Yèhèzkièl 17:1-24

  • Teka-teki soal manuk elang loro lan wit anggur (1-21)

  • Tunas sing isih enom bakal dadi wit aras sing gedhé (22-24)

17  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, sampèkna teka-teki lan peribahasa soal wong Israèl.+  Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Ana manuk elang+ gedhé sing sayapé amba, ujung sayapé dawa, lan wuluné akèh lan warna-warni. Manuk kuwi teka ing Lébanon+ lan ménclok ing pucuké wit aras.+  Manuk kuwi nyeklèk tunasé sing paling dhuwur, terus kuwi digawa ing tanah Kanaan* lan ditandur ing kuthané para pedagang.+  Manuk kuwi ya njupuk benih saka tanah kuwi,+ terus ditandur ing ladhang sing subur. Manuk kuwi nandur benih mau kaya nandur wit* sing thukul ing pinggir kali.  Terus, benih kuwi metu tunasé lan thukul dadi wit anggur+ sing cendhèk lan mrambat ing ngisor. Godhong lan rantingé rimbun, lan akaré ana ing ngisoré. Benih kuwi akhiré dadi wit anggur, ngasilké tunas, lan ngetokké cabang.+  ”’”Terus ana manuk elang gedhé liyané sing teka.+ Sayapé manuk kuwi amba, lan ujung sayapé dawa.+ Wit anggur mau ngupaya ngrambatké akaré marang manuk kuwi, adoh saka panggonan wit kuwi ditandur. Godhong lan rantingé ya dirambatké marang manuk kuwi bèn dialiri banyu,+  padahal wit kuwi wis ditandur ing ladhang sing apik ing pinggir kali supaya isa ngetokké buah lan dadi wit anggur sing apik.”’+  ”Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Apa wit kuwi bakal subur? Wong kan mesthi bakal nyabut akaré+ bèn buahé bosok lan tunasé layu, ta?+ Wit kuwi bakal dadi garing banget nganti isa dicabut tekan akaré. Ora perlu tangan sing kuwat utawa wong akèh kanggo nyabut kuwi. 10  Senajan wit kuwi ditandur manèh ing panggonan liya, apa wit kuwi bakal subur? Nèk kena angin saka wétan, wit kuwi kan mesthi bakal garing banget, ta? Wit kuwi mesthi bakal garing ing panggonan wit kuwi thukul.”’” 11  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 12  ”Tulung kandhanana bangsa sing seneng mbrontak kuwi, ’Kowé ngerti apa ora maksudé kuwi kabèh?’ Ngomonga ngéné, ’Raja Babilon teka menyang Yérusalèm, terus nangkep raja lan para pejabaté. Dhèwèké nggawa wong-wong kuwi menyang Babilon.+ 13  Sakliyané kuwi, raja Babilon njupuk salah siji keturunané*+ raja, nggawé perjanjian karo wong kuwi, lan ngongkon wong kuwi sumpah.+ Wong-wong penting ing tanah kuwi ya digawa lunga,+ 14  supaya bangsa kuwi direndhahké lan ora nduwé kekuwatan manèh. Bangsa kuwi isa terus ana mung nèk padha manut karo perjanjiané.+ 15  Ning, raja Yéhuda mbrontak nglawan raja Babilon.+ Raja Yéhuda ngirim utusan menyang Mesir kanggo njaluk jaran+ lan pasukan sing gedhé.+ Apa dhèwèké bakal berhasil? Apa wong sing nindakké kuwi kabèh ora bakal dihukum? Mosok dhèwèké ora dihukum padahal wis nglanggar perjanjian?’+ 16  ”’”Aku sumpah demi Aku sing urip,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ”dhèwèké bakal mati ing Babilon, ing panggonané raja* sing wis ngangkat dhèwèké* dadi raja, merga dhèwèké ngrèmèhké sumpahé lan nglanggar perjanjiané.+ 17  Kabèh tentara sing ana ing pasukané Firaun ora bakal isa nulungi+ dhèwèké pas pasukané Babilon mbangun kubu lan témbok pengepungan bèn isa matèni akèh wong. 18  Dhèwèké ngrèmèhké sumpah lan nglanggar perjanjian. Senajan wis janji, dhèwèké tetep nindakké kuwi kabèh. Dhèwèké ora bakal lolos.”’ 19  ”’Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku sumpah demi Aku sing urip, Aku bakal mbales dhèwèké sesuai karo tumindaké merga dhèwèké wis ngrèmèhké sumpahé marang Aku+ lan nglanggar perjanjiané karo Aku. 20  Aku bakal nguncalké jaring-Ku, lan dhèwèké bakal ketangkep ing jaring kuwi.+ Aku bakal nggawa dhèwèké menyang Babilon lan ngadili dhèwèké ing kana merga dhèwèké ora setya karo Aku.+ 21  Tentarané sing mlayu bakal dipatèni nganggo pedhang, lan sing isih urip bakal dipencarké ing endi-endi.+ Terus, kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.”’+ 22  ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal njupuk tunas saka pucuk wit aras sing dhuwur kuwi,+ terus bakal Tak tandur. Saka pucuk cabangé, Aku bakal nyeklèk tunasé+ sing isih enom, terus Tak tandur ing gunung sing dhuwur banget.+ 23  Tunas kuwi bakal Tak tandur ing gunung sing dhuwur ing Israèl. Cabang-cabangé bakal thukul, lan wit kuwi bakal ngasilké buah, terus dadi wit aras sing gedhé. Kabèh jenis manuk bakal nggawé susuh ing ngisoré lan manggon ing ngisor ranting lan godhongé. 24  Kabèh wit ing ladhang bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngrendhahké wit sing dhuwur lan ngunggulké wit sing cendhèk.+ Wit sing seger Tak gawé dadi garing, lan wit sing garing dadi metu kembangé.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi lan wis nindakké kuwi.”’”

Katrangan Tambahan

Utawa ”tanahé para pedagang”.
Maksudé, wit wilow. Wit iki cabangé dawa. Godhongé cilik-cilik lan dawa.
Lit.: ”benihé”.
Maksudé, Nébukhadnézar.
Maksudé, Zédékia.