Yèhèzkièl 23:1-49

  • Mbakyu adhi sing ora setya (1-49)

    • Ohola karo Asiria (5-10)

    • Oholiba karo Babilon lan Mesir (11-35)

    • Hukuman kanggo mbakyu adhi kuwi (36-49)

23  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, ana wong wédok loro mbakyu adhi sing ibuné padha.+  Kèt isih enom, wong loro kuwi dadi pelacur ing Mesir.+ Ing kana, wong loro kuwi nindakké hubungan sèks sing ora pantes lan wis ora prawan manèh.*  Mbakyuné jenengé Ohola,* lan adhiné jenengé Oholiba.* Wong loro kuwi dadi duwèk-Ku lan nglairké anak lanang lan wédok. Ohola kuwi Samaria,+ lan Oholiba kuwi Yérusalèm.  ”Wektu isih dadi duwèk-Ku, Ohola mulai melacur.+ Dhèwèké nafsu karo tanggané, yaiku wong Asiria,+ sing dadi kekasih-kekasihé.+  Wong-wong kuwi para gubernur lan pejabat sing klambiné biru. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng lan numpak jaran.  Dhèwèké terus-terusan melacur karo kabèh wong penting ing Asiria. Dhèwèké nggawé awaké dadi najis+ nganggo brahala-brahala sing njijiki* sing dipéngini.  Dhèwèké ora gelem mandheg melacur kaya sing wis ditindakké kèt ing Mesir. Kèt dhèwèké isih enom, wong-wong kuwi* wis turu karo dhèwèké, nggawé dhèwèké dadi ora prawan manèh, lan nguja nafsuné karo dhèwèké.+  Mula, Aku nyerahké dhèwèké marang kekasih-kekasihé sing dipéngini, yaiku wong Asiria.+ 10  Wong-wong kuwi nggawé dhèwèké dadi wuda,+ ngrampas anaké lanang lan wédok,+ lan matèni dhèwèké nganggo pedhang. Jenengé dadi èlèk ing antarané wong-wong wédok, lan dhèwèké dihukum. 11  ”Wektu adhiné, yaiku Oholiba, ndelok kuwi, dhèwèké dadi luwih bejat, lan pelacurané dadi luwih parah timbang mbakyuné.+ 12  Dhèwèké nafsu karo tanggané, yaiku wong Asiria.+ Wong-wong kuwi para gubernur lan pejabat sing klambiné apik lan numpak jaran. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng. 13  Oholiba nggawé awaké dadi najis. Wektu ndelok kuwi, Aku dadi ngerti nèk kelakuané wong loro kuwi padha waé.+ 14  Malah, pelacurané Oholiba luwih parah. Dhèwèké ndelok gambaré wong lanang sing diukir ing témbok, yaiku gambaré wong Khaldéa, sing diukir lan diwarnai abang, 15  sing nganggo sabuk lan serban sing dawa. Penampilané kaya prajurit. Kuwi kabèh nggambarké wong Babilon sing lair ing tanah Khaldéa. 16  Pas ndelok gambar kuwi, dhèwèké mulai nafsu lan ngirim utusan marang wong-wong ing Khaldéa.+ 17  Mula, wong Babilon padha teka lan turu karo dhèwèké. Karo nafsu, wong-wong kuwi nggawé dhèwèké dadi najis. Bar digawé najis, dhèwèké ninggalké wong-wong kuwi merga jijik. 18  ”Pas dhèwèké terang-terangan melacur lan nduduhké nèk dhèwèké wuda,+ Aku ninggalké dhèwèké merga jijik, kaya Aku wis ninggalké mbakyuné merga jijik.+ 19  Dhèwèké dadi saya kerep melacur,+ lan kuwi ngélingké dhèwèké nèk pas isih enom dhèwèké tau melacur ing Mesir.+ 20  Dhèwèké kaya selir sing nafsu karo kekasih-kekasihé, yaiku wong lanang sing nafsuné gedhé banget kaya keledai lan jaran. 21  Hé Oholiba, kowé péngin banget nindakké sing bejat kaya sing tau mbok tindakké ing Mesir+ pas kowé isih enom, yaiku wektu kowé nindakké hubungan sèks sing ora pantes.*+ 22  ”Mula hé Oholiba, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé kowé diserang saka ngendi-endi+ karo kekasih-kekasihmu+ sing wis mbok tinggalké merga jijik, 23  yaiku wong Babilon+ lan kabèh wong Khaldéa,+ wong Pékod,+ Syoa, Koa, lan kabèh wong Asiria. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng lan numpak jaran, yaiku para gubernur, pejabat, para prajurit, lan wong-wong pilihan. 24  Wong-wong kuwi bakal nyerang kowé nganggo kréta perang lan pasukan sing gedhé sing nggawa tamèng gedhé, tamèng cilik, lan tutup sirah. Wong-wong kuwi bakal ngepung kowé. Aku bakal mènèhi wong-wong kuwi wewenang kanggo ngukum kowé, lan wong-wong kuwi bakal ngukum kowé sak karepé dhéwé.+ 25  Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang kowé. Wong-wong kuwi ya bakal ngukum kowé karo nesu. Irung lan kupingmu bakal dipotong, lan wong-wong sing isih urip bakal dipatèni nganggo pedhang. Anak-anakmu lanang lan wédok bakal digawa lunga, lan sing isih urip bakal diobong.+ 26  Klambimu bakal diuculi,+ lan perhiasanmu sing apik bakal dirampas.+ 27  Aku bakal nggawé kowé ora nindakké sing bejat manèh lan ora melacur manèh+ kaya sing mbok tindakké kèt kowé ana ing Mesir.+ Kowé ora bakal ndelok wong-wong kuwi* manèh, lan kowé ora bakal ngéling-éling Mesir manèh.’ 28  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké kowé marang wong sing mbok sengiti lan sing mbok tinggalké merga jijik.