Pangandharing Torèt 34:1-12

  • Yéhuwah nduduhké tanah kuwi marang Musa (1-4)

  • Musa mati (5-12)

34  Terus, saka Padhang Gurun Moab, Musa munggah menyang Gunung Nébo,+ yaiku menyang puncak Pisga,+ sing madhep Yérikho.+ Yéhuwah nduduhké kabèh tanah kuwi marang Musa, saka Giléad tekan Dan,+  kabèh wilayah Naftali, tanah Éfraim lan Manasyé, lan kabèh tanah Yéhuda tekan laut sisih kulon,*+  Nègèb,+ Wilayah Yordan,+ lembah Yérikho, yaiku kutha sing akèh wit palemé, nganti tekan Zoar.+  Terus, Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kuwi tanah sing Tak janjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub. Aku kandha karo wong-wong kuwi, ’Aku bakal mènèhké tanah iki+ marang keturunanmu.’* Aku wis ngéntukké kowé ndelok tanah kuwi, ning kowé ora éntuk nyabrang mrana.”+  Sakwisé kuwi, Musa abdiné Yéhuwah mati ing tanah Moab, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.+  Dhèwèké* ngubur Musa ing lembah ing tanah Moab, sing madhep Bèt-péor. Nganti saiki, ora ana sing ngerti ing endi kuburané Musa.+  Musa mati wektu umuré 120 taun.+ Wektu kuwi, Musa isih isa ndelok jelas lan awaké isih kuwat.  Telung puluh dina suwéné,+ wong Israèl nangisi Musa ing padhang gurun Moab. Sakwisé 30 dina, wong Israèl ora nangisi Musa manèh.  Yosua anaké Nun bener-bener wicaksana,* merga Musa wis ndèlèhké tangané ing sirahé Yosua.+ Terus, wong Israèl mulai manut karo Yosua, lan wong-wong kuwi nindakké apa sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 10  Ning, sakwisé kuwi, ora ana manèh nabi sing kaya Musa+ ing Israèl, sing akrab banget* karo Yéhuwah.+ 11  Yéhuwah wis ngongkon Musa nggawé akèh mukjijat ing tanah Mesir, yaiku ing ngarepé Firaun, para abdiné, lan kabèh dhaérah ing tanah kuwi.+ 12  Musa nindakké kabèh kuwi nganggo kuwasa lan kekuwatan sing gedhé ing ngarepé kabèh wong Israèl.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Laut Tengah.
Lit.: ”benihmu”.
Kétoké, sing dimaksud kuwi Gusti Allah.
Utawa ”nampa kawicaksanan saka kuwasané Gusti Allah”.
Lit.: ”sing kenal wajah karo wajah”.