Pangandharing Torèt 31:1-30

  • Musa wis arep mati (1-8)

  • Préntah kanggo macakké Hukum ing ngarepé wong Israèl (9-13)

  • Yosua dipilih (14, 15)

  • Ramalan nèk Israèl bakal mbrontak (16-30)

    • Mulang wong Israèl liwat lagu (19, 22, 30)

31  Terus, Musa ngadeg ing ngarepé wong Israèl lan nyampèkké omongan iki,  ”Saiki umurku wis 120 taun.+ Aku wis ora isa mimpin kowé* manèh, merga Yéhuwah kandha karo aku, ’Kowé ora bakal nyabrang Kali Yordan.’+  Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mimpin kowé nyabrang kali kuwi. Dhèwèké bakal nyingkirké bangsa-bangsa iki saka ngarepmu, lan bangsa-bangsa iki bakal mbok usir.+ Kaya sing diomongké Yéhuwah, Yosua sing bakal mimpin kowé nyabrang kali iki.+  Yéhuwah bakal nyingkirké bangsa-bangsa kuwi lan ngremuk negarané, kaya Dhèwèké nyingkirké+ Sihon+ lan Og,+ raja-rajané wong Amori.  Yéhuwah bakal nggawé kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan sing mbok tindakké marang wong-wong kuwi kudu sesuai karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé.+  Kowé kudu kendel lan kuwat.+ Aja wedi karo bangsa-bangsa kuwi,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing mimpin kowé. Dhèwèké mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.”+  Terus, Musa ngundang* Yosua lan ngomong karo dhèwèké ing ngarepé kabèh wong Israèl, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing diwènèhké Yéhuwah marang bangsa iki, kaya janjiné marang nènèk moyangé bangsa iki. Tanah kuwi bakal mbok wènèhké bèn dadi warisan kanggo bangsa iki.+  Yéhuwah sing bakal mimpin kowé lan ndhukung kowé.+ Dhèwèké mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé. Aja wedi.”+  Terus Musa nulis Hukum iki,+ lan kuwi diwènèhké marang para imam Lèwi sing nggawa Pethi Perjanjiané Yéhuwah lan marang para pemimpiné* Israèl. 10  Musa mènèhi wong-wong kuwi préntah, ”Saben akhir pitung taun, ing wektu sing ditentokké pas taun pembébasan,+ wektu Perayaan Pondok,+ 11  wektu kabèh wong Israèl ngadhep Yéhuwah+ Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Gusti Allah, Hukum iki kudu mbok wacakké ing ngarepé kabèh wong Israèl.+ 12  Kowé kudu ngumpulké bangsa iki,+ yaiku wong lanang, wong wédok, bocah-bocah, lan wong asing sing manggon ing kutha-kuthamu, bèn wong-wong kuwi isa ngrungokké Hukum iki lan bèn wong-wong kuwi isa sinau soal Yéhuwah Gusti Allahmu, wedi karo Dhèwèké, lan tenanan nindakké Hukum iki. 13  Kabèh bocah-bocah sing durung ngerti Hukum iki bakal ngrungokké+ lan wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu saksuwéné kowé manggon ing tanah sing bakal mbok duwèni sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan.”+ 14  Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Sedhéla manèh kowé bakal mati.+ Kowé kudu ngundang* Yosua lan lunga menyang* kémah pertemuan, bèn dhèwèké isa Tak lantik dadi pemimpin.”+ Mula, Musa lan Yosua lunga menyang kémah pertemuan. 15  Yéhuwah ana ing tugu méga, lan tugu méga mau ana ing lawangé kémah kuwi.+ 16  Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ora suwé manèh kowé bakal mati, lan bangsa iki bakal ora setya karo aku lan bakal nyembah allah-allah liya sing ana ing tanah sing bakal ditekani wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi bakal ninggalké Aku+ lan nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo wong-wong kuwi.+ 17  Wektu kuwi, Aku bakal nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Aku bakal ninggalké+ lan ora bakal mbantu wong-wong kuwi*+ nganti wong-wong kuwi disingkirké. Terus, sakwisé ngalami susah lan sengsara,+ wong-wong kuwi bakal kandha, ’Awaké dhéwé susah kaya ngéné merga Gusti Allah ninggalké awaké dhéwé.’+ 18  Tapi, ing dina kuwi Aku tetep ora bakal mbantu wong-wong kuwi merga kejahatané wong-wong kuwi, yaiku nyembah allah-allah liya.+ 19  ”Saiki, kowé kudu nulis lagu iki,+ terus kowé kudu ngajari wong Israèl nyanyi lagu iki.+ Kowé kudu ngongkon wong Israèl ngapalké lagu iki bèn lagu iki isa ngélingké wong-wong kuwi soal apa sing dialami nèk ora manut karo Gusti Allah.+ 20  Wektu Aku nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing tak janjèkké marang nènèk moyangé,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné,+ terus wong-wong kuwi mangan nganti wareg lan urip makmur,*+ wong-wong kuwi bakal nyembah allah liya, ora ngajèni Aku, lan nglanggar perjanjian-Ku.+ 21  Wektu wong-wong kuwi susah lan sengsara,+ lagu iki isa ngélingké wong-wong kuwi soal apa sing dialami nèk ora manut karo Gusti Allah (keturunané wong-wong kuwi ora éntuk lali karo lagu iki), merga Aku wis ngerti pikirané wong-wong kuwi,+ malah sakdurungé Aku nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing wis Tak janjèkké.” 22  Mula ing dina kuwi, Musa nulis lagu iki lan ngajari wong Israèl nyanyi lagu iki. 23  Terus, Dhèwèké* nglantik Yosua+ anaké Nun lan kandha, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing Tak wènèhké marang bangsa iki,+ lan Aku bakal ndhukung kowé.” 24  Sakwisé Musa rampung nulis kabèh Hukum iki ing buku,+ 25  Musa ngongkon wong Lèwi sing nggawa Pethi Perjanjiané Yéhuwah, 26  ”Kowé kudu njupuk buku Hukum iki+ lan kudu mbok dèlèhké ing jèjèré pethi+ perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kuwi bakal dadi bukti wektu kowé nggawé kesalahan. 27  Aku ngerti dhéwé nèk kowé seneng mbrontak+ lan ndableg.+ Pas aku urip waé kowé mbrontak marang Yéhuwah, apa manèh nèk aku mati. 28  Kowé kudu ngumpulké para pemimpiné suku-sukumu lan para pemimpin pasukan, bèn wong-wong kuwi isa ngrungokké omonganku. Langit lan bumi bakal dadi seksiné.+ 29  Aku ngerti tenan nèk sakwisé aku mati, kowé bakal tumindak jahat+ lan ora manut karo préntah sing tak omongké marang kowé.* Sukmbèn kowé mesthi bakal ngalami kesusahan,+ merga kowé nindakké sing ora bener kanggoné Yéhuwah lan nglarani atiné merga tumindakmu.” 30  Terus, ing ngarepé kabèh bangsa Israèl, Musa ngucapké lirik lagu iki saka awal nganti akhir:+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”mlebu lan metu”
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”ngadeg ing”.
Lit.: ”lan Aku bakal ndhelikké wajah-Ku saka wong-wong kuwi”.
Lit.: ”dadi lemu”.
Mungkin maksudé Gusti Allah.
Lit.: ”lan nyimpang saka dalan sing tak préntahké marang kowé”.