Yèhèzkièl 3:1-27

  • Yèhèzkièl dikongkon mangan gulungan saka Gusti Allah (1-15)

  • Yèhèzkièl ditugasi dadi penjaga (16-27)

    • Nèk ora gelem ngélikké wong jahat, bakal tanggung jawab kanggo nyawané wong kuwi (18-21)

3  Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, panganen apa sing ana ing ngarepmu. Panganen gulungan iki, terus mangkata, lan kandhanana wong Israèl.”+  Mula aku mangap, lan Dhèwèké mènèhi aku gulungan kuwi bèn tak pangan.  Terus Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, panganen gulungan sing Tak wènèhké marang kowé kuwi bèn kowé wareg.” Mula gulungan kuwi tak pangan, lan rasané legi kaya madu.+  Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, lungaa marang wong Israèl, lan sampèkna omongan-Ku.  Aku ora ngutus kowé marani bangsa sing basané angèl dipahami utawa bangsa sing basané ora dikenal, ning marang bangsa Israèl.  Aku ora ngutus kowé marani akèh bangsa sing basané angèl dipahami utawa bangsa sing basané ora dikenal, sing omongané ora mbok pahami. Nèk misalé Aku ngutus kowé marani bangsa-bangsa kuwi, kowé mesthi bakal dirungokké.+  Ning wong Israèl ora bakal gelem ngrungokké kowé, merga wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké Aku.+ Kabèh wong Israèl kuwi ndableg lan ora gelem manut.+  Aku wis nggawé kowé kuwat ngadhepi wong-wong sing ndableg kuwi.*+  Aku wis nggawé kowé* kaya intan, luwih atos timbang watu.+ Aja wedi karo wong-wong kuwi, lan aja wedi karo penampilané,+ merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.” 10  Terus Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, rungokna kabèh omongan-Ku, lan lebokna kuwi ing atimu. 11  Paranana bangsamu sing ditawan,+ lan kandhanana wong-wong kuwi. Ora soal wong-wong kuwi gelem ngrungokké+ apa ora, kowé kudu tetep ngomong ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’” 12  Terus ana sing ngangkat aku,*+ lan aku krungu swara sing banter ing mburiku, ”Muga-muga kemuliaané Yéhuwah dipuji ing panggonané.” 13  Ana swara sayapé malaékat-malaékat sing padha gèsèkan,+ swara rodha-rodha sing ana ing sampingé malaékat-malaékat kuwi,+ lan swara sing banter banget. 14  Aku diangkat* lan digawa lunga. Aku lunga karo jèngkèl lan nesu banget. Kuwasané Yéhuwah nuntun aku nganggo cara sing luar biasa. 15  Mula aku marani para tawanan ing Tèl-abib, ing cedhak Kali Khébar,+ lan manggon ing kono ing panggonané wong-wong kuwi.+ Ing kono, aku meneng waé nganti pitung dina. 16  Sakwisé pitung dina, Yéhuwah kandha marang aku, 17  ”Hé anaké manungsa, Aku nglantik kowé dadi penjaga kanggo bangsa Israèl.+ Wektu kowé krungu omongan-Ku, kuwi kudu mbok sampèkké marang wong-wong kuwi.+ 18  Nèk Aku ngomong marang wong jahat, ’Kowé mesthi mati,’ ning kowé ora ngélikké wong kuwi bèn mandheg nindakké sing jahat supaya dhèwèké tetep urip,+ wong kuwi bakal mati merga dhèwèké jahat lan nindakké dosa.+ Tapi, Aku bakal nuntut kowé tanggung jawab kanggo nyawané.*+ 19  Ning, nèk kowé ngélikké wong jahat tapi dhèwèké isih tetep jahat lan kelakuané ora berubah, wong kuwi bakal mati merga kesalahané. Ning, kowé bakal slamet.+ 20  Nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh ning malah nindakké sing salah, Aku bakal nggawé dhèwèké kesandhung lan dhèwèké bakal mati.+ Nèk kowé ora ngélikké wong kuwi, dhèwèké bakal mati merga dosané, lan tumindaké sing bener ora bakal diéling-éling. Ning, Aku bakal nuntut kowé tanggung jawab kanggo nyawané.*+ 21  Nèk kowé ngélikké wong bener bèn ora nindakké dosa lan dhèwèké ora nindakké dosa, wong kuwi bakal tetep urip merga wis diélikké.+ Kowé ya bakal slamet.” 22  Ing kono, kuwasané Yéhuwah nuntun aku, lan Dhèwèké kandha marang aku, ”Lungaa menyang lembah. Ana sing arep Tak omongké marang kowé ing kana.” 23  Mula aku lunga menyang lembah, lan ing kana aku ndelok kemuliaané Yéhuwah+ kaya kemuliaan sing tak delok ing cedhaké Kali Khébar.+ Terus aku sujud. 24  Aku éntuk roh suci sing nggawé aku isa ngadeg.+ Bar kuwi, Gusti Allah kandha marang aku,”Muliha, lan aja metu saka omah. 25  Hé anaké manungsa, wong-wong kuwi bakal nalèni kowé nganggo tali bèn kowé ora isa metu lan marani wong-wong kuwi. 26  Aku bakal nggawé ilatmu nèmpèl ing langit-langit cangkemmu, lan kowé bakal dadi bisu, ora isa ngélikké wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak. 27  Ning pas Aku ngandhani kowé, Aku bakal mbukak cangkemmu, lan kowé kudu ngandhani wong-wong kuwi,+ ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’ Wong sing ngrungokké bèn waé ngrungokké,+ lan wong sing ora gelem ngrungokké bèn waé ora ngrungokké merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Aku wis nggawé wajahmu padha atosé karo wajahé wong-wong kuwi lan bathukmu padha atosé karo bathuké wong-wong kuwi”.
Lit.: ”nggawé bathukmu”.
Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.
Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.
Lit.: ”getihé”.
Lit.: ”getihé”.