Pangandharing Torèt 4:1-49

  • Dikandhani bèn manut (1-14)

    • Aja lali karo sing ditindakké Gusti Allah (9)

  • Yéhuwah péngin bèn mung Dhèwèké sing disembah (15-31)

  • Ora ana allah sakliyané Yéhuwah (32-40)

  • Kutha-kutha perlindungan ing sisih wétané Kali Yordan (41-43)

  • Musa mulai ngandhani soal Hukumé Gusti Allah marang wong Israèl (44-49)

4  ”Israèl, saiki rungokna peraturan lan hukum sing tak wulangké marang kowé. Kowé kudu manut karo peraturan lan hukum kuwi bèn kowé isa urip+ lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé.  Apa sing tak préntahké marang kowé iki aja mbok tambahi utawa mbok kurangi.+ Kowé kudu manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé.  ”Kowé wis ndelok dhéwé apa sing ditindakké Yéhuwah merga Baal Péor. Yéhuwah Gusti Allahmu matèni kabèh wong ing antaramu sing nyembah Baal Péor.+  Ning, kowé sing tetep setya karo Yéhuwah Gusti Allahmu isih urip nganti saiki.  Aku wis ngandhani kowé soal peraturan lan hukum,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahku marang aku, bèn kowé isa manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut.  Kowé kudu bener-bener manut,+ merga wong-wong sing ngrungokké kabèh peraturan iki bakal ngerti nèk kowé wicaksana+ lan nduwé pemahaman.+ Wong-wong kuwi bakal kandha, ’Bangsa sing gedhé iki pancèn wicaksana lan nduwé pemahaman.’+  Apa ana allahé bangsa liya sing cedhak karo umaté, kaya Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé sing cedhak karo awaké dhéwé saben awaké dhéwé ndonga?+  Apa ana bangsa liya sing nduwé peraturan sing adil lan hukum kaya kabèh Hukum sing tak wènèhké marang kowé dina iki?+  ”Kowé kudu ngati-ati lan waspada bèn kowé ora lali karo kabèh sing wis mbok delok lan bèn kuwi tetep ana ing atimu nganti saklawasé. Kowé ya kudu nyritakké soal kuwi marang anak putumu.+ 10  Wektu kowé ngadeg ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu ing Horèb, Yéhuwah kandha marang aku, ’Wong-wong kuwi kudu mbok kumpulké ing ngarep-Ku bèn isa ngrungokké omongan-Ku,+ supaya wong-wong kuwi wedi karo Aku+ saksuwéné uripé ing bumi lan mulangké soal kuwi marang anak-anaké.’+ 11  ”Mula, kowé nyedhak lan ngadeg ing ngisoré gunung. Ana geni ing gunung kuwi, lan geniné tekan langit. Ing kono ana mendhung sing peteng banget.+ 12  Yéhuwah ngomong karo kowé saka geni kuwi.+ Kowé krungu swarané, ning ora ndelok wujudé.+ Mung ana swara thok.+ 13  Terus, Dhèwèké ngandhani kowé soal perjanjian+ sing kudu mbok lakoni, yaiku Sepuluh Préntah.+ Sakwisé kuwi, Dhèwèké nulis préntah kuwi ing lèmpèngan watu loro.+ 14  Wektu kuwi, Yéhuwah mréntahké aku bèn mulang kowé soal peraturan lan hukum. Kowé kudu manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut. 15  ”Wektu Yéhuwah ngomong karo kowé ing Horèb saka tengah-tengahé geni, kowé ora ndelok wujudé. Mula, kowé kudu ngati-ati, 16  bèn kowé aja nganti nindakké dosa. Aja nggawé patung bentuk apa waé, embuh kuwi sing bentuké kaya wong lanang utawa wong wédok,+ 17  kaya kéwan ing bumi utawa manuk sing mabur ing langit,+ 18  kaya kéwan ing lemah utawa kaya iwak ing banyu.+ 19  Wektu kowé ndelok matahari, bulan, bintang, lan kabèh sing ana ing langit, aja kepéngin sujud lan nyembah kabèh kuwi.+ Kuwi kabèh wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kabèh bangsa ing bumi. 20  Yéhuwah wis nggawa kowé metu saka Mesir, panggonan kanggo nglebur wesi,* bèn kowé dadi umat duwèké Gusti Allah,+ kaya sing kelakon saiki. 21  ”Yéhuwah dadi nesu karo aku gara-gara kowé,+ lan Dhèwèké sumpah nèk aku ora bakal nyabrang Kali Yordan utawa mlebu ing tanah sing apik sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisanmu.+ 22  Aku bakal mati ing tanah iki. Aku ora bakal nyabrang Kali Yordan.+ Ning, kowé bakal nyabrang lan ngrebut tanah sing apik kuwi. 23  Aja nganti kowé lali karo perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing digawé karo kowé,+ lan aja nggawé patung sing bentuké kaya apa waé, merga kuwi kabèh dilarang karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 24  Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi kaya geni sing isa ngobong apa waé,+ lan Dhèwèké péngin kowé ngabdi mung marang Dhèwèké.