Yèhèzkièl 26:1-21

  • Ramalan soal Tirus (1-21)

    • ”Panggonan kanggo mépé jala” (5, 14)

    • Watu lan lemah sing dibuwang ing laut (12)

26  Ing dina ke-1, taun ke-11 sasi kuwi,* Yéhuwah kandha marang aku,  ”Hé anaké manungsa, merga Tirus kandha soal Yérusalèm,+ ’Horé, gerbangé bangsa-bangsa wis rusak.+ Saiki, kesempatanku. Aku bakal sugih merga dhèwèké wis hancur.’  Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé Tirus, Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal nyebabké akèh bangsa nglawan kowé, lan tekané bangsa-bangsa kuwi bakal kaya ombak laut sing ora ana entèké.  Bangsa-bangsa kuwi bakal ngancurké témbok-témbokmu lan ngrubuhké menara-menaramu.+ Lemahmu bakal Tak kikis, lan kowé bakal Tak dadèkké tebing watu.  Kowé bakal dadi panggonan kanggo mépé jala ing tengah laut.’+ ”’Aku wis ngomongké kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’lan kowé bakal dijarah bangsa-bangsa.  Penduduk sing ana ing désa-désamu bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké Nébukhadnézar* raja Babilon nyerang Tirus saka lor.+ Dhèwèké kuwi rajané para raja,+ sing nduwé jaran,+ kréta perang,+ prajurit sing numpak jaran, lan tentara sing akèh.  Dhèwèké bakal matèni penduduk sing ana ing désa-désamu nganggo pedhang. Dhèwèké bakal mbangun témbok lan ngepung kowé. Dhèwèké bakal nyerang kowé karo nggawa tamèng sing gedhé.  Dhèwèké bakal ngancurké témbok-témbokmu nganggo alat kanggo ndhobrak, lan ngrubuhké menara-menaramu nganggo kapak.* 10  Saking akèhé jarané, kowé bakal ketutupan debu pas jaran-jaran kuwi liwat. Pas dhèwèké mlebu ing gerbangmu, témbok-témbokmu bakal bergetar merga swarané pasukan sing numpak jaran, rodha-rodhané, lan kréta perangé, kaya pasukan sing nyerbu kutha sing témboké wis hancur. 11  Sikilé jaran-jarané bakal ngidak-idak dalan-dalanmu.+ Dhèwèké bakal matèni rakyatmu nganggo pedhang, lan cagak-cagakmu sing kuwat bakal rubuh. 12  Kekayaanmu bakal dirampas, barang daganganmu bakal dijarah,+ témbok-témbokmu bakal dihancurké, lan omah-omahmu sing apik bakal diambrukké. Watu, kayu, lan lemahmu bakal dibuwang ing laut.’ 13  ”’Aku bakal ngendhegké swara nyanyianmu, lan swara harpamu ora bakal ana manèh.+ 14  Aku bakal nggawé kowé dadi tebing watu. Kowé bakal Tak dadèkké panggonan kanggo mépé jala.+ Kowé ora bakal dibangun manèh, merga Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 15  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang Tirus: ’Pulau-pulau mesthi bakal gemeter+ pas krungu swara kehancuranmu, pas wong-wong sing sekarat padha sambat, lan pas wong akèh banget padha dipatèni. 16  Kabèh pemimpin ing laut bakal mudhun saka takhtané lan nyopot jubah lan klambiné sing disulam. Para pemimpin kuwi bakal gemeter merga kewedèn. Para pemimpin kuwi bakal lungguh ing lemah karo gemeter lan ndelok kowé karo nggumun.+ 17  Para pemimpin kuwi bakal nyanyi lagu sedhih+ kanggo kowé lan kandha,”Hé kowé kutha sing dipuji-puji,+ sing dienggoni para pelaut, saiki kowé wis lenyap. Mbiyèn kowé lan pendudukmu sing nguwasani laut,+Nggawé penduduk bumi padha kewedèn. 18  Pulau-pulau bakal gemeter pas kowé dihancurké. Pulau-pulau ing laut bakal bingung pas kowé lenyap.”’+ 19  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas Aku ngancurké kowé kaya kutha sing ora dienggoni, pas Aku nggawé ombak sing gedhé nutupi kowé, lan pas Aku nglelebké kowé ing banyu,+ 20  Aku bakal nggawé kowé mati kaya wong-wong sing wis mati kèt mbiyèn. Kowé bakal Tak dèlèhké ing njero lemah kaya kutha-kutha jaman mbiyèn sing wis Tak hancurké lan kaya wong-wong sing wis mati.+ Kowé ora bakal dienggoni manèh. Aku bakal nggawé tanahé wong-wong sing isih urip dadi luwih apik. 21  ”’Ujug-ujug, Aku bakal nyebabké kowé ngalami bencana bèn kowé musnah.+ Wong bakal nggolèki kowé, ning kowé ora bakal ditemokké manèh,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Ora pasti sing dimaksud sasi kepira.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”pedhang”.