Yèhèzkièl 22:1-31

  • Yérusalèm kuwi kutha sing penduduké matèni wong akèh (1-16)

  • Israèl kuwi kaya kotoran logam sing ora ana gunané (17-22)

  • Israèl lan para pemimpiné bakal dihukum (23-31)

22  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, apa kowé siap ngumumké hukuman marang kutha sing penduduké matèni wong akèh*+ lan ngandhani kabèh tumindaké sing Tak sengiti?+  Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé kowé kutha sing penduduké matèni wong akèh,+ sedhéla manèh kowé bakal dihukum.+ Kowé nggawé brahala-brahala sing njijiki+ bèn awakmu dadi najis.  Kowé salah merga seneng matèni.+ Kowé najis merga brahala-brahalamu sing njijiki.+ Kowé bakal Tak hukum, lan kuwi bakal kelakon sedhéla manèh. Kuwi sebabé Aku bakal nggawé kowé dirèmèhké bangsa-bangsa lan diécé kabèh negara.+  Kowé kuwi kutha sing jenengé wis èlèk+ lan kebak masalah. Negara-negara sing cedhak lan sing adoh bakal ngécé kowé.  Kabèh pemimpin Israèl sing ana ing antaramu nggunakké kekuasaané kanggo matèni.+  Ing kutha kuwi, wong-wong padha ora ngajèni wong tuwané,+ ngapusi penduduk asing, lan nindhes anak yatim* lan randha.”’”+  ”’Kowé ngrèmèhké panggonan suci-Ku lan nggawé najis sabat-Ku.+  Ing antaramu, ana pemfitnah sing seneng matèni,+ ana wong sing mangan korban sing diwènèhké marang brahala ing pegunungan, lan ana wong sing tumindaké bejat.+ 10  Ana manèh sing turu karo bojoné bapaké,+ lan ana sing turu karo wong wédok sing lagi najis merga mènstruasi.+ 11  Ana manèh wong lanang sing nindakké apa sing njijiki karo bojoné wong liya,+ wong lanang sing nindakké apa sing bejat karo mantuné wédok+ lan nggawé wong wédok kuwi najis, lan wong lanang sing turu karo mbakyuné utawa adhiné wédok, yaiku anak-anaké wédok bapaké.+ 12  Ana sing nampa suap kanggo matèni wong.+ Kowé ngutangi dhuwit+ bèn éntuk bunga utawa bathi, lan kowé meres dhuwité wong liya.+ Kowé bener-bener wis lali karo Aku,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 13  ”’Aku jijik merga ngerti kowé nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur lan merga kowé matèni wong. 14  Apa kowé bakal tetep kendel* lan kuwat pas Tak hukum?+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi, lan Aku bakal nindakké kuwi. 15  Aku bakal nggawé kowé kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.+ Aku bakal nggawé kowé ora nindakké sing najis manèh.+ 16  Kowé bakal direndhahké ing ngarepé bangsa-bangsa, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+ 17  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 18  ”Hé anaké manungsa, kanggo-Ku wong Israèl kuwi kaya kotoran logam sing ora ana gunané. Wong-wong kuwi kaya tembaga, timah putih, wesi, lan timah hitam ing njero tungku. Wong-wong kuwi kaya kotorané pérak.+ 19  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kanggo-Ku, kowé kuwi kaya kotoran logam sing ora ana gunané,+ mula Aku bakal nglumpukké kowé ing njero kutha Yérusalèm. 20  Kaya pérak, tembaga, wesi, timah hitam, lan timah putih sing diklumpukké ing njero tungku lan geni ing ngisoré disebul bèn logam-logam kuwi melèlèh, ya kaya ngono kuwi Aku bakal nglumpukké kowé pas Aku nesu banget. Aku bakal nyebul kowé, lan kowé bakal Tak lebur kaya logam-logam mau.+ 21  Aku bakal nglumpukké kowé lan nyebul kowé nganggo geni sing nduduhké rasa nesu-Ku.+ Kowé bakal melèlèh ing kutha kuwi.+ 22  Kaya pérak sing melèlèh ing tungku, kowé ya bakal melèlèh ing kutha kuwi. Kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis nduduhké nèk Aku nesu karo kowé.’” 23  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 24  ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang Yérusalèm, ’Kowé kuwi kutha sing reged lan ora bakal éntuk udan pas Aku nesu banget. 25  Para nabimu padha sekongkol,+ kaya singa sing nggero sing nyabik-nyabik mangsané.+ Para nabi kuwi matèni wong, ngrampas harta lan barang-barang sing berharga, lan nggawé jumlahé randha-randha ing kana dadi akèh banget. 26  Para imammu nglanggar hukum-Ku+ lan terus nggawé najis panggonan suci-Ku.+ Para imam kuwi ora misahké apa sing suci lan sing ora suci,+ ora ngandhani soal endi sing najis lan sing ora najis,+ lan ora gelem nindakké sabat-Ku lan ora ngajèni Aku. 27  Para pemimpinmu kaya serigala sing nyabik-nyabik mangsané. Para pemimpin kuwi nyerang lan matèni wong-wong bèn isa sugih.+ 28  Ning, para nabimu nutup-nutupi tumindaké para pemimpin kuwi kaya nutupi témbok sing retak nganggo cèt putih. Para nabi kuwi nyampèkké wahyu sing palsu lan ramalan sing ora bener.+ Para nabi kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah,” padahal Yéhuwah ora ngomong apa-apa. 29  Wong-wong padha ngapusi lan ngrampok,+ nindhes wong sing susah lan mlarat, lan ngapusi lan ora adil karo penduduk asing.’ 30  ”’Saka antarané wong-wong kuwi, Aku nggolèk wong sing gelem ndandani témbok watu kuwi utawa ngadeg ing ngarep-Ku ing bagéan témbok sing jebol kuwi kanggo njaga tanah kuwi bèn ora hancur,+ ning ora ana wong sing gelem. 31  Mula, Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga Aku nesu. Kaya geni, Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi. Aku bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo kelakuané,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”kutha sing utang getih”.
Utawa ”yatim piatu”.
Lit.: ”Apa atimu isa tahan”