Pangandharing Torèt 7:1-26

  • Bangsa pitu bakal disingkirké (1-6)

  • Alesané Israèl dipilih (7-11)

  • Nèk manut, bakal diberkahi (12-26)

7  ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+  Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyerahké bangsa-bangsa kuwi marang kowé bèn isa mbok kalahké.+ Kowé kudu bener-bener nyingkirké bangsa-bangsa kuwi.+ Aja nggawé perjanjian lan aja mesakké karo bangsa-bangsa kuwi.+  Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+  Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+  ”Ning, iki sing kudu mbok tindakké: Kowé kudu ngremuk mézbah-mézbahé, tugu-tugu suciné,*+ cagak-cagak suciné,*+ lan kowé kudu ngobong patung-patungé sing diukir.+  Kowé kuwi bangsa sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu. Saka antarané kabèh bangsa ing bumi,+ Yéhuwah Gusti Allahmu wis milih kowé dadi umaté, yaiku umaté sing istiméwa.*  ”Yéhuwah nresnani kowé lan milih kowé+ dudu merga jumlahmu sing paling akèh ing antarané kabèh bangsa. Malah, jumlahmu kuwi sing paling sithik.+  Ning, kuwi merga Yéhuwah nresnani kowé lan nepati sumpahé marang nènèk moyangmu.+ Mulané, nganggo kuwasané sing gedhé, Yéhuwah mbébaské* kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak,+ saka kuwasané* Firaun raja Mesir.  Kowé ngerti tenan nèk Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing bener lan setya. Dhèwèké nepati perjanjiané lan nresnani* keturunané wong sing nresnani Dhèwèké lan nindakké préntahé.+ 10  Ning, Dhèwèké bakal langsung mbales wong sing sengit karo Dhèwèké lan nyingkirké wong kuwi.+ Dhèwèké bakal langsung ngukum lan mbales wong sing sengit karo Dhèwèké. 11  Mula, kowé kudu tenanan manut karo préntah, peraturan, lan hukum sing tak omongké marang kowé dina iki. Kuwi kabèh kudu mbok tindakké. 12  ”Nèk kowé terus ngrungokké, manut, lan nindakké kabèh hukum iki, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nepati janjiné lan nresnani* kowé, kaya sumpahé marang nènèk moyangmu. 13  Dhèwèké bakal nresnani kowé, mberkahi kowé, lan nggawé keturunanmu dadi akèh.+ Dhèwèké bakal mènèhi kowé akèh keturunan, hasil tanah, biji-bijian, anggur anyar, minyak,+ anak sapi, lan anak domba ing tanah sing bakal diwènèhké marang kowé, sing wis dijanjèkké marang nènèk moyangmu.+ 14  Kowé bakal dadi sing paling diberkahi ing antarané kabèh bangsa.+ Kabèh wong lanang, wong wédok, lan ternakmu bakal nduwé keturunan.+ 15  Yéhuwah bakal nyingkirké penyakit saka bangsamu, lan Dhèwèké ora bakal nggawé kowé kena penyakit sing medèni sing mbok delok ing Mesir.+ Ning, Dhèwèké bakal nggawé kabèh wong sing sengit karo kowé kena penyakit kuwi. 16  Kabèh bangsa sing wis diserahké Yéhuwah marang kowé kudu mbok singkirké.+ Aja mesakké karo wong-wong kuwi,+ lan aja nyembah allah-allahé,+ merga wong-wong kuwi bakal nggawé kowé nindakké dosa.+ 17  ”Mungkin kowé mbatin, ’Bangsa-bangsa iki jumlahé luwih akèh timbang awaké dhéwé. Apa awaké dhéwé isa ngusir wong-wong kuwi?’+ 18  Ning, aja wedi karo wong-wong kuwi.+ Kowé kudu éling karo apa sing wis ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu marang Firaun lan kabèh wong Mesir.+ 19  Kowé kudu éling karo mukjijat+ lan hukuman sing abot sing mbok delok. Kowé ya kudu éling nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé+ nganggo kuwasa lan kekuwatané sing gedhé. Yéhuwah Gusti Allahmu ya bakal nglawan kabèh bangsa sing mbok wedèni.+ 20  Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé wong-wong kuwi wedi,* lan Dhèwèké bakal nyingkirké wong-wong sing isih ana+ lan sing ndhelik saka ngarepmu. 21  Aja wedi karo wong-wong kuwi, merga Yéhuwah Gusti Allahmu ndhukung kowé.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing hébat lan luar biasa.+ 22  ”Bangsa-bangsa kuwi ora langsung kabèh disingkirké+ Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé ora éntuk langsung nyingkirké kabèh bangsa kuwi, bèn kéwan liar ora tambah akèh lan matèni kowé. 23  Yéhuwah Gusti Allahmu wis nyerahké wong-wong kuwi marang kowé, lan Dhèwèké bakal terus mbantu kowé nganti kabèh mungsuhmu mati.+ 24  Raja-rajané bakal diserahké marang kowé,+ lan ora ana sing bakal éling karo jenengé raja-raja kuwi.+ Ora ana sing isa nglawan kowé.+ Wong-wong kuwi bakal mbok patèni.+ 25  Patung allah-allahé sing diukir kudu mbok obong.+ Aja péngin njupuk pérak utawa emasé wong-wong kuwi,+ merga kuwi isa nggawé kowé ora setya lan kuwi disengiti Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 26  Aja nggawa mlebu barang-barang sing njijiki kanggoné Gusti Allah menyang omahmu, bèn Gusti Allah ora nyingkirké kowé bareng karo barang-barang kuwi. Kowé kudu bener-bener sengit karo barang-barang kuwi, merga barang-barang kuwi kudu dihancurké.

Katrangan Tambahan

Utawa ”yaiku duwèké sing berharga”.
Lit.: ”nebus”.
Lit.: ”tangané”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”putus asa”.