Pangandharing Torèt 28:1-68

  • Berkah kanggo sing manut (1-14)

  • Kutuk kanggo sing ora manut (15-68)

28  ”Nèk kowé tenanan ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan tenanan nindakké kabèh préntahé sing tak omongké marang kowé dina iki, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé kowé luwih unggul timbang kabèh bangsa liya ing bumi.+  Nèk kowé ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu, kowé bakal nampa berkah sing akèh iki:+  ”Kowé bakal diberkahi wektu kowé ana ing kutha lan wektu kowé ana ing ladhang.+  ”Anak-anakmu bakal diberkahi.+ Hasil ladhangmu, anak-anaké ternakmu, anaké sapimu, lan anaké dombamu ya bakal diberkahi.+  ”Kranjangmu+ lan wadhah adonanmu+ bakal diberkahi.  ”Kabèh sing mbok tindakké bakal diberkahi.  ”Yéhuwah bakal nggawé mungsuh sing nglawan kowé kalah ing ngarepmu.+ Mungsuhmu bakal nyerang kowé bareng-bareng, ning wong-wong kuwi bakal mlayu kocar-kacir saka ngarepmu.+  Yéhuwah bakal ngebaki gudhang-gudhangmu+ lan mberkahi kabèh usahamu, lan Dhèwèké mesthi bakal mberkahi kowé ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.  Yéhuwah bakal ndadèkké kowé umaté sing suci,+ kaya janjiné marang kowé,+ merga kowé terus manut lan nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.* 10  Kabèh bangsa ing bumi bakal ngerti nèk kowé disebut nganggo jenengé Yéhuwah,+ lan bangsa-bangsa kuwi bakal wedi karo kowé.+ 11  ”Yéhuwah bakal mènèhi kowé akèh keturunan, ternak, lan hasil tanah+ ing tanah sing diwènèhké marang kowé, kaya janjiné Yéhuwah marang nènèk moyangmu.+ 12  Yéhuwah bakal mbukak gudhangé sing kebak, yaiku langit, bèn ing tanahmu ana udan pas musimé.+ Kabèh sing mbok tindakké bakal diberkahi. Akèh bangsa bakal utang marang kowé, ning kowé dhéwé ora bakal utang marang sapa-sapa.+ 13  Nèk kowé terus manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé dina iki, Yéhuwah bakal nggawé kowé luwih unggul timbang bangsa liya,+ lan bangsa liya ora bakal nguwasani kowé. Kowé bakal luwih hébat timbang liyané, lan kowé ora bakal direndhahké. 14  Aja nganti kowé ora manut karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki,+ lan aja nyembah allah-allah liya.+ 15  ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+ 16  ”Kowé bakal dikutuk wektu kowé ana ing kutha lan wektu kowé ana ing ladhang.+ 17  ”Kranjangmu+ lan wadhah adonanmu+ bakal dikutuk. 18  ”Anak-anakmu bakal dikutuk.+ Hasil ladhangmu, anak-anaké ternakmu, anaké sapimu, lan anaké dombamu+ ya bakal dikutuk. 19  ”Kabèh sing mbok tindakké bakal dikutuk. 20  ”Yéhuwah bakal ngutuk kabèh sing mbok usahakké. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwatir lan bakal ngukum kowé nganti kowé dipatèni lan disingkirké, merga kowé wis nindakké sing jahat lan ninggalké Dhèwèké.*+ 21  Yéhuwah bakal nggawé kowé kena penyakit sing parah nganti Dhèwèké nyingkirké kowé saka tanah sing bakal mbok rebut.+ 22  Yéhuwah bakal ngukum kowé nganggo tuberkulosis, demam sing parah,+ radang, panas tinggi, pedhang,+ angin panas, lan hama tanduran.+ Kowé bakal kena kabèh wabah iki nganti kowé mati. 23  Dhèwèké bakal nutup langit bèn ora ana udan lan bakal nggawé lemah dadi gersang.*+ 24  Yéhuwah bakal nggawé udan pasir lan debu saka langit nganti kowé disingkirké. 25  Yéhuwah bakal nggawé kowé dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal nyerang mungsuhmu bareng-bareng, ning kowé bakal mlayu kocar-kacir saka ngarepé wong-wong kuwi. Kabèh kerajaan ing bumi bakal wedi+ wektu ndelok kesusahan sing mbok alami. 