Pangandharing Torèt 9:1-29

  • Alesané Israèl diwènèhi tanah (1-6)

  • Ping papat Israèl nggawé Yéhuwah nesu (7-29)

    • Patung anak sapi emas (7-14)

    • Musa njaluk ngapura demi bangsa Israèl (15-21, 25-29)

    • Israèl nggawé Yéhuwah nesu manèh nganti ping telu (22)

9  ”Israèl, rungokna. Dina iki kowé bakal nyabrang Kali Yordan+ kanggo ngrebut tanahé bangsa-bangsa sing luwih gedhé lan luwih kuwat timbang kowé.+ Kutha-kuthané gedhé lan bèntèngé dhuwuré tekan langit,+  lan penduduké gedhé dhuwur, yaiku wong Anakim.+ Kowé wis ngerti lan wis krungu omongan iki, ’Ora ana sing isa nglawan wong Anakim.’  Ning, dina iki kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyabrang ing ngarepmu.+ Dhèwèké kuwi kaya geni+ sing ngobong nganti entèk, lan Dhèwèké bakal nyingkirké bangsa-bangsa kuwi. Dhèwèké bakal ngalahké wong-wong kuwi ing ngarepmu, bèn wong-wong kuwi isa langsung mbok usir lan mbok patèni, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah marang kowé.+  ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu ngusir wong-wong kuwi saka ngarepmu, aja mbatin, ’Yéhuwah wis nggawa aku mréné bèn isa ngrebut tanah iki+ merga aku wis nindakké apa sing bener.’ Sakjané Yéhuwah ngusir bangsa-bangsa kuwi saka ngarepmu merga bangsa kuwi jahat.+  Kowé bakal mlebu lan ngrebut tanah iki dudu merga kowé nindakké apa sing bener utawa merga atimu tulus. Ning, Yéhuwah nyingkirké bangsa-bangsa kuwi merga bangsa kuwi jahat+ lan merga Yéhuwah nepati sumpahé marang nènèk moyangmu yaiku Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+  Kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu mènèhké tanah sing apik iki bèn dadi duwèkmu dudu merga kowé wis nindakké sing bener, merga sakjané kowé kuwi bangsa sing ndableg.+  ”Kowé kudu terus éling nèk kowé wis nggawé Yéhuwah Gusti Allahmu nesu ing padhang belantara.+ Kèt kowé metu saka Mesir nganti tekan ing panggonan iki, kowé terus nglawan Yéhuwah.+  Malah ing Horèb kowé nggawé Yéhuwah nesu. Yéhuwah nesu banget nganti péngin matèni kowé.+  Wektu aku munggah gunung kuwi, aku nampa lèmpèngan watu+ sing isiné perjanjian antarané Yéhuwah karo kowé.+ Aku tetep ana ing gunung kuwi 40 dina 40 bengi,+ ora mangan lan ora ngombé. 10  Terus, Yéhuwah mènèhi aku lèmpèngan watu loro sing ditulis nganggo tangané* Gusti Allah. Lèmpèngan watu loro kuwi ditulisi kabèh sing diomongké Yéhuwah marang kowé ing gunung saka njero geni, wektu kowé padha ngumpul ing kono.+ 11  Sakwisé 40 dina 40 bengi, Yéhuwah mènèhi lèmpèngan watu loro, yaiku lèmpèngan watu perjanjian. 12  Terus Yéhuwah kandha, ’Ndang mudhuna, merga bangsa sing mbok gawa metu saka Mesir wis tumindak jahat.+ Cepet banget wong-wong kuwi ora manut karo préntah-Ku. Wong-wong kuwi wis nggawé patung logam.’*+ 13  Yéhuwah ngomong karo aku, ’Aku wis ngerti nèk bangsa iki pancèn ndableg.+ 14  Bèn waé wong-wong kuwi Tak patèni kabèh, bèn jenengé ora diéling-éling manèh. Keturunanmu waé sing bakal Tak dadèkké bangsa sing gedhé.’+ 15  ”Terus, aku mudhun saka gunung pas gunungé isih metu geniné,+ lan aku nyekel loro lèmpèngan watu perjanjian.+ 16  Terus aku ngerti nèk kowé pancèn wis nggawé dosa marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé wis nggawé patung logam anak sapi.* Cepet banget kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah.+ 17  Dadi, lèmpèngan watu loro sing tak gawa kuwi tak banting ing ngarepmu nganti remuk.+ 18  Terus, aku sujud ing ngarepé Yéhuwah 40 dina 40 bengi, kaya sing sakdurungé. Aku ora mangan lan ora ngombé,+ merga kowé wis nggawé dosa marang Yéhuwah. Kowé wis nindakké apa sing jahat kanggoné Dhèwèké lan wis nglarani atiné. 19  Aku wedi banget merga Yéhuwah nesu banget karo kowé,+ nganti Dhèwèké arep matèni kowé. Ning, wektu kuwi Yéhuwah gelem ngrungokké aku.+ 20  ”Yéhuwah ya nesu banget karo Harun nganti arep matèni dhèwèké,+ ning wektu kuwi aku ya ndonga bèn Gusti Allah ora matèni Harun. 21  Terus, aku njupuk patung anak sapi+ sing nggawé kowé dadi dosa. Patung kuwi tak obong lan tak remuk nganti dadi awu sing alus kaya debu, terus awu kuwi tak sebar ing kali sing mili saka gunung.+ 22  ”Sakliyané kuwi, kowé ya nggawé Yéhuwah nesu ing Tabéra,+ Masa,+ lan Kibrot-hataawa.+ 23  Wektu Yéhuwah ngongkon kowé lunga saka Kadès-barnéa+ lan kandha, ’Kowé kudu ngrebut tanah sing mesthi bakal Tak wènèhké marang kowé,’ kowé nglawan préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé ora nduwé iman+ lan ora manut marang Dhèwèké. 24  Pas pertama aku kenal kowé, kowé wis mbrontak marang Yéhuwah. 25  ”Aku terus sujud marang Yéhuwah 40 dina 40 bengi.+ Aku terus sujud marang Yéhuwah merga Dhèwèké kandha nèk arep matèni kowé. 26  Aku ndonga marang Yéhuwah lan kandha, ’Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, aja nyingkirké umat-Mu, merga wong-wong kuwi duwèk-Mu+ sing wis ditebus nganggo kuwasa-Mu. Njenengan ya wis mbébaské wong-wong kuwi saka Mesir nganggo kuwasa sing gedhé.+ 27  Tulung Njenengan éling karo abdi-Mu yaiku Abraham, Ishak, lan Yakub.+ Tulung bangsa sing ndableg, sing jahat, lan sing dosa iki diapura.+ 28  Nèk ora, penduduké tanah sing wis tak tinggalké sakwisé Njenengan mbébaské aku bakal kandha, ”Yéhuwah ora isa nggawa wong-wong kuwi ing tanah sing dijanjèkké. Merga sengit karo wong-wong kuwi, Dhèwèké nggawa metu wong-wong kuwi bèn isa dipatèni ing padhang belantara.”+ 29  Wong-wong kuwi umat-Mu lan duwèk-Mu,+ sing wis mbok bébaské nganggo kekuwatan lan kuwasa sing gedhé.’+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”drijiné”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Utawa ”patung anak sapi saka logam sing dilebur”.