+ 25  ”Nèk kowé nduwé anak putu lan manggon suwé ing tanah kuwi, terus kowé nindakké dosa lan nggawé patung sing bentuké apa waé,+ lan kowé nindakké apa sing jahat kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu nganti nglarani atiné,+ 26  dina iki langit lan bumi dadi seksiku, nèk kowé bakal langsung mati ing tanah sing mbok rebut sakwisé nyabrang Kali Yordan. Kowé ora bakal manggon suwé ing kono, ning kowé mesthi bakal disingkirké.+ 27  Yéhuwah bakal nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa+ lan mung sithik sing bakal urip+ ing antarané bangsa-bangsa. Yéhuwah bakal ngusir kowé. 28  Ing kana, kowé bakal nyembah allah-allah saka kayu lan watu sing digawé manungsa.+ Allah-allah kuwi ora isa ndelok, ora isa ngrungokké, ora isa mangan, lan ora isa ngambu. 29  ”Nèk ing kana kowé nggolèki Yéhuwah Gusti Allahmu, lan nèk kowé nggolèki Dhèwèké+ saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ kowé mesthi bakal nemokké Dhèwèké. 30  Nèk kuwi kabèh sukmbèn mbok alami lan kowé dadi susah banget, kowé mesthi bakal bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu lan ngrungokké omongané.+ 31  Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan.+ Dhèwèké ora bakal ninggalké lan nyingkirké kowé, utawa nglalèkké perjanjiané sing wis digawé* karo nènèk moyangmu.+ 32  ”Saiki, pikirna soal jaman mbiyèn wektu kowé durung ana, wektu Gusti Allah mulai nyiptakké manungsa ing bumi. Coba golèka saka pucuk langit kana tekan pucuk langit kéné, apa tau kelakon sing luar biasa kaya ngéné iki? Apa ana sing tau krungu sing kaya ngéné iki?+ 33  Apa ana wong liya sing tau krungu swarané Gusti Allah saka njero geni, padha kaya sing mbok rungokké, lan tetep urip?+ 34  Apa Gusti Allah tau milih bangsa siji saka antarané bangsa-bangsa liya bèn dadi duwèké? Apa Dhèwèké tau perang,+ mènèhi hukuman, tumindak sing nggawé wong-wong wedi,+ nggawé mukjijat,+ nduduhké kuwasa sing gedhé,+ lan nduduhké kekuwatan bèn isa ndadèkké bangsa kuwi dadi duwèké kaya sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu ing Mesir ing ngarepmu? 35  Kuwi wis diduduhké marang kowé bèn kowé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.+ Ora ana allah liya sakliyané Dhèwèké.+ 36  Dhèwèké ngomong karo kowé saka swarga bèn isa ngélikké kowé. Ing bumi, Dhèwèké nggawé kowé ndelok geniné sing gedhé, lan saka geni kuwi kowé krungu omongané.+ 37  ”Merga nresnani nènèk moyangmu lan wis milih keturunané,*+ Gusti Allah ngancani kowé wektu nggawa kowé metu saka Mesir nganggo kuwasané sing gedhé. 38  Gusti Allah ngusir bangsa-bangsa sing luwih gedhé lan luwih kuwat timbang kowé saka ngarepmu, terus nggawa kowé menyang tanahé bangsa-bangsa kuwi lan mènèhké tanah kuwi marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé, kaya sing kelakon dina iki.+ 39  Dina iki, kowé kudu ngerti lan ngéling-éling nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener ing langit lan ing bumi.+ Ora ana allah liyané.+ 40  Kowé kudu manut karo hukum lan préntahé Gusti Allah sing tak omongké marang kowé dina iki, bèn kowé lan keturunanmu diberkahi lan isa manggon suwé ing tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.”+ 41  Wektu kuwi, Musa milih telung kutha ing sisih wétané Kali Yordan.+ 42  Nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ya ora sengit karo wong mau,+ dhèwèké kudu mlayu ing salah siji kutha iki bèn isa tetep urip:+ 43  Kanggo suku Rubèn yaiku kutha Bèzèr+ ing padhang belantara sing ana ing dataran tinggi. Kanggo suku Gad yaiku kutha Ramot+ ing Giléad. Kanggo suku Manasyé+ yaiku kutha Golan+ ing Basyan. 44  Iki Hukum+ sing diomongké Musa marang wong Israèl. 45  Iki pangéling-éling, préntah, lan hukum sing disampèkké Musa marang wong Israèl sakwisé metu saka Mesir,+ 46  ing wilayah Kali Yordan, ing lembah Bèt-péor,+ ing tanahé Sihon raja Amori sing manggon ing Hésbon.+ Musa lan wong Israèl wis ngalahké raja kuwi sakwisé metu saka Mesir.+ 47  Sakwisé kuwi, wong Israèl ngrebut tanahé Sihon lan tanahé Og+ raja Basyan, yaiku loro raja Amori sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, 48  saka Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon* nganti Gunung Zion, yaiku Gunung Hèrmon,+ 49  termasuk Araba ing sisih wétané Kali Yordan nganti tekan Laut ing Araba,* sing ana ing lèrèng Pisga.+

Katrangan Tambahan

Iki lambang penindasan sing kejem.
Lit.: ”sing wis digawé nganggo sumpah”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Maksudé, Laut Garam, utawa Laut Mati.