Yèhèzkièl 13:1-23

  • Soal nabi-nabi palsu (1-16)

    • Témbok sing dicèt putih bakal ambruk (10-12)

  • Soal wong-wong wédok sing nyampèkké ramalan palsu (17-23)

13  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, wènèhana ramalan soal para nabi ing Israèl,+ lan ngomonga marang wong-wong sing nyampèkké ramalan saka pikirané dhéwé,+ ’Rungokna omongané Yéhuwah.  Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan para nabi sing bodho, sing nuruti pikirané dhéwé, padahal wong-wong kuwi ora ndelok wahyu.+  Hé Israèl, para nabimu kaya rubah sing ana ing antarané reruntuhan.  Hé para nabi, kowé ora bakal lunga ndandani bagéan-bagéan sing hancur ing témbok-témbok watu sing isa nglindhungi wong Israèl.+ Mula, wong Israèl ora bakal slamet pas perang ing dinané Yéhuwah.”+  ”Wong-wong kuwi ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalané ya ngapusi. Wong-wong kuwi kandha, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Yéhuwah ora ngutus wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ya ngarep-arep bèn omongané kelakon.+  Kowé ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalanmu ya ngapusi, ta? Kowé ngomong, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Aku ora ngomong apa-apa.”’  ”’Kuwi sebabé, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”’Merga sing mbok omongké kuwi ora bener lan kowé ya ngaku-ngaku ndelok wahyu, Aku bakal nglawan kowé,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”+  Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan para nabi sing ngaku-ngaku ndelok wahyu lan sing ramalané ngapusi.+ Wong-wong kuwi ora bakal ana manèh ing antarané wong-wong sing akrab karo Aku. Wong-wong kuwi ya ora bakal ditulis ing daftar silsilahé wong Israèl lan ora bakal bali manèh ing Israèl. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.+ 10  Kuwi kabèh kelakon merga wong-wong kuwi nyesatké umat-Ku. Wong-wong kuwi kandha, ”Ana damai,” padahal ora ana damai.+ Pas ana sing mbangun témbok sing rapuh, wong-wong kuwi nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih.’*+ 11  ”Kandhanana wong-wong sing nutupi témbok nganggo cèt putih kuwi nèk témbok kuwi bakal ambruk. Udan sing deres banget, udan watu, lan badai sing medèni banget bakal nyebabké témbok kuwi hancur.+ 12  Pas témbok kuwi hancur, wong-wong bakal nakoni kowé, ’Apa gunané témbok kuwi mbok cèt putih?’+ 13  ”Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Merga nesu, Aku bakal nyebabké badai sing medèni banget, udan sing deres banget, lan udan watu bèn ngancurké témbok watu kuwi. 14  Témbok sing wis mbok cèt putih kuwi bakal Tak ambrukké lan Tak gawé rata karo lemah. Pondhasiné ya bakal kétok. Pas kutha kuwi hancur, kowé ya bakal mati ing kana, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’ 15  ”’Pas Aku nduduhké nèk Aku nesu banget karo témbok kuwi lan karo wong-wong sing nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih, Aku bakal kandha marang kowé, ”Témbok kuwi wis ora ana manèh, lan wong-wong sing nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih ya wis ora ana manèh.+ 16  Para nabi ing Israèl wis musnah, yaiku wong-wong sing mènèhi ramalan soal Yérusalèm lan sing ndelok wahyu nèk bakal ana damai ing kana, padahal ora ana damai,”’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 17  ”Ning kowé, hé anaké manungsa, deloken wong-wong wédok ing antarané bangsamu sing padha nyampèkké ramalan saka pikirané dhéwé. Wènèhana ramalan soal wong-wong wédok kuwi. 18  Kandhanana wong-wong wédok kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan wong-wong wédok sing njait pita-pita kanggo ditalèkké ing lengené* lan nggawé kudhung sing ukurané macem-macem bèn isa mburu nyawané wong. Apa kowé ya arep mburu nyawané umat-Ku bèn kowé isa nylametké awakmu dhéwé? 19  Apa kowé arep ngrèmèhké Aku ing antarané umat-Ku mung bèn isa éntuk sak gegem barli lan roti sithik?+ Kowé ngapusi umat-Ku, lan umat-Ku ya ngrungokké kowé. Wong-wong sing kuduné ora pantes mati malah mbok patèni, lan wong sing kuduné mati malah ora mbok patèni.”’+ 20  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé wong-wong wédok, Aku sengit karo pita-pita sing mbok enggo mburu wong-wong. Kowé mburu wong-wong kuwi kaya nèk kowé mburu manuk. Pita-pita kuwi bakal Tak suwèk saka lengenmu, lan wong-wong sing mbok buru kaya manuk kuwi bakal Tak bébaské. 21  Aku bakal nyuwèk kudhungmu lan nylametké umat-Ku. Umat-Ku ora bakal mbok buru manèh, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 22  Kowé wis ngapusi wong sing bener, lan kuwi nyebabké wong kuwi dadi ora semangat,+ padahal Aku ora péngin nyebabké wong kuwi susah. Kowé malah nyemangati wong jahat+ bèn terus nindakké sing jahat lan akhiré wong kuwi mati.+ 23  Kuwi sebabé hé wong-wong wédok, kowé ora bakal ngramal manèh utawa ngaku-ngaku ndelok wahyu.+ Aku bakal nylametké umat-Ku saka kowé, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

Katrangan Tambahan

Maksudé, bèn témboké kétok kuwat.
Maksudé, pita sing dienggo jimat. Pita kuwi ditalèkké ing sikut utawa pergelangan tangan.