Pangandharing Torèt 33:1-29

  • Musa mberkahi suku-suku Israèl (1-29)

    • Kuwasané Yéhuwah sing ana saklawasé (27)

33  Iki berkah sing diomongké Musa abdiné Gusti Allah sing bener marang wong Israèl sakdurungé dhèwèké mati.+  Musa kandha,”Yéhuwah teka saka Sinai,+Lan Dhèwèké madhangi umaté saka Séir. Gusti Allah bersinar kaya matahari saka pegunungan Paran.+ Puluhan èwu malaékat sing suci bareng karo Dhèwèké.+ Para prajurité ana ing tangan tengené.+   Dhèwèké nresnani umaté.+ Kabèh umat sing suci kuwi ana ing tangané.+ Wong-wong kuwi lungguh ing sikilé.+ Wong-wong kuwi mulai ngrungokké omongané.+   (Musa mènèhi awaké dhéwé hukum.+ Hukum kuwi dadi duwèké keturunané Yakub.)+   Lan Gusti Allah dadi raja ing Yésyurun*+Wektu para pemimpiné bangsa kuwi ngumpul bareng+Karo kabèh suku Israèl.+   Muga-muga Rubèn urip lan ora mati.+ Aja nganti wong-wong ing sukuné dadi sithik.”+   Terus Musa mberkahi suku Yéhuda,+ ”Yéhuwah, rungokna swarané Yéhuda,+Muga-muga Njenengan nggawa dhèwèké bali marang bangsané. Dhèwèké nglindhungi apa sing dadi duwèké nganggo kekuwatané.Muga-muga Njenengan nulungi dhèwèké ngadhepi mungsuhé.”+   Iki sing diomongké Musa soal suku Lèwi,+ ”Tumim lan Urimé+ Njenengan kuwi duwèké wong sing setya marang Njenengan.+ Wektu ing Masa, Njenengan péngin ngerti wong kuwi manut apa ora.+ Njenengan padu karo dhèwèké ing Mata Air Mériba,+   Wong Lèwi ora perduli karo bapak ibuné. Malah ora ngakoni sedulur-seduluré,+Lan ora perduli karo anak-anaké. Wong-wong kuwi manut karo omongan-Mu,Lan nindakké perjanjian-Mu.+ 10  Wong-wong kuwi bèn mulang Yakub soal peraturan-Mu,+Lan mulang Israèl soal Hukum-Mu.+ Muga-muga wong-wong kuwi mènèhké dupa kanggo Njenengan+Lan mènèhké persembahan ing mézbah-Mu.+ 11  Yéhuwah tulung berkahi dhèwèké nganggo kekuwatan.Muga-muga Njenengan seneng karo kerja kerasé. Muga-muga Njenengan ngremuk sikilé* wong-wong sing nglawan dhèwèké,Supaya kabèh wong sing sengit marang dhèwèké ora isa ngadeg manèh.” 12  Iki sing diomongké Musa soal suku Bènyamin,+”Muga-muga wong sing disayangi Yéhuwah aman ing cedhaké dhèwèké.* Wektu dhèwèké* nglindhungi wong kuwi awan lan bengi,Wong kuwi bakal ana ing antarané pundhaké.”* 13  Iki sing diomongké Musa soal keturunané Yusuf,+”Muga-muga tanahé diberkahi Yéhuwah+Nganggo apa waé sing apik saka langit,Nganggo embun lan mata air sing ana ing lemah,+ 14  Nganggo apa waé sing apik sing thukul merga matahariLan nganggo hasil tanah sing apik saben sasi,+ 15  Nganggo apa waé sing paling apik saka gunung-gunung jaman mbiyèn*+Lan nganggo apa waé sing apik saka bukit-bukit sing wis suwé ana, 16  Nganggo apa waé sing apik saka bumi lan isiné,+Lan Gusti Allah sing wis tau ana ing semak berduri bakal mberkahi dhèwèké.+ Muga-muga kabèh berkah kuwi ditampa Yusuf,Wong sing dipilih saka antarané sedulur-seduluré.