Pangandharing Torèt 29:1-29

  • Perjanjian karo Israèl ing Moab (1-13)

  • Aja nganti ora manut (14-29)

    • Sing rahasia lan sing diduduhké (29)

29  Sakliyané nggawé perjanjian karo wong Israèl ing Horèb,+ Yéhuwah ya ngongkon Musa nggawé perjanjian liyané karo wong Israèl ing tanah Moab lan nyampèkké isi perjanjian kuwi marang wong Israèl.  Terus, Musa ngundang* kabèh wong Israèl lan kandha, ”Ing Mesir, kowé wis ndelok kabèh sing ditindakké Yéhuwah marang Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh dhaérah ing Mesir.+  Kowé wis ndelok dhéwé hukuman sing abot, yaiku mukjijat-mukjijat sing luar biasa.+  Ning, nganti saiki Yéhuwah durung mènèhi kowé kemampuan bèn isa ngerti,* mripat bèn isa ndelok, lan kuping bèn isa ngrungokké.+  ’Wektu Aku 40 taun nuntun kowé ing padhang belantara,+ klambi lan sandhalmu ora rusak.+  Kowé ora mangan roti lan ora ngombé anggur utawa minuman keras liyané, bèn kowé ngerti nèk Aku Yéhuwah Gusti Allahmu.’  Akhiré kowé tekan kéné, terus Sihon raja Hésbon+ lan Og raja Basyan+ maju perang nglawan awaké dhéwé, tapi awaké dhéwé ngalahké wong-wong kuwi.+  Bar kuwi, awaké dhéwé ngrebut tanahé wong-wong kuwi lan mènèhké tanah kuwi dadi warisan kanggo suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.+  Kowé kudu manut lan nindakké perjanjian iki bèn kabèh sing mbok tindakké berhasil.+ 10  ”Dina iki, kowé kabèh ngadeg ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, yaiku para kepala suku, para pemimpin,* para pemimpin pasukan, kabèh wong lanang ing Israèl, 11  anak-anakmu, bojomu,+ lan wong asing sing ana ing perkémahanmu,+ saka sing ngumpulké kayu nganti sing nimba banyu kanggo kowé. 12  Saiki, kowé ana ing kéné bèn isa setuju karo perjanjian lan sumpahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing digawé Yéhuwah Gusti Allahmu karo kowé dina iki.+ 13  Kowé bakal dadi umaté, lan Dhèwèké+ bakal dadi Gusti Allahmu,+ kaya janjiné marang kowé lan kaya sumpahé marang nènèk moyangmu, yaiku Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+ 14  ”Perjanjian lan sumpah iki ora mung tak gawé* karo kowé thok, 15  ning ya karo wong-wong sing ngadeg bareng awaké dhéwé dina iki ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé lan karo keturunané awaké dhéwé sukmbèn.* 16  (Kowé kan ngerti nèk mbiyèn awaké dhéwé manggon ing Mesir lan mlaku ngliwati akèh bangsa.+ 17  Gusti Allah jijik karo barang-barang sing mbok delok, yaiku barang-barang duwèké bangsa-bangsa kuwi lan patung-patungé sing njijiki,*+ sing digawé saka kayu, watu, pérak, lan emas.) 18  Ati-ati karo wong lanang, wong wédok, keluarga, utawa suku sing ana ing antaramu sing atiné adoh saka Yéhuwah Gusti Allahmu lan sing nyembah allahé bangsa-bangsa kuwi.+ Wong-wong kuwi kaya akar tanduran sing pait lan beracun.+ 19  ”Nèk ana wong sing krungu sumpah iki, terus dhèwèké dadi sombong lan mbatin, ’Aku ora bakal kena apa-apa senajan aku tumindak sak karepku dhéwé,’ dhèwèké bakal nggawé cilaka wong-wong sing ana ing sekitaré. 20  Yéhuwah ora bakal gelem ngapura wong kuwi.+ Yéhuwah bakal nesu banget karo wong kuwi, lan wong kuwi bakal kena kabèh kutukan sing ditulis ing buku iki.+ Jenengé mesthi bakal dihapus Yéhuwah saka bumi iki. 21  Yéhuwah mesthi bakal misahké wong kuwi saka kabèh suku Israèl lan nggawé wong kuwi ngalami kesusahan, sesuai karo kabèh kutukan ing perjanjian sing ditulis ing buku Hukum iki. 22  ”Wong asing saka panggonan sing adoh lan keturunané anak-anakmu bakal ndelok bencana saka Yéhuwah sing dialami tanah iki. 23  Gusti Allah bakal ngukum nganggo belérang, uyah, lan geni. Mula, tanah kuwi ora bakal isa ditanduri apa-apa, kaya kutha Sodom, Gomora,+ Adma, lan Zéboyim,+ sing disingkirké merga Yéhuwah nesu banget. 24  Wong-wong kuwi lan kabèh bangsa bakal takon, ’Ngapa Yéhuwah tumindak kaya ngono marang tanah iki?+ Ngapa kok Dhèwèké nesu banget?’ 25  Terus wong-wong bakal njawab, ’Merga wong-wong kuwi wis nglanggar perjanjiané Yéhuwah,+ Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi. Perjanjian kuwi digawé wektu Gusti Allah nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ 26  Ning, wong-wong kuwi nyembah lan sujud marang allah-allah liya, yaiku allah-allah sing ora dikenal wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi sujud marang allah-allah kuwi senajan wis dilarang Gusti Allah.+ 27  Mula, Yéhuwah nesu banget marang wong-wong ing tanah kuwi, terus nggawé tanah kuwi kena kabèh kutukan sing ditulis ing buku kuwi.+ 28  Kuwi sebabé wong-wong kuwi dicabut Yéhuwah saka tanahé merga Dhèwèké nesu banget+ lan dibuwang menyang tanah liya, yaiku sing saiki dienggoni wong-wong kuwi.’+ 29  ”Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé ngerti kabèh rahasia,+ ning Gusti Allah mung ngandhani sing péngin diduduhké marang awaké dhéwé lan keturunané awaké dhéwé nganti sakterusé, bèn awaké dhéwé manut karo kabèh Hukum iki.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”ati bèn isa ngerti”.
Utawa ”para sesepuh”.
Maksudé, Yéhuwah nggawé perjanjian iki liwat Musa.
Lit.: ”lan karo wong-wong sing ora ana ing kéné dina iki”.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.