+ 29  Wong-wong kuwi bakal sengit karo kowé lan ngrampas kabèh hasil kerja kerasmu,+ terus kowé bakal ditinggal pas isih wuda. Kabèh wong bakal ndelok kowé wuda. Wong-wong kuwi bakal ndelok kabèh tumindakmu sing bejat. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk kowé kuwi pelacur.+ 30  Kowé bakal ngalami kuwi kabèh, merga kowé ngoyak* bangsa-bangsa liya kaya pelacur+ lan merga kowé nggawé awakmu dadi najis nganggo brahala-brahalané sing njijiki.+ 31  Kowé niru kelakuané mbakyumu, lan kowé bakal Tak hukum kaya mbakyumu.+ Hukuman kuwi kaya gelas sing isiné anggur sing wis Tak wènèhké mbakyumu.’+ 32  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé bakal ngombé saka gelasé mbakyumu, gelas sing gedhé,+Yaiku gelas sing akèh isiné.+ Kowé bakal diécé lan digawé isin. 33  Kowé bakal ngombé nganti entèk saka gelasé mbakyumu, yaiku Samaria. Kowé bakal mabuk lan sedhih. Kowé bakal kewedèn lan ditelantarké. 34  Gelas kuwi bakal mbok ombé nganti entèk resik,+ lan pecahan gelas tanah liat kuwi bakal mbok pangan. Kowé bakal nyabik-nyabik payudaramu. ”Aku wis ngomongké kuwi,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’ 35  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé bakal ngrasakké akibat saka kelakuanmu sing bejat lan pelacuranmu, merga kowé lali karo Aku lan bener-bener ngrèmèhké Aku.’”+ 36  Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, apa kowé gelem nyampèkké hukuman kanggo Ohola lan Oholiba+ lan ngandhani soal tumindaké sing njijiki? 37  Wong wédok loro kuwi wis laku jina*+ lan matèni wong. Wong loro kuwi ora mung nyembah* brahala-brahalané sing njijiki, ning ya ngobong anak-anaké sing dilairké kanggo Aku bèn dadi panganané brahala-brahala kuwi.+ 38  Sakliyané kuwi, iki sing ditindakké wong loro kuwi: Wong loro kuwi nggawé panggonan suci-Ku dadi najis pas dina kuwi lan nggawé sabat-Ku dadi najis. 39  Bar mbelèh anak-anaké dadi korban kanggo brahala-brahalané sing njijiki,+ wong loro kuwi mlebu ing panggonan suci-Ku dina kuwi bèn panggonan suci-Ku dadi najis.+ Kuwi sing ditindakké wong loro kuwi ing omah-Ku dhéwé. 40  Malah, wong loro kuwi ngirim utusan bèn ngundang wong-wong lanang saka panggonan sing adoh.+ Hé Oholiba, pas wong-wong lanang kuwi teka, kowé adus, nganggo celak, lan dandan nganggo perhiasan.+ 41  Terus, kowé lungguh ing lungguhan sing apik.+ Ing ngarepé,+ ana méja sing mbok enggo ndèlèhké dupa+ lan minyak-Ku.+ 42  Ing kono, ana swarané wong-wong lanang sing lagi seneng-seneng. Ing antarané wong-wong lanang kuwi, ana wong-wong sing mabuk sing digawa saka padhang belantara. Wong-wong lanang kuwi nganggokké gelang ing tangan lan mahkota ing sirahé wong wédok loro mau. 43  ”Terus, Aku kandha soal wong wédok sing kekeselen merga kakèhan laku jina kuwi, ’Senajan ngono, dhèwèké bakal terus melacur.’ 44  Wong-wong lanang mau padha bola-bali marani wong wédok kuwi kaya wong sing marani pelacur. Ya kaya ngono kuwi wong-wong lanang mau marani Ohola lan Oholiba, yaiku wong-wong wédok sing kelakuané bejat. 45  Ning, wong-wong sing bener bakal mènèhi dhèwèké* hukuman sing pantes ditampa wong sing laku jina+ lan sing seneng matèni.+ Wong wédok loro kuwi wong sing laku jina lan seneng matèni.+ 46  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Bakal ana pasukan sing nyerang wong wédok loro kuwi. Barang-barangé wong wédok loro kuwi bakal dijarah, lan sapa waé sing ndelok wong wédok loro kuwi bakal wedi.+ 47  Pasukan kuwi bakal mbandhemi* watu+ lan matèni wong wédok loro kuwi nganggo pedhang. Anak-anaké lanang lan wédok+ bakal dipatèni, lan omah-omahé bakal diobong.+ 48  Aku bakal nggawé wong-wong ing tanah kuwi ora nindakké sing bejat manèh bèn kabèh wong wédok ora niru kelakuané sing bejat.+ 49  Pasukan kuwi bakal ngukum wong wédok loro kuwi merga kelakuané sing bejat lan merga dosané, yaiku nyembah brahala-brahalané sing njijiki. Wong wédok loro kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Ing kana, payudarané diremes-remes, lan dhadhané sing isih prawan didemèk-demèk”.
Artiné ”Kémahé”.
Artiné ”Kémahku Ana ing Njeroné”.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.
Mungkin maksudé wong Mesir.
Lit.: ”wektu dhadhamu, payudaramu pas kowé isih enom, diremes-remes”.
Maksudé, wong Mesir.
Utawa ”nguber”.
Maksudé, laku jina rohani.
Lit.: ”laku jina karo”, maksudé, laku jina rohani.
Mungkin maksudé Oholiba.
Utawa ”mbalangi”.