Yèhèzkièl 31:1-18

  • Mesir kaya wit aras sing dhuwur sing bakal ambruk (1-18)

31  Ing dina ke-1, sasi ke-3, taun ke-11, Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang Firaun raja Mesir lan marang wong-wongé,+’Sapa sing isa nandhingi kehébatanmu?   Kowé kaya wong Asiria, kaya wit aras ing Lébanon,Sing dhuwur banget lan sing cabang-cabangé apik lan rimbun. Pucuké nganti tekan méga.   Mata air nggawé wit kuwi saya gedhé. Kali sing gedhé nggawé wit kuwi saya dhuwur. Ana kali-kali cilik ing sekitaré wit kuwi ditandur. Saluran-saluran saka kali sing gedhé mau ngaliri kabèh wit ing padhang.   Kuwi sebabé wit mau thukul luwih dhuwur timbang wit liyané ing padhang. Cabang-cabangé dadi saya akèh lan saya dawaMerga banyu ing kali-kali cilik kuwi akèh banget.   Manuk-manuk padha nggawé susuh ing cabang-cabangé. Kabèh kéwan liar ing padhang padha nglairké ing ngisor cabang-cabangé,Lan kabèh bangsa sing gedhé padha ngéyub ing ngisoré.   Wit mau dadi apik banget, lan cabang-cabangé dadi dawa bangetMerga akaré nembus tekan panggonan sing akèh banyuné.   Ora ana wit aras liyané ing tamané Gusti Allah+ sing isa nandhingi wit kuwi. Ora ana wit juniper sing cabang-cabangé kaya wit kuwi. Ora ana wit platanus* sing cabang-cabangé kaya wit kuwi. Ora ana wit liya ing tamané Gusti Allah sing apiké kaya wit kuwi.   Wit kuwi Tak gawé apik, lan godhong-godhongé rimbun. Kabèh wit liyané ing Èden, ing tamané Gusti Allah sing bener, padha mèri karo wit kuwi.’ 10  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Merga wit kuwi* dadi saya dhuwur, pucuké nganti tekan méga, lan atiné dadi sombong, 11  Aku bakal nyerahké wit kuwi marang penguasa sing kuwat sing mréntah bangsa-bangsa.+ Penguasa kuwi bakal ngukum wit kuwi, lan Aku bakal nolak wit kuwi merga kejahatané. 12  Wong-wong asing, yaiku bangsa sing paling kejem, bakal nebang wit kuwi, lan wit kuwi ditinggal ing pegunungan. Godhong-godhongé bakal tiba ing lembah-lembah. Cabang-cabangé sing tugel padha tiba ing kali-kali cilik ing tanah kuwi.+ Kabèh bangsa ing bumi ora bakal ngéyub manèh ing ngisoré, lan wit kuwi bakal ditinggal. 13  Manuk-manuk ing langit bakal manggon ing wit sing ambruk mau, lan kabèh kéwan liar bakal manggon ing cabang-cabangé.+ 14  Kuwi kabèh kelakon bèn ora ana manèh wit ing cedhak banyu sing thukulé dhuwur banget utawa sing pucuké nganti tekan méga. Kabèh wit mesthi bakal mati. Wit-wit kuwi bakal dikubur ing lemah kaya wong sing mati.’* 15  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas wit kuwi mati,* Aku bakal nggawé wong-wong dadi sedhih. Kali-kaliné sing cilik lan gedhé bakal Tak endhegké bèn banyuné sing akèh banget kuwi ora mili manèh. Lébanon bakal Tak gawé dadi peteng merga wit kuwi, lan kabèh wit ing padhang bakal dadi layu. 16  Pas Aku matèni wit kuwi* bèn kaya wong sing wis mati,* swara kehancurané bakal nggawé bangsa-bangsa padha gemeter. Pas wis mati,* kabèh wit sing dialiri banyu, yaiku kabèh wit saka Èden+ lan wit sing paling apik saka Lébanon, bakal ngrasa ayem. 17  Wit-wit kuwi bakal mati* kaya dhèwèké,* bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang+ lan bareng karo wong-wong sing ndhukung dhèwèké sing ngéyub ing ngisoré. Wong-wong sing ndhukung dhèwèké kuwi ana ing antarané bangsa-bangsa.’+ 18  ”’Apa ana wit-wit ing Èden sing isa nandhingi kemuliaan lan kehébatanmu?+ Kowé mesthi bakal mati* bareng karo wit-wit ing Èden. Kowé bakal ana ing antarané wong-wong sing ora disunat lan wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang. Kuwi sing bakal dialami Firaun lan wong-wong Mesir,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Wit sing cabangé akèh lan kulit njabané nglèthèk.
Lit.: ”Merga kowé”.
Utawa ”sing mlebu ing kuburan”.
Utawa ”mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Pas ing njero kuburan”.
Utawa ”kaya kabèh wong sing wis mlebu ing kuburan”.
Utawa ”nggawa wit kuwi mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, wit aras Lébanon.
Utawa ”digawa mlebu ing kuburan”.