26  Mayatmu bakal dipangan manuk ing langit lan kéwan ing darat, lan ora ana sing isa nggusah kéwan-kéwan kuwi.+ 27  ”Yéhuwah bakal ngukum kowé nganggo bisul sing nyerang wong Mesir, ambèien, èksim, lan lara gatel, sing ora isa ditambani. 28  Yéhuwah bakal nggawé kowé édan, wuta,+ lan bingung. 29  Pas awan, kowé bakal mlaku grayah-grayah,* kaya wong wuta sing mlaku grayah-grayah ing petengan.+ Kabèh sing mbok tindakké ora bakal berhasil. Kowé bakal terus diapusi lan dirampok, lan ora bakal ana sing nulungi kowé.+ 30  Kowé bakal tunangan karo wong wédok, ning dhèwèké bakal diperkosa wong lanang liya. Kowé bakal mbangun omah, ning kowé ora bakal manggon ing kono.+ Kowé bakal nandur anggur, ning kowé ora bakal mangan hasilé.+ 31  Sapimu bakal dibelèh ing ngarepmu, ning kowé ora bakal mangan dagingé. Keledaimu bakal dicolong ing ngarepmu, lan kuwi ora bakal dibalèkké. Dombamu bakal dijupuk mungsuhmu, lan ora bakal ana sing nulungi kowé. 32  Anakmu lanang lan wédok bakal dijupuk wong liya+ ing ngarepmu lan kowé bakal kangen karo anak-anakmu, ning kowé ora isa ngapa-ngapa. 33  Hasil panèn lan hasil kerja kerasmu bakal dipangan wong liya sing ora mbok kenal.+ Kowé bakal terus diapusi lan ditindhes. 34  Kowé bakal dadi édan merga apa sing mbok delok. 35  ”Yéhuwah bakal ngukum kowé nganggo bisul sing lara banget lan ora isa ditambani ing dhengkul lan sikilmu, saka tlapak sikilmu tekan sirahmu. 36  Kowé lan raja sing mbok pilih bakal diusir Yéhuwah menyang bangsa sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ Ing kana, kowé bakal nyembah allah-allah liya, sing digawé saka kayu lan watu.+ 37  Wektu Yéhuwah ngusir kowé mrana, wong-wong bakal wedi merga ndelok apa sing mbok alami. Wong-wong kuwi bakal ngrendhahké lan ngécé kowé.+ 38  ”Kowé bakal nyebar benih akèh ing ladhang, ning hasil panèn sing mbok kumpulké mung sithik,+ merga kabèh entèk dipangan walang. 39  Kowé bakal nandur lan ngurus kebon anggur, ning kowé ora bakal manèn utawa ngombé anggur,+ merga kabèh entèk dipangan uler. 40  Kowé bakal nduwé wit zaitun ing kabèh wilayahmu, ning kowé ora bakal ngolèsi awakmu nganggo minyaké, merga buahé bakal rontok kabèh. 41  Kowé bakal nduwé anak lanang lan wédok, ning anak-anakmu ora bakal terus dadi duwèkmu, merga anak-anakmu bakal dadi tawanan.+ 42  Grombolan walang bakal ngrusak kabèh witmu lan hasil tanahmu. 43  Wong asing sing manggon ing antaramu bakal nduwé kuwasa sing saya gedhé, ning saya suwé kuwasamu bakal saya ilang. 44  Kowé bakal utang marang wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora bakal utang marang kowé.+ Wong-wong kuwi bakal luwih unggul timbang kowé, lan kowé bakal dikuwasani wong-wong kuwi.+ 45  ”Kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki+ nganti kowé kabèh disingkirké,+ merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing diwènèhké marang kowé.+ 46  Kowé lan keturunanmu bakal terus ngalami kuwi kabèh, bèn kuwi dadi tandha lan pangéling-éling nganti saklawasé,+ 47  merga pas kowé nampa akèh berkah, kowé ora ngrasa seneng wektu ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 48  Yéhuwah bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé, lan kowé bakal dadi budhaké+ wektu kowé ngelih,*+ ngelak, ora nganggo klambi, lan ora nduwé apa-apa. Mungsuhmu bakal kejem banget nindhes kowé nganti kowé disingkirké. 49  ”Yéhuwah bakal nggawé bangsa+ sing adoh banget saka pucuké bumi nyerang kowé. Bangsa kuwi, yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni,+ bakal dadi kaya manuk elang+ sing nyerang mangsané. 50  Bangsa kuwi kejem, ora perduli karo wong sing wis tuwa, lan ora mesakké karo sing enom.