Yèhèzkièl 10:1-22

  • Geni dijupuk saka antarané rodha-rodha (1-8)

  • Penjelasan soal kerub lan rodha (9-17)

  • Kemuliaané Yéhuwah pindhah saka lawang bait (18-22)

10  Terus, ing ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé kerub-kerub kuwi, aku ndelok ana sing kétok kaya watu safir lan bentuké kaya takhta.+  Bar kuwi, Gusti Allah kandha marang wong lanang sing nganggo klambi linèn kuwi,+ ”Mlebua ing antarané rodha-rodha,+ ing ngisoré kerub-kerub. Njupuka bara api sing murub+ saka antarané kerub-kerub kuwi, lan dèlèhna ing tanganmu loro-loroné, terus sebarna ing ndhuwuré kutha kuwi.”+ Mula aku ndelok wong lanang kuwi mlebu ing kono.  Pas wong lanang kuwi mlebu, kerub-kerub kuwi lagi ngadeg ing sebelah tengené bait, lan halaman njero bait ditutupi méga.  Terus, kemuliaané Yéhuwah+ munggah saka kerub-kerub kuwi lan pindhah menyang lawang bait. Saya suwé, bait kuwi ditutupi méga,+ lan halamané dikebaki cahaya kemuliaané Yéhuwah.  Swara sayapé kerub-kerub kuwi nganti tekan halaman njaba, kaya swarané Gusti Allah sing Mahakuwasa wektu lagi ngomong.+  Terus, Gusti Allah mréntahké wong lanang sing nganggo klambi linèn kuwi, ”Njupuka geni saka antarané rodha-rodha, saka antarané kerub-kerub.” Bar kuwi, wong lanang kuwi mlebu lan ngadeg ing samping rodha.  Terus, salah siji kerub ngulurké tangané ing geni sing ana ing antarané kerub-kerub kuwi.+ Bar njupuk geni kuwi sithik, kerub mau ndèlèhké kuwi ing tangané wong lanang sing nganggo klambi linèn mau.+ Bar nampani, wong lanang mau langsung lunga.  Ing ngisor sayapé kerub-kerub kuwi,+ ana sing kaya tangané manungsa.  Terus, aku ndelok ana rodha papat ing sampingé kerub-kerub kuwi. Ana rodha siji ing sampingé saben kerub. Rodha-rodha kuwi kétok bersinar kaya watu krisolit.+ 10  Papat-papaté kétok padha. Ing saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang.* 11  Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok. Ing endi waé sirahé para kerub kuwi madhep, ya ing kono rodha-rodha kuwi ngetutké tanpa perlu ménggak-ménggok. 12  Ing sak awak, geger, tangan, lan sayapé kerub-kerub kuwi kebak mripat. Ing sampingé kerub papat kuwi ana rodha-rodha. Ing sak ubengé rodha-rodha kuwi ya kebak mripat.+ 13  Aku krungu ana swara sing mbengok marang rodha-rodha kuwi, ”Majua!” 14  Saben malaékat* kuwi wajahé ana papat. Wajah sing pertama wajah kerub, sing keloro wajah manungsa, sing ketelu wajah singa, lan sing kepapat wajah elang.+ 15  Kuwi malaékat-malaékat sing padha karo sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi isa munggah. 16  Nèk kerub-kerub kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku ing sampingé. Nèk kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé bèn isa mabur dhuwur, rodha-rodha kuwi ora bakal ménggak-ménggok utawa pindhah saka sampingé kerub-kerub mau.+ 17  Nèk kerub-kerub kuwi mandheg, rodha-rodha kuwi ya mèlu mandheg. Nèk kerub-kerub kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah bareng kerub-kerub kuwi, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi. 18  Terus, kemuliaané Yéhuwah+ pindhah saka lawang bait lan mandheg ing ndhuwuré kerub-kerub kuwi.+ 19  Terus, aku ndelok kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé lan munggah. Pas kerub-kerub kuwi mabur, rodha-rodha kuwi ya ana ing sampingé. Terus, kabèh padha mandheg ing gerbang sisih wétan baité Yéhuwah, lan kemuliaané Gusti Allahé Israèl ana ing ndhuwuré.+ 20  Kuwi malaékat-malaékat sing tau tak delok ing Kali Khébar,+ sing ana ing ngisor takhtané Gusti Allahé Israèl. Saiki aku ngerti nèk malaékat-malaékat kuwi jebulé kerub. 21  Kabèh nduwé wajah papat lan sayap papat. Ing ngisor sayapé, ana sing kaya tangané manungsa.+ 22  Wajahé kaya wajah sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi mlaku lurus terus.+

Katrangan Tambahan

Mungkin rodha-rodha kuwi ukurané padha.
Maksudé, saben kerub.