Yèhèzkièl 29:1-21

  • Ramalan soal Firaun (1-16)

  • Mesir bakal diwènèhké marang Babilon dadi bayaran (17-21)

29  Ing dina ke-12, sasi ke-10, taun ke-10, Yéhuwah kandha marang aku,  ”Hé anaké manungsa, deloken Firaun raja Mesir, lan sampèkna ramalan soal dhèwèké lan soal kabèh wilayah ing Mesir.+  Ngomonga ngéné: ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé Firaun raja Mesir,+ Aku bakal nglawan kowé. Kowé kuwi kaya kéwan laut sing gedhé banget sing ana ing aliran-aliran Kali Nil,*+Sing kandha, ’Kali Nil kuwi duwèkku. Aku wis nggawé kali kuwi kanggo aku.’+   Ning, Aku bakal masang kait ing rahangmu lan nggawé iwak-iwak saka Kali Nil nèmplèk ing sisikmu. Aku bakal ngetokké kowé saka Kali Nil bareng karo kabèh iwak sing nèmplèk ing sisikmu kuwi.   Aku bakal ninggalké kowé lan kabèh iwak saka Kali Nil ing padhang gurun. Kowé bakal tiba ing padhang lan ora bakal ana wong sing nglumpukké lan ngubur kowé.+ Kowé bakal Tak dadèkké panganané kéwan buas lan manuk.+   Kabèh penduduk Mesir bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,Sebab wong-wong kuwi kaya jerami sing ora isa nyangga wong Israèl.+   Wektu wong Israèl nyekel tanganmu, kowé remuk,Lan kuwi nyebabké pundhaké wong Israèl tugel. Wektu wong Israèl sèndhèran kowé, kowé ceklèk,Lan kuwi nyebabké sikilé wong Israèl gemeter.”+  ”’Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang,+ lan Aku bakal matèni pendudukmu lan kéwanmu.  Mesir bakal telantar lan hancur.+ Penduduké bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. Merga kowé* wis kandha, ’Kali Nil kuwi duwèkku. Aku sing nggawé kali kuwi,’+ 10  mula Aku bakal nglawan kowé lan Kali Nil. Aku bakal nggawé Mesir dadi hancur, garing, gersang, lan telantar,+ saka Migdol+ nganti tekan Siéné+ lan perbatasan Étiopia. 11  Ora ana wong utawa ternak sing bakal mlaku liwat kono,+ lan tanah kuwi ora bakal dienggoni nganti 40 taun. 12  Mesir bakal Tak gawé dadi tanah sing paling telantar, lan kutha-kuthané bakal dadi kutha-kutha sing paling telantar nganti 40 taun.+ Aku bakal nggawé wong Mesir kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.”+ 13  ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Sakwisé 40 taun, Aku bakal nglumpukké manèh wong Mesir saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi kesebar.+ 14  Wong Mesir sing ditawan bakal Tak balèkké ing Patros,+ yaiku tanah asalé wong-wong kuwi, lan ing kana Mesir bakal dadi kerajaan sing ora penting. 15  Mesir bakal dadi kerajaan sing luwih lemah timbang kerajaan liya. Dhèwèké ora bakal nguwasani bangsa liya manèh.+ Aku bakal nggawé Mesir lemah banget nganti ora isa ngalahké bangsa liya.+ 16  Israèl ora bakal ngendelké Mesir manèh. Sing dialami Mesir kuwi malah mung ngélingké wong Israèl+ karo kesalahané mbiyèn sing wis njaluk tulung marang Mesir. Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’” 17  Ing dina ke-1, sasi ke-1, taun ke-27, Yéhuwah kandha marang aku, 18  ”Hé anaké manungsa, Nébukhadnézar*+ raja Babilon ngongkon pasukané kerja keras nyerang Tirus.+ Sirahé pasukané dadi bothak, lan pundhaké dadi lècèt. Ning, senajan wis ngupaya nglawan Tirus, raja kuwi lan pasukané ora nampa upah apa-apa. 19  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké Mesir marang Nébukhadnézar* raja Babilon.+ Dhèwèké bakal njupuk kekayaané Mesir lan njarah barang-barangé. Kuwi kabèh bakal dadi upah kanggo pasukané.’ 20  ”’Mesir bakal Tak wènèhké dhèwèké dadi bayaran, merga Aku nggunakké dhèwèké kanggo nglawan Tirus,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 21  ”Dina kuwi, Aku bakal nukulké sungu* kanggo wong Israèl,+ lan Aku bakal mènèhi kowé, Yèhèzkièl, kesempatan kanggo ngomong ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Ing ayat iki lan ayat-ayat berikuté, istilah ”Kali Nil” kuwi termasuk kabèh saluran irigasiné.
Lit.: ”dhèwèké”. Mungkin maksudé Firaun.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.