Yèhèzkièl 28:1-26

  • Ramalan soal raja Tirus (1-10)

    • ”Aku iki allah” (2, 9)

  • Lagu sedhih soal raja Tirus (11-19)

    • ”Kowé mbiyèn ana ing Èden” (13)

    • ”Kerub sing dipilih dadi penjaga” (14)

    • ”Kowé mulai nindakké sing ora bener” (15)

  • Ramalan soal Sidon (20-24)

  • Israèl diklumpukké manèh (25, 26)

28  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang penguasa Tirus, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Merga sombong,*+ kowé bola-bali kandha, ’Aku iki allah. Aku lungguh ing takhtané allah, ing tengah laut.’+ Ning kowé kuwi mung manungsa, dudu allah,Senajan kowé rumangsa nèk kowé kuwi allah.   Kowé rumangsa luwih wicaksana* timbang Danièl.+ Kowé ngira nèk kabèh rahasia mbok ngertèni.   Kawicaksanan lan pertimbanganmu mbok gunakké bèn kowé dadi sugih,Lan kowé terus-terusan nglumpukké emas lan pérak ing panggonan kanggo nyimpen hartamu.+   Merga pinter bisnis, kowé dadi sugih banget.+ Terus kowé dadi sombong* merga kekayaanmu kuwi.”’  ”’Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Merga kowé rumangsa nèk kowé kuwi allah,   Aku bakal nyebabké wong-wong asing nyerang kowé, yaiku bangsa sing paling kejem.+ Wong-wong kuwi bakal ngetokké pedhangé lan ngancurké kabèh sing apik-apik sing mbok hasilké merga kawicaksananmu. Wong-wong kuwi ya bakal ngrusak kemuliaanmu.+   Wong-wong kuwi bakal matèni kowé.* Kowé bakal mati ngenes ing tengah laut.+   Apa kowé isih bakal kandha marang wong sing matèni kowé, ’Aku iki allah’? Kanggoné wong-wong sing nggawé kowé dadi najis, kowé kuwi manungsa biasa, dudu allah.”’ 10  ’Kowé bakal dipatèni karo wong asing lan mati kaya wong sing ora disunat,Sebab Aku wis ngomongké kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.” 11  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 12  ”Hé anaké manungsa, nyanyia lagu sedhih soal raja Tirus, lan ngomonga marang dhèwèké, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Kowé kuwi sampurna banget. Kowé wicaksana+ lan mulya banget.+ 13  Kowé mbiyèn ana ing Èden, ing tamané Gusti Allah. Kowé dihiasi nganggo macem-macem watu sing berharga: Mirah, topaz, yaspis, krisolit, oniks, giok, safir, turkuois,+ lan zamrud. Watu-watu kuwi dipasang ing tatakan emas. Kuwi kabèh disiapké pas kowé diciptakké. 14  Aku nugasi kowé bèn dadi kerub sing dipilih dadi penjaga. Kowé mbiyèn ana ing gunung suciné Gusti Allah+ lan mlaku-mlaku ing antarané watu-watu sing membara. 15  Kèt diciptakké, kowé mesthi nindakké sing bener,Nganti akhiré kowé mulai nindakké sing ora bener.+ 16  Merga bisnismu sing gedhé,+Kowé dadi kejem lan mulai nggawé dosa.+ Mula Aku bakal nganggep kowé najis, ngusir kowé saka gunungé Gusti Allah, lan ngancurké kowé.+ Hé kowé kerub sing dipilih dadi penjaga, kowé ora bakal mlaku-mlaku manèh ing antarané watu-watu sing membara. 17  Kowé dadi sombong* merga kowé mulya banget.+ Kemuliaanmu nggawé kowé dadi ora wicaksana manèh.+ Aku bakal nguncalké kowé ing bumi.+ Aku bakal ndadèkké kowé tontonané raja-raja. 18  Kesalahanmu sing akèh lan bisnismu sing ora jujur wis nggawé panggonan sucimu dadi najis. Aku bakal ngurubké geni ing tengah-tengahmu, lan geni kuwi bakal ngobong kowé nganti entèk.+ Ing ngarepé kabèh sing ndelok kowé, Aku bakal nggawé kowé dadi awu ing lemah. 19  Wong-wong saka bangsa liya sing kenal karo kowé bakal ndelok kowé karo nggumun.+ Kowé bakal ujug-ujug dipatèni, lan kuwi medèni banget. Kowé ora bakal ana manèh saklawasé.”’”+ 20  Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 21  ”Hé anaké manungsa, deloken Sidon,+ lan sampèkna ramalan soal dhèwèké. 22  Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé Sidon, Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal dimulyakké merga apa sing bakal Tak tindakké marang kowé. Pas Aku ngukum kowé lan nduduhké nèk Aku iki Gusti Allah sing suci, kabèh wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 23  Aku bakal nyebabké ana wabah penyakit, lan wong-wong bakal mati ing dalan-dalané. Wektu pedhang nyerang saka ngendi-endi, akèh wong bakal dipatèni. Wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 24  ”’”Terus, wong Israèl ora bakal dirèmèhké manèh karo wong-wong ing sekitaré sing kaya semak berduri sing nusuk+ lan marahi lara. Wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’ 25  ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Pas Aku nglumpukké wong Israèl saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi dipencarké,+ Aku bakal nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.+ Wong Israèl bakal manggon ing tanah+ sing wis Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub.+ 26  Wong Israèl bakal manggon aman+ ing kono, terus mbangun omah lan nggawé kebon anggur.+ Pas Aku ngukum kabèh sing ana ing sekitaré, yaiku sing ngrèmèhké wong Israèl, wong Israèl bakal manggon aman.+ Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi.”’”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Merga atimu sombong”.
Lit.: ”Terus atimu sombong”.
Utawa ”bakal nggawa kowé mlebu ing kuburan”.
Lit.: ”Atimu dadi sombong”.