Yèhèzkièl 1:1-28

  • Pas ing Babilon, Yèhèzkièl éntuk wahyu saka Gusti Allah (1-3)

  • Wahyu soal krétané Yéhuwah (4-28)

    • Angin badai, méga, lan geni (4)

    • Malaékat papat (5-14)

    • Rodha papat (15-21)

    • Lantai kristal sing mengkilap kaya ès (22-24)

    • Takhtané Yéhuwah (25-28)

1  Ing dina ke-5, sasi ke-4, taun ke-30,* pas aku ana ing cedhak Kali Khébar+ ing antarané para tawanan,+ langit kebukak lan aku mulai éntuk wahyu saka Gusti Allah.*  Ing dina kelima sasi kuwi, yaiku ing taun kelima sakwisé Raja Yéhoyakhin+ ditawan,  Yéhuwah kandha marang aku, Yèhèzkièl,* anaké Imam Buzi, ing cedhak Kali Khébar ing tanahé wong Khaldéa.+ Ing kono, aku ngrasakké kekuwatané Yéhuwah.+  Aku ndelok angin badai+ saka lor. Ana méga gedhé lan kilat geni+ sing diubengi cahaya sing padhang banget. Ing tengah geni kuwi, ana sing kétok bersinar kaya emas putih.*+  Ing antarané geni kuwi, ana sing kétok kaya malaékat. Jumlahé ana papat,+ lan wujudé kaya manungsa.  Saben malaékat kuwi wajahé ana papat lan sayapé ana papat.+  Sikilé lurus, lan tlapak sikilé kaya tlapak sikilé anak sapi. Sikilé mengkilap kaya tembaga sing digosok.+  Saben malaékat kuwi nduwé wajah lan sayap papat. Ing ngisor saben sayapé, ana tangan sing kaya tangané manungsa.  Sayap sing siji gathuk karo sayap sing sijiné. Pas mlaku, malaékat-malaékat kuwi ora ménggak-ménggok, ning mlaku lurus terus.+ 10  Saben malaékat mau nduwé wajah papat: Wajah sing ngarep kaya wajahé manungsa, sing sisih tengen kaya wajahé singa,+ sing sisih kiwa kaya wajahé sapi lanang,+ lan sing mburi kaya wajahé+ manuk elang.+ 11  Ya kaya ngono kuwi wajahé malaékat-malaékat mau. Sayapé loro megar munggah lan gathuk. Sayap loro liyané nutupi badané.+ 12  Malaékat-malaékat kuwi mlaku lurus terus lan lunga menyang endi waé roh suci ngarahké malaékat-malaékat kuwi.+ Pas mlaku, malaékat-malaékat kuwi ora ménggak-ménggok. 13  Malaékat-malaékat kuwi kétok kaya bara sing murub. Ing antarané malaékat-malaékat kuwi, ana sing kétok kaya obor sing padhang banget sing obah mrana-mréné. Saka geniné obor kuwi, ana kilat sing nyamber-nyamber.+ 14  Pas mabur mrana-mréné, malaékat-malaékat kuwi kétok kaya kilat. 15  Pas aku lagi nggatèkké malaékat-malaékat kuwi, aku ndelok ana rodha ing sampingé saben malaékat sing nduwé wajah papat kuwi.+ Rodha-rodha kuwi ana ing lemah. 16  Kabèh rodha kuwi kétok bersinar kaya watu krisolit. Papat-papaté bentuké padha. Ing saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang.* 17  Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok. 18  Rodha-rodha kuwi dhuwur banget lan kétok luar biasa. Ing sak ubengé rodha kuwi kebak mripat.+ 19  Nèk malaékat-malaékat kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku. Nèk malaékat-malaékat kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah.+ 20  Malaékat-malaékat kuwi lunga menyang endi waé roh suci ngarahké malaékat-malaékat kuwi. Nèk malaékat-malaékat kuwi mabur, rodha-rodha kuwi ya mèlu mabur, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi. 21  Nèk malaékat-malaékat kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku. Nèk malaékat-malaékat kuwi mandheg, rodha-rodha kuwi ya mèlu mandheg. Nèk malaékat-malaékat kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi. 22  Ing ndhuwur sirahé malaékat-malaékat kuwi, ana sing kaya lantai kristal sing mengkilap kaya ès sing dibentangké.+ Kuwi luar biasa banget. 23  Ing ngisoré lantai kuwi, sayap-sayapé malaékat kuwi megar munggah lan gathuk. Saben malaékat kuwi nduwé sayap loro kanggo nutupi salah siji bagéan badané lan nduwé sayap loro manèh kanggo nutupi bagéan badan sing liyané. 24  Pas aku krungu swara sayap-sayapé, swarané kaya grojogan, kaya swarané Sing Mahakuwasa.+ Pas malaékat-malaékat kuwi gerak, swara sayapé kaya pasukan tentara. Pas malaékat-malaékat kuwi mandheg, sayap-sayapé diingkupké. 25  Ana swara saka ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé malaékat-malaékat kuwi. (Pas malaékat-malaékat kuwi mandheg, sayap-sayapé diingkupké.) 26  Ing ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé malaékat-malaékat kuwi, ana sing kétok kaya watu safir+ lan bentuké kaya takhta.+ Ing kono, ana sing kétok kaya manungsa sing lungguh ing takhta kuwi.+ 27  Aku ndelok nèk saka pinggang nganti tekan ndhuwur, Dhèwèké kaya emas putih+ sing bersinar lan ana geni ing sak ubengé. Saka pinggang nganti tekan ngisor, Dhèwèké kaya geni.+ Ing sak ubengé, ana cahaya 28  kaya pelangi+ ing méga pas udan. Ya kaya ngono kuwi cahaya sing ana ing sak ubengé. Kuwi kaya kemuliaané Yéhuwah.+ Pas ndelok kuwi, aku sujud. Terus, aku krungu ana swara wong sing ngomong.

Katrangan Tambahan

Utawa ”wahyu soal Gusti Allah”.
Mungkin iki maksudé umuré Yèhèzkièl.
Artiné ”Gusti Allah Nguwatké”.
Campuran emas lan pérak.
Mungkin rodha-rodha kuwi ukurané padha.