+ 17  Kekuwatané kaya anak pertamané sapi lanang,Lan sunguné ya kaya sunguné sapi lanang liar. Dhèwèké nyrudug bangsa-bangsa nganggo sungunéNganti tekan pucuké bumi. Sungu-sungu kuwi kaya puluhan èwu wong Éfraim+Lan kaya pirang-pirang èwu wong Manasyé.” 18  Iki sing diomongké Musa soal suku Zébulon,+”Zébulon, kowé kudu seneng wektu kowé lunga dagang,Isakhar, kowé kudu seneng wektu kowé ana ing njero kémahmu.+ 19  Wong-wong kuwi bakal ngundang* bangsa-bangsa menyang gunung. Ing kana, wong-wong kuwi bakal mènèhké korban-korban sing bener. Wong-wong kuwi bakal njupuk* hasil laut sing akèh bangetLan harta sing kependhem ing pasir.” 20  Iki sing diomongké Musa soal suku Gad,+”Wong sing nggawé wilayahé Gad saya amba bakal diberkahi.+ Dhèwèké ana ing kono kaya singa,Siap nyabik-nyabik lengen lan sirahé korbané. 21  Dhèwèké bakal milih tanah sing paling apik.+ Kuwi bagéan sing wis disiapké karo wong sing mènèhi hukum.+ Para pemimpiné bangsa kuwi bakal ngumpul. Dhèwèké bakal nindakké keadilané YéhuwahLan hukumé kanggo Israèl.” 22  Iki sing diomongké Musa soal suku Dan,+”Dan kuwi kaya anak singa.+ Dhèwèké bakal mlumpat metu saka Basyan.”+ 23  Iki sing diomongké Musa soal suku Naftali,+”Naftali puas merga Yéhuwah apikanLan mberkahi dhèwèké. Jupuken wilayah kulon lan kidul.” 24  Iki sing diomongké Musa soal suku Asyèr,+”Gusti Allah wis mberkahi Asyèr nganggo akèh anak. Muga-muga dhèwèké disenengi sedulur-seduluré,Lan muga-muga dhèwèké nyelupké sikilé ing minyak. 25  Gemboké gerbangmu kuwi wesi lan tembaga,+Lan kowé bakal aman sakjegé uripmu.* 26  Ora ana sing kaya Gusti Allahé+ Yésyurun,+Sing nulungi kowé saka langitLan sing nganggo kemuliaané lungguh ing méga.+ 27  Saka jaman mbiyèn,+ Gusti Allah sing nglindhungi,Dhèwèké bakal ndhukung kowé nganggo kekuwatané* sing ana saklawasé.+ Dhèwèké bakal ngusir mungsuh saka ngarepmu,+Lan Dhèwèké bakal kandha, ’Singkirna wong-wong kuwi.’+ 28  Israèl bakal aman uripé,Keturunané* Yakub bakal tentrem uripéIng tanah sing akèh biji-bijian lan anggur anyaré,+Sing langité nelesi lemah nganggo embun.+ 29  Israèl, kowé seneng.+ Ora ana sing kaya kowé,+Bangsa sing dislametké Yéhuwah,+Sing dadi tamèng kanggo nglindhungi kowé+Lan dadi pedhangmu sing hébat. Mungsuhmu bakal ngrasa wedi ing ngarepmu,+Lan kowé bakal ngidak gegeré.”*

Katrangan Tambahan

Artiné ”Wong sing Bener”, gelar kanggo ngajèni Israèl.
Utawa ”pinggangé”.
Utawa mungkin ”ing cedhaké Dhèwèké”.
Utawa mungkin ”Wektu Dhèwèké”.
Utawa mungkin ”ing antarané pundhaké Dhèwèké”.
Utawa mungkin ”gunung-gunung ing wétan”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”nyedhot”.
Lit.: ”Lan dina-dinamu bakal dadi kaya kekuwatanmu”.
Lit.: ”lengené”.
Lit.: ”Mata airé”.
Utawa mungkin ”panggonan-panggonané sing dhuwur”.