé.+ 17  ”Aja nganti kowé ora adil marang wong asing utawa anak yatim.*+ Kowé ya aja nganti njupuk klambiné randha kanggo jaminan utang.+ 18  Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé dadi budhak ing Mesir, lan Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé saka kono.+ Kuwi sebabé iki tak préntahké marang kowé. 19  ”Nèk kowé lagi panèn ing ladhang lan ana panènan sing ketinggalan, aja bali mrono kanggo njupuk manèh panènan kuwi. Bèn waé kuwi kanggo wong asing, anak yatim, lan randha,+ supaya Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi kabèh sing mbok tindakké.+ 20  ”Nèk kowé wis njupuk* buah zaitun saka wité, buah sing isih ana ing cabang-cabangé aja mbok jupuki manèh. Kuwi kudu mbok turahké kanggo wong asing, anak yatim, lan randha.+ 21  ”Nèk kowé ngumpulké anggur ing kebon anggurmu, aja bali mrono manèh kanggo njupuk panènan sing isih ana ing kebon anggur kuwi. Kuwi kudu mbok turahké kanggo wong asing, anak yatim, lan randha. 22  Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé dadi budhak ing Mesir. Kuwi sebabé iki tak préntahké marang kowé.

Katrangan Tambahan

Gilingan cilik sing dicekel nganggo tangan. Deloken ”Watu Gilingan” ing Daftar Istilah.
Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”kusta” ana akèh artiné lan isa termasuk jenis-jenis penyakit kulit sing nular. Kuwi ya termasuk jamur sing ana ing klambi lan omah.
Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.
Utawa ”yatim piatu”.
Carané yaiku nggebugi cabang-cabangé wit zaitun.