Yèhèzkièl 20:1-49

  • Wong Israèl seneng mbrontak (1-32)

  • Israèl bakal diklumpukké manèh (33-44)

  • Nyampèkké ramalan marang hutan ing kidul (45-49)

20  Ing dina kesepuluh, sasi kelima, taun kepitu, ana para pemimpin* Israèl sing lungguh ing ngarepku merga arep njaluk tuntunané Yéhuwah.  Terus Yéhuwah kandha marang aku,  ”Hé anaké manungsa, kandhanana para pemimpin Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Apa kowé teka arep njaluk tuntunan saka Aku? ’Aku sumpah demi Aku sing urip, Aku ora bakal njawab kowé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’  ”Hé anaké manungsa, apa kowé siap ngadili* para pemimpin kuwi? Apa kowé siap ngadili para pemimpin kuwi? Kandhanana para pemimpin kuwi soal tumindak sing njijiki sing ditindakké nènèk moyangé.+  Kandhanana para pemimpin kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Wektu milih Israèl,+ Aku ya sumpah* marang keturunané Yakub. Ing Mesir,+ Aku ngandhani wong-wong kuwi soal sapa Aku iki. Aku sumpah marang wong-wong kuwi lan kandha, ’Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’  Wektu kuwi, Aku sumpah nèk bakal nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir menyang tanah sing wis Tak pilihké kanggo wong-wong kuwi, yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ Kuwi tanah sing paling apik.  Terus Aku kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé kabèh kudu mbuwang barang-barang sing njijiki sing ana ing ngarepmu. Aja nggawé awakmu dadi najis merga brahala-brahala sing njijiki saka Mesir kuwi.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’+  ”’”Ning, wong-wong kuwi mbrontak nglawan Aku lan ora gelem ngrungokké Aku. Wong-wong kuwi ora mbuwang barang-barang sing njijiki sing ana ing ngarepé lan ora gelem ninggalké brahala-brahala sing njijiki saka Mesir.+ Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku. Aku bakal bener-bener nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi ing Mesir.  Ning, Aku ora sida nindakké kuwi bèn jeneng-Ku ora digawé najis ing ngarepé bangsa-bangsa ing sekitaré panggonané wong-wong kuwi.+ Kuwi merga ing ngarepé kabèh bangsa kuwi, Aku wis ngandhani wong-wong kuwi* soal sapa Aku iki pas Aku nggawa wong-wong kuwi* metu saka Mesir.+ 10  Mula, Aku nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir lan nuntun wong-wong kuwi menyang padhang belantara.+ 11  ”’”Terus, Aku mènèhi peraturan-Ku lan ngandhani keputusan hukum-Ku marang wong-wong kuwi,+ bèn wong sing gelem manut isa tetep urip.+ 12  Aku ya mènèhké sabat marang wong-wong kuwi+ bèn dadi tandha perjanjian antarané Aku lan wong-wong kuwi,+ lan bèn wong-wong kuwi ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing nyucèkké wong-wong kuwi. 13  ”’”Ning, wong Israèl mbrontak nglawan Aku ing padhang belantara.+ Wong-wong kuwi ora manut peraturan-Ku lan nolak keputusan hukum-Ku. Padahal nèk gelem manut, wong-wong kuwi isa tetep urip. Wong-wong kuwi nggawé najis sabat-Ku. Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku marang wong-wong kuwi ing padhang belantara bèn wong-wong kuwi musnah.+ 14  Ning, Aku ora sida nindakké kuwi bèn jeneng-Ku ora digawé najis ing ngarepé bangsa-bangsa, yaiku bangsa-bangsa sing ndelok Aku nggawa wong-wong kuwi* metu saka Mesir.+ 15  Ing padhang belantara, Aku ya sumpah nèk ora bakal nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing wis Tak janjèkké arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ Kuwi tanah sing paling apik. 16  Wong-wong kuwi nolak keputusan hukum-Ku, ora manut peraturan-Ku, lan nggawé najis sabat-Ku merga luwih seneng nyembah brahala-brahalané sing njijiki.