+ 51  Bangsa kuwi bakal mangan ternakmu lan hasil tanahmu nganti kowé disingkirké. Ora ana biji-bijian, anggur anyar, minyak, anak sapi, utawa anak domba sing diturahké wong-wong kuwi kanggo kowé nganti wong-wong kuwi nyingkirké kowé.+ 52  Wong-wong kuwi bakal ngepung lan ngurung kowé ing njeroné kutha-kutha* sing ana ing tanahmu nganti témbok-témbok dhuwur lan kuwat sing mbok andalké kuwi ambruk. Wong-wong kuwi bakal ngepung kowé ing kutha-kuthamu sing ana ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 53  Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, kowé dadi susah banget nganti kudu mangan anak-anakmu dhéwé,+ dagingé anakmu lanang lan wédok, yaiku anak-anak sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. 54  ”Malah, wong lanang sing paling lembut lan biasa urip pénak ora bakal mesakké karo seduluré, bojoné sing ditresnani, utawa anak-anaké sing isih ana. 55  Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, dhèwèké bakal susah banget lan ora nduwé apa-apa manèh, mula dhèwèké bakal mangan dagingé anaké dhéwé, lan daging kuwi ora bakal dibagi karo sing liyané.+ 56  Wong wédok sing paling lembut lan biasa urip pénak, sing ora péngin sikilé kena lemah merga saking manjané,+ ora bakal mesakké karo bojoné sing ditresnani utawa karo anaké lanang utawa wédok. 57  Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, dhèwèké bakal susah banget nganti meneng-meneng mangan anaké sing dilairké lan ari-ari sing metu saka wetengé, lan kuwi ora bakal dibagi karo liyané. 58  ”Nèk kowé ora tenanan nindakké kabèh Hukum sing ditulis ing buku+ iki lan ora ngajèni jenengé+ Yéhuwah+ Gusti Allahmu sing mulya lan luar biasa, 59  Yéhuwah bakal nggawé kowé lan keturunanmu kena bencana, yaiku bencana sing hébat lan ora ana entèké, lan penyakit+ sing nggawé susah lan ora isa mari. 60  Dhèwèké bakal mènèhi kowé penyakit sing mbiyèn mbok wedèni, yaiku penyakit ing Mesir, lan kowé ora bakal mari saka penyakit-penyakit kuwi. 61  Yéhuwah ya bakal mènèhi kowé penyakit utawa bencana sing ora ana ing buku Hukum iki nganti kowé disingkirké. 62  Senajan jumlahmu akèh banget kaya bintang ing langit,+ ning mung sithik sing isa slamet,+ merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu. 63  ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni. 64  ”Yéhuwah bakal nggawé kowé mencar-mencar ing antarané kabèh bangsa, saka pucuké bumi tekan pucuké bumi,+ lan ing kana kowé bakal nyembah allah-allah saka kayu lan watu, yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ 65  Kowé ora bakal urip ayem ing antarané bangsa-bangsa+ kuwi, lan kowé ora bakal nduwé panggonan ing kana. Yéhuwah bakal nggawé atimu kuwatir+ lan mripatmu ora isa ndelok jelas manèh, lan kowé ya bakal putus asa.+ 66  Uripmu bakal terus terancam bahaya, lan kowé bakal ngrasa wedi awan lan bengi. Kowé ora yakin nèk kowé bakal slamet. 67  Pas ésuk kowé bakal kandha, ’Mbok ndang bengi,’ lan pas bengi kowé bakal kandha, ’Mbok ndang ésuk.’ Kuwi merga atimu wedi lan merga apa sing bakal mbok delok. 68  Yéhuwah mesthi bakal nggawa kowé bali menyang Mesir nganggo kapal, padahal aku wis tau kandha karo kowé nèk kowé ora bakal bali mrana manèh. Ing kana, kowé bakal ngedol awakmu bèn dadi budhaké mungsuhmu, ning ora bakal ana sing tuku.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”mlaku ing dalan-dalané”.
Lit.: ”Aku”.
Lit.: ”Langit bakal dadi tembaga lan lemah bakal dadi wesi”.
Utawa ”mlaku karo meraba-raba”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”gerbang-gerbang”.