Pangandharing Torèt 27:1-26

  • Hukum kudu ditulis ing watu (1-10)

  • Ing Gunung Ébal lan Gunung Gérizim (11-14)

  • Ngucapké kutuk (15-26)

27  Terus, Musa karo para pemimpiné* Israèl mènèhi préntah marang bangsa kuwi, ”Kowé kudu manut karo préntah sing tak omongké marang kowé dina iki.  Sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan lan tekan ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, kowé kudu ngedegké watu-watu gedhé, terus kuwi kudu mbok lapisi semèn.*+  Wektu kowé wis nyabrang, kowé kudu nulis Hukum iki ing watu-watu kuwi bèn kowé isa mlebu ing tanah sing diwènèké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, tanah sing akèh susu lan maduné, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé.+  Nèk kowé wis nyabrang Kali Yordan, kowé kudu ngedegké watu-watu kuwi ing Gunung Ébal,+ terus kuwi kudu mbok lapisi semèn,* kaya sing tak préntahké marang kowé dina iki.  Ing kono, kowé ya kudu nggawé mézbah saka watu kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Aja nganggo alat-alat saka wesi wektu nggawé mézbah kuwi.+  Kowé kudu nggawé mézbah kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu saka watu-watu sing wutuh, lan kowé kudu mènèhké persembahan bakaran kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu ing ndhuwuré mézbah kuwi.  Kowé kudu mènèhké korban kerukunan,+ lan kuwi kudu mbok pangan ing kono.+ Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu.+  Kabèh isiné Hukum iki kudu mbok tulis sing jelas ing watu-watu kuwi.”+  Terus, Musa lan para imam Lèwi ngomong karo kabèh wong Israèl, ”Wong Israèl, gatèkna lan rungokna. Dina iki, kowé wis dadi umaté Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 10  Kowé kudu ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu, lan nindakké préntah+ lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki.” 11  Dina kuwi, Musa mènèhi préntah marang bangsa kuwi, 12  ”Sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan, suku-suku sing bakal ngadeg ing Gunung Gérizim+ kanggo mberkahi bangsa iki yaiku suku Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakhar, Yusuf, lan Bènyamin. 13  Suku-suku sing bakal ngadeg ing Gunung Ébal+ kanggo ngucapké kutukan yaiku suku Rubèn, Gad, Asyèr, Zébulon, Dan, lan Naftali. 14  Wong Lèwi kudu ngomong marang kabèh wong Israèl nganggo swara sing banter:+ 15  ”’Wong sing nggawé patung+ utawa patung logam*+ lan ndhelikké patung-patung kuwi bakal dikutuk. Yéhuwah jijik karo hasil gawéané tukang sing nggawé barang-barang* kuwi.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)* 16  ”’Wong sing ngrendhahké bapaké utawa ibuné bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 17  ”’Wong sing mindhah batas tanahé wong liya bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 18  ”’Wong sing nyebabké wong wuta keblasuk bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 19  ”’Wong sing nggawé keputusan+ sing ora adil kanggo wong asing, anak yatim,* lan randha bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 20  ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo bojoné bapaké bakal dikutuk, merga wong kuwi wis nggawé isin bapaké.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 21  ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo kéwan bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 22  ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo mbakyuné utawa adhiné wédok, embuh kuwi anaké bapaké utawa ibuné, bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 23  ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo ibu maratuwané bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 24  ”’Wong sing nggolèk kesempatan kanggo nyerang lan matèni wong liya bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 25  ”’Wong sing gelem nampa bayaran kanggo matèni wong sing ora salah bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’) 26  ”’Wong sing ora nindakké Hukum iki bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa ”mbok lapisi nganggo kapur”.
Utawa ”mbok lapisi nganggo kapur”.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Utawa ”pengrajin kayu lan logam”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Utawa ”yatim piatu”.