Yèhèzkièl 25:1-17

25  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, deloken wong Ammon,+ lan sampèkna ramalan soal wong-wong kuwi.+  Ngomonga soal wong Ammon, ’Rungokna omongané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Merga kowé seneng pas ndelok panggonan suci-Ku digawé najis, pas Israèl ditelantarké, lan pas wong Yéhuda ditawan,  mula Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong saka Wétan. Wong-wong kuwi bakal ngedegké kémahé ing antaramu lan ngedegké téndha-téndha ing tengah-tengahmu. Wong-wong kuwi bakal mangan hasil panènmu lan ngombé susu sing dihasilké ternakmu.  Aku bakal nggawé Raba+ dadi padhang rumput kanggo unta lan dhaérahé wong Ammon dadi panggonan istirahaté ternak. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’”  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé keplok-keplok+ lan jingkrak-jingkrak karo seneng. Kowé malah seneng lan ngécé pas ndelok Israèl susah.+  Mula, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan nyerahké kowé marang bangsa-bangsa liya bèn dijarah. Kowé bakal Tak singkirké bèn ora dadi bangsa manèh, lan kowé bakal Tak singkirké saka antarané negara-negara.+ Kowé bakal Tak singkirké, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Merga Moab+ lan Séir+ kandha, ”Wong Yéhuda padha karo kabèh bangsa liya,”  Aku bakal nggawé mungsuh nyerang kutha-kutha ing perbatasan Moab, termasuk kutha-kutha sing apik ing tanah kuwi, yaiku Bèt-yèsyimot, Baal-méon, nganti tekan Kiriataim.+ 10  Aku bakal nyerahké Moab lan wong Ammon marang wong-wong saka Wétan+ bèn wong Ammon ora diéling-éling manèh ing antarané bangsa-bangsa.+ 11  Moab+ bakal Tak hukum bèn wong-wong kuwi ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’ 12  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Édom wis ngukum wong Yéhuda. Kesalahané Édom kuwi gedhé banget merga wis balas dendam marang wong Yéhuda.+ 13  Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Édom. Aku bakal matèni wong Édom lan ternaké, lan tanahé bakal telantar.+ Kabèh penduduké Édom, saka Téman tekan Dédan, bakal Tak patèni nganggo pedhang.+ 14  ’Aku bakal nggunakké umat-Ku Israèl kanggo mbales Édom. Liwat wong Israèl,+ Édom bakal ngrasakké nèk Aku nesu banget lan bakal ngrasakké pembalasan-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’ 15  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Wong Filistin terus-terusan sengit karo Israèl. Wong-wong kuwi ngupaya balas dendam lan nyingkirké wong Israèl.+ 16  Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong Filistin,+ lan Aku bakal matèni wong Khèrèti+ lan nyingkirké penduduk dhaérah pinggir laut sing isih urip.+ 17  Karo nesu banget, wong-wong kuwi bakal Tak bales lan Tak hukum. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah pas Aku mbales wong-wong kuwi.”’”

Katrangan Tambahan