+ 17  ”’”Ning, Aku mesakké karo wong-wong kuwi, lan Aku ora nyingkirké wong-wong kuwi. Aku ora nyingkirké wong-wong kuwi ing padhang belantara. 18  Aku kandha marang keturunané wong-wong kuwi ing padhang belantara,+ ’Peraturan sing digawé nènèk moyangmu aja mbok tindakké.+ Aja manut hukumé, lan aja nggawé awakmu dadi najis merga brahala-brahalané sing njijiki. 19  Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu manut karo peraturan-peraturan-Ku lan keputusan hukum-Ku. Kowé kudu nindakké kuwi kabèh.+ 20  Kowé kudu nyucèkké sabat-Ku,+ lan kuwi bakal dadi tandha kanggo ngélingké kowé nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’+ 21  ”’”Ning, wong-wong kuwi mulai mbrontak nglawan Aku.+ Wong-wong kuwi ora manut peraturan-Ku. Wong-wong kuwi ya ora manut lan ora nindakké keputusan hukum-Ku. Padahal nèk gelem manut, wong-wong kuwi isa tetep urip. Wong-wong kuwi nggawé najis sabat-Ku. Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku. Aku bakal bener-bener nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi ing padhang belantara.+ 22  Ning, Aku ngupaya bèn ora nesu.+ Aku ora sida nindakké kuwi bèn jeneng-Ku+ ora digawé najis ing ngarepé bangsa-bangsa liya, yaiku bangsa-bangsa sing ndelok Aku nggawa wong-wong kuwi* metu. 23  Aku ya sumpah marang wong-wong kuwi ing padhang belantara nèk Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya,+ 24  sebab wong-wong kuwi ora nindakké keputusan hukum-Ku, nolak peraturan-Ku,+ nggawé najis sabat-Ku, lan nyembah brahala-brahala sing njijiki sing disembah nènèk moyangé.+ 25  Aku meneng waé pas wong-wong kuwi nindakké peraturan sing ora apik lan nindakké keputusan hukum sing ora isa nggawé wong-wong kuwi tetep urip.+ 26  Pas wong-wong kuwi ngobong anak pertamané dadi korban,+ Aku meneng waé, padahal kuwi isa nggawé wong-wong kuwi dadi najis. Kuwi Tak tindakké bèn wong-wong kuwi mati lan padha ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’ 27  ”Mula hé anaké manungsa, kandhanana wong Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Nènèk moyangmu ya ngrèmèhké Aku wektu padha ora setya. 28  Aku nggawa nènèk moyangmu menyang tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Pas padha ndelok bukit-bukit sing dhuwur lan wit-wit sing rimbun,+ wong-wong kuwi mulai mènèhké korban lan persembahan sing nggawé Aku ora seneng. Wong-wong kuwi mènèhké korban sing ambuné nggawé seneng lan ngesokké persembahan minuman ing kana. 29  Mula Aku takon, ’Kowé menyang panggonan dhuwur* kuwi arep ngapa? (Panggonan kuwi isih disebut Panggonan Dhuwur nganti saiki.)’”’+ 30  ”Saiki kandhanana wong Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Apa kowé arep mèlu-mèlu nènèk moyangmu sing padha nyembah brahala sing njijiki lan tumindak ora setya marang Aku, padahal kuwi isa nggawé kowé najis?+ 31  Hé wong Israèl, apa nganti saiki kowé isih mènèhké korban marang brahala-brahalamu sing njijiki lan ngobong anakmu lanang utawa wédok dadi korban?+ Pas kowé nindakké kuwi, mosok Aku kudu njawab kowé?”’+ ”’Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Aku ora bakal njawab kowé.+ 32  Apa sing mbok pikirké ora bakal kelakon, yaiku pas kowé ngomong, ”Ayo awaké dhéwé nyembah kayu lan watu kaya wong-wong saka bangsa-bangsa liya.”’”