Yèhèzkièl 2:1-10

  • Yèhèzkièl ditugaské dadi nabi (1-10)

    • ”Ora soal bangsa kuwi gelem ngrungokké apa ora” (5)

    • Ndelok gulungan sing isiné lagu sedhih (9, 10)

2  Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa,* ngadega bèn Aku isa ngomong karo kowé.”+  Pas Dhèwèké ngomong karo aku, aku éntuk roh suci sing nggawé aku isa ngadeg,+ bèn aku isa ngrungokké Dhèwèké sing omongan karo aku.  Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, kowé Tak utus marang wong Israèl,+ marang bangsa-bangsa* sing mbrontak nglawan Aku.+ Wong-wong kuwi lan nènèk moyangé wis nglanggar hukum-Ku nganti dina iki.+  Aku ngutus kowé marang wong-wong sing kurang ajar lan ndableg.+ Kandhanana wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’  Ora soal bangsa kuwi gelem ngrungokké apa ora, merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak,+ wong-wong kuwi mesthi bakal ngerti nèk ana nabi ing antarané wong-wong kuwi.+  ”Ning kowé, hé anaké manungsa, aja wedi karo wong-wong kuwi.+ Aja wedi karo omongané wong-wong kuwi, senajan kowé diubengi semak berduri*+ lan manggon ing antarané kalajengking. Aja wedi karo omongané wong-wong kuwi,+ lan aja wedi karo penampilané,+ merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.  Kowé kudu nyampèkké omongan-Ku marang wong-wong kuwi, embuh padha ngrungokké apa ora, merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.+  ”Ning kowé, hé anaké manungsa, rungokna apa sing Tak omongké marang kowé. Aja dadi kaya bangsa sing seneng mbrontak kuwi. Kowé kudu mangap lan mangan apa sing Tak wènèhké marang kowé.”+  Terus, aku ndelok ana sing ngulurké tangané marang aku.+ Ing tangané kuwi ana gulungan.+ 10  Dhèwèké mbukak gulungan kuwi ing ngarepku. Ing bagéan ngarep lan mburiné gulungan kuwi ana tulisané.+ Isiné gulungan kuwi lagu sedhih lan apa waé sing nggawé wong dadi nangis.+

Katrangan Tambahan

Ing buku Yèhèzkièl, sebutan ”anaké manungsa” digunakké ping 93. Iki sing pertama.
Mungkin maksudé wong Israèl lan Yéhuda.
Utawa mungkin ”senajan wong-wong kuwi ndableg lan kaya barang sing isa nusuk kowé”.