Yèhèzkièl 24:1-27

  • Yérusalèm kaya panci sing karaten (1-14)

  • Kematian bojoné Yèhèzkièl dadi tandha (15-27)

24  Ing dina kesepuluh, sasi kesepuluh, taun kesanga, Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, catheten tanggal iki,* tanggal dina iki, sebab dina iki raja Babilon mulai nyerang Yérusalèm.+  Sampèkna peribahasa soal bangsa sing seneng mbrontak kuwi. Ngomonga ngéné: ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Panciné dèlèhna ing geni, terus isènana banyu.+   Cemplungna potongan daging sing apik+ ing panci kuwi,Yaiku bagéan pupu lan pundhak. Terus, lebokna balung-balung sing paling apik nganti panciné kebak.   Jupuken domba sing paling apik.+ Tumpuken kayu ing ngisoré panci kuwi. Godhogen potongan daging karo balungé ing panci kuwi.”’  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Cilaka tenan kutha sing penduduké seneng matèni,+ panci sing karaten, sing karaté ora isa ilang. Tokna dagingé siji-siji,+ aja dipilihi.   Ing kutha kuwi, ana akèh wong sing dipatèni.+ Getihé wong sing dipatèni kuwi diwutahké ing tebing watu. Getih kuwi ora diwutahké ing lemah bèn isa ditutupi nganggo lemah.+   Getihé wong sing mbok patèni kuwi Tak ejarké waé ana ing tebing watuBèn ora isa ditutupi. Kuwi sebabé Aku dadi nesu lan péngin mbales kowé.’+  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Cilaka tenan kutha sing penduduké seneng matèni.+ Kayuné bakal Tak tambah bèn dadi saya akèh. 10  Tumpuken kayuné, urubna geniné,Godhogen dagingé nganti mateng, buwangen kalduné, lan bèn waé balungé dadi gosong. 11  Dèlèhna panci kosong kuwi ing ndhuwur bara bèn panas lan tembagané dadi panas banget nganti abang. Regedan ing njeroné bakal melèlèh,+ lan karaté ilang. 12  Ning, kuwi mung marahi mangkel lan keselMerga karaté sing kandel ora isa ilang.+ Uncalna panci karaten kuwi ing geni.’ 13  ”’Kowé najis merga kelakuanmu sing bejat.+ Aku wis nyoba ngresiki kowé, ning kowé isih tetep najis. Kowé bakal tetep najis nganti Aku ora nesu manèh karo kowé.+ 14  Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi. Kuwi mesthi bakal kelakon. Aku mesthi bakal nindakké kuwi. Aku ora bakal sedhih utawa gela.+ Kowé bakal dihukum sesuai kelakuan lan tumindakmu,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.” 15  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 16  ”Hé anaké manungsa, Aku bakal ujug-ujug nggawé kowé kélangan wong sing mbok sayangi.+ Aja sedhih, lan aja nangis. 17  Sambata ing njero ati. Aja nganakké acara perkabungan.+ Nganggoa serbanmu+ lan sandhalmu.+ Aja nutupi lambému,*+ lan aja mangan roti sing mbok tampa saka wong liya.”+ 18  Terus, pas ésuk aku ngomong karo wong-wong kuwi, lan benginé bojoku mati. Mula, sésuk ésuké aku nindakké persis kaya sing dipréntahké. 19  Wong-wong kuwi kandha marang aku, ”Ngapa kok kowé kaya ngono? Apa kuwi ana hubungané karo aku?” 20  Aku njawab, ”Yéhuwah kandha marang aku, 21  ’Ngomonga marang wong Israèl, ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé panggonan suci-Ku dadi najis,+ yaiku panggonan sing mbok banggakké, sing mbok anggep berharga, lan sing mbok senengi. Anak-anakmu lanang lan wédok sing mbok tinggalké bakal dipatèni nganggo pedhang.+ 22  Kowé kudu nindakké kaya sing ditindakké Yèhèzkièl. Kowé ora bakal nutupi lambému* lan ora bakal mangan roti sing mbok tampa saka wong liya.+ 23  Kowé bakal tetep nganggo serban lan sandhalmu. Kowé ora bakal sedhih utawa nangis. Ning, uripmu bakal sengsara merga kesalahanmu,+ lan kowé bakal padha sambat karo kancamu. 24  Yèhèzkièl bakal dadi tandha kanggo kowé.+ Kowé bakal nindakké kaya sing ditindakké Yèhèzkièl. Pas kuwi kelakon, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”’” 25  ”Hé kowé anaké manungsa, pas Aku njupuk anak-anaké wong-wong kuwi, sing lanang lan sing wédok, lan njupuk bèntèngé wong-wong kuwi, yaiku bèntèng sing dibanggakké, sing dianggep berharga, lan sing disenengi wong-wong kuwi,+ 26  kowé bakal éntuk laporan saka wong sing slamet.+ 27  Ing dina kuwi, kowé bakal isa ngomong manèh. Kowé bakal ngomong marang wong sing slamet mau lan ora dadi bisu manèh.+ Kowé bakal dadi tandha kanggo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”catheten jenengé dina iki”.
Utawa ”bréngosmu”.
Utawa ”bréngosmu”.