+ 33  ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Aku sumpah demi Aku sing urip nèk Aku bakal mréntah dadi rajamu. Aku bakal nggunakké kekuwatan lan kuwasa-Ku sing gedhé kanggo ngukum kowé. Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang kowé.+ 34  Bar kowé dipencarké menyang endi-endi, Aku bakal nggunakké kekuwatan, kuwasa-Ku sing gedhé, lan rasa nesu-Ku kanggo nggawa kowé metu saka bangsa-bangsa lan nglumpukké kowé saka tanah panggonanmu kesebar.+ 35  Terus, kowé bakal Tak gawa menyang padhang belantarané bangsa-bangsa, lan kowé bakal Tak adili langsung ing kana.+ 36  ”’Kowé bakal Tak adili kaya pas Aku ngadili nènèk moyangmu ing padhang belantara Mesir,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 37  ’Aku bakal nggawé kowé kaya domba sing liwat ing ngisor tongkaté gembalané+ lan nggawé kowé nepati perjanjian. 38  Ning, wong-wong sing mbrontak lan sing nglanggar hukum-Ku bakal Tak singkirké saka antaramu.+ Wong-wong kuwi bakal Tak gawa metu saka tanah panggonané wong-wong kuwi dadi penduduk asing, ning wong-wong kuwi ora bakal manggon ing Israèl.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’ 39  ”Hé wong Israèl, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Lungaa, lan sembahen brahalamu sing njijiki kuwi.+ Ning bar kuwi, senajan kowé ora gelem ngrungokké Aku, kowé ora bakal isa nggawé jeneng-Ku sing suci dadi najis nganggo korban-korbanmu lan brahala-brahalamu sing njijiki kuwi.’+ 40  ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Ing gunung suci-Ku, ing gunung sing dhuwur ing Israèl,+ kabèh wong Israèl, yaiku kowé kabèh, bakal nglayani Aku.+ Ing kana, Aku bakal seneng lan njaluk kowé mènèhké sumbangan lan persembahanmu sing paling apik, yaiku kabèh duwèkmu sing suci.+ 41  Merga ambuné persembahanmu nggawé Aku seneng, Aku ya bakal seneng pas nggawa kowé metu saka bangsa-bangsa lan nglumpukké kowé saka tanah panggonanmu kesebar.+ Aku bakal nduduhké marang kowé nèk Aku iki suci, lan bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki suci.’+ 42  ”’Wektu Aku nggawa kowé menyang Israèl,+ yaiku tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah arep Tak wènèhké marang nènèk moyangmu, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 43  Ing kana, kowé bakal kèlingan karo kelakuan lan kabèh tumindakmu sing nggawé kowé najis.+ Kowé bakal jijik karo awakmu dhéwé merga kabèh tumindakmu sing jahat.+ 44  Hé wong Israèl, Aku ora bakal ngukum kowé sesuai karo tumindakmu sing jahat utawa kelakuanmu sing bejat. Aku bakal ngluhurké jeneng-Ku.+ Wektu kuwi, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.” 45  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 46  ”Hé anaké manungsa, madhepa ngidul, lan umumna ing kidul. Sampèkna ramalan marang hutan ing dhaérah kidul. 47  Ngomonga marang hutan ing kidul, ’Rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Kowé bakal Tak obong, lan geni kuwi+ bakal ngobong kabèh wit sing isih seger lan sing garing. Geniné ora bakal mati.+ Saka lor nganti kidul, kabèh wong bakal ngrasakké panasé geni kuwi. 48  Kabèh wong bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing wis ngobong kuwi, lan geni kuwi bakal terus murub.”’”+ 49  Terus aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Wong-wong kuwi kandha, ’Sing dhèwèké omongké kuwi mung teka-teki.’”*

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”siap ngumumké hukuman kanggo”.
Lit.: ”Aku ya ngangkat tangan-Ku”.
Maksudé, Israèl.
Maksudé, Israèl.
Maksudé, Israèl.
Maksudé, Israèl.
Utawa ”peribahasa”.