Yèhèzkièl 15:1-8

  • Yérusalèm kuwi wit anggur sing ora ana gunané (1-8)

15  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, apa kayu saka wit anggur luwih apik timbang kayu saka wit utawa cabang liyané ing hutan?  Apa kayu saka wit anggur ana gunané? Apa kuwi isa dienggo nggawé canthèlan kanggo nyanthèlké barang-barang?  Kayu kuwi diuncalké ing geni dadi kayu bakar. Bagéan pucuk-pucuké kobong, lan bagéan tengahé ya kobong dadi areng. Apa kuwi isih ana gunané?  Pas isih wutuh waé ora ana gunané, apa manèh nèk wis kobong lan dadi areng.”  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Penduduk Yérusalèm+ ya bakal Tak gawé kaya kayu saka wit anggur ing antarané wit-wit ing hutan, sing bakal Tak uncalké ing geni dadi kayu bakar.  Aku bakal nglawan wong-wong kuwi. Senajan isa slamet saka geni, wong-wong kuwi akhiré bakal tetep diobong nganggo geni. Pas Aku ngukum wong-wong kuwi, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+  ”’Aku bakal nggawé tanah kuwi telantar,+ merga wong-wong kuwi ora setya,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan