Yèhèzkièl 32:1-32

  • Lagu sedhih soal Firaun lan Mesir (1-16)

  • Mesir mati bareng karo wong sing ora disunat (17-32)

32  Ing dina ke-1, sasi ke-12, taun ke-12, Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, nyanyia lagu sedhih soal Firaun raja Mesir, lan ngomonga marang dhèwèké,’Mbiyèn kowé kaya singa enom sing kuwat ing antarané bangsa-bangsa,Ning kowé wis dibungkem. Mbiyèn kowé kaya kéwan laut sing gedhé,+ sing ngamuk ing kali-kalimu. Sikilmu nggawé banyu ing kali dadi buthek lan reged.’   Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggunakké akèh bangsa kanggo nguncalké jaring-Ku,Lan bangsa-bangsa kuwi bakal nangkep kowé ing jaring-Ku.   Kowé bakal Tak uncalké ing lemah. Kowé bakal Tak tinggal ing padhang. Aku bakal nggawé manuk-manuk ménclok ing ndhuwurmu. Aku bakal nggawé kéwan-kéwan buas dadi wareg merga mangan dagingmu.+   Dagingmu bakal Tak uncalké ing pegunungan,Lan lembah-lembah bakal Tak kebaki nganggo bathangmu.+   Lemah bakal Tak telesi nganggo getihmu nganti tekan ing gunung-gunung,Lan kuwi bakal ngebaki kali-kali.’   ’Pas kowé disingkirké, langit bakal Tak tutup lan bintang-bintangé bakal Tak gawé dadi peteng. Matahari bakal Tak tutup nganggo méga,Lan bulan ora bakal bersinar.+   Kabèh sing bersinar ing langit bakal Tak gawé dadi peteng merga kowé. Aku bakal nggawé negaramu dadi peteng,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.   ’Bangsa-bangsa bakal Tak gawé dadi susah atiné pas rakyatmu Tak gawa lunga dadi tawanan menyang negara liya,Menyang negara sing ora mbok kenal.+ 10  Aku bakal nggawé bangsa-bangsa dadi kagèt. Pas Aku nyerang kowé nganggo pedhang ing ngarepé raja-rajané, raja-raja kuwi bakal gemeter merga kewedèn. Pas kowé dihancurké,Raja-raja kuwi bakal terus gemeter merga padha wedi mati. 11  Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Raja Babilon bakal nyerang kowé.+ 12  Aku bakal nggawé wong Mesir dipatèni nganggo pedhangé para pejuang sing hébat,Yaiku pedhangé para pejuang sing kejem saka bangsa-bangsa.+ Kabèh sing dibanggakké Mesir bakal dihancurké, lan kabèh wong Mesir bakal dipatèni.+ 13  Aku bakal matèni kabèh ternaké sing ana ing pinggir kaliné sing gedhé,+Lan sikilé manungsa utawa kéwan ora bakal nggawé banyu ing kali kuwi dadi buthek manèh.’+ 14  ’Wektu kuwi, banyu ing kali kuwi bakal Tak gawé dadi bening manèh. Aku bakal nggawé kali-kaliné mili kaya minyak,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 15  ’Pas Aku nggawé Mesir dadi panggonan sing gersang lan telantar, dadi panggonan sing ora ana isiné manèh,+Lan pas Aku matèni kabèh penduduké,Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 16  Iki lagu sedhih, lan wong-wong mesthi bakal nyanyèkké iki. Wong-wong wédok saka bangsa-bangsa bakal nyanyèkké iki. Wong-wong wédok kuwi bakal nyanyèkké lagu iki kanggo Mesir lan wong-wongé,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.” 17  Ing dina ke-15 sasi kuwi,* ing taun ke-12, Yéhuwah kandha marang aku, 18  ”Hé anaké manungsa, tangisana wong-wong Mesir kuwi, lan ngomonga nèk wong-wong kuwi lan wong-wong saka bangsa sing hébat bakal disingkirké bareng karo kabèh wong sing wis mati.* 19  ”’Apa rumangsamu kowé kuwi luwih apik timbang liyané? Kowé bakal mati lan ana bareng karo wong-wong sing ora disunat.’ 20  ”’Wong Mesir bakal mati bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang.+ Mesir wis dipatèni nganggo pedhang. Sèrèten Mesir bareng karo wong-wongé. 21  ”’Saka Kuburan* sing jero, para pejuangé sing paling hébat bakal ngomong marang Firaun lan wong-wong sing mbantu dhèwèké. Wong-wong Mesir kuwi mesthi bakal dipatèni nganggo pedhang lan bakal mati kaya wong-wong sing ora disunat. 22  Asiria lan wong-wongé ya ana ing kono. Kuburané wong Asiria ana ing sekitaré raja-rajané, lan kabèh wong kuwi dipatèni nganggo pedhang.+ 23  Kuburan-kuburané ana ing bagéan paling jero ing bumi, lan wong-wongé sing mati ana ing sekitaré kuburané. Kabèh wong kuwi dipatèni nganggo pedhang, merga pas isih urip wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. 24  ”’Élam+ ya ana ing kono, lan wong-wongé ana ing sekitar kuburané bareng karo dhèwèké. Wong-wong kuwi ora disunat lan wis mati.* Pas isih urip, wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. Ning saiki, wong-wong kuwi bakal kisinan bareng karo wong-wong sing wis mati.* 25  Ana kuburan sing wis disiapké kanggo wong Élam ing antarané wong-wong sing wis mati, lan wong-wongé ana ing sekitaré kuburané. Kabèh wong kuwi ora disunat lan dipatèni nganggo pedhang, merga pas isih urip wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. Wong-wong kuwi bakal kisinan bareng karo wong-wong sing wis mati.* Élam ana ing antarané wong-wong sing dipatèni. 26  ”’Mèsyèkh, Tubal,+ lan wong-wongé ya ana ing kono. Kuburan-kuburané wong-wong kuwi ana ing sekitaré. Wong-wong kuwi ora disunat, lan wong-wong kuwi ditusuk nganggo pedhang, merga pas isih urip wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. 27  Wong-wong kuwi bakal ana bareng karo para pejuang hébat sing ora disunat lan sing wis padha mati* bareng karo senjata perangé. Pedhangé didèlèhké ing ngisor sirahé,* lan dosané didèlèhké ing balungé, merga para pejuang sing kuwat kuwi nggawé wong liya padha wedi pas para pejuang kuwi isih urip. 28  Ning, kowé* bakal diremuk bareng karo wong-wong sing ora disunat. Kowé bakal ana bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang. 29  ”’Édom+ ana ing kana bareng karo raja-raja lan kabèh pemimpiné. Senajan hébat, wong-wong kuwi bakal ana bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang, wong sing ora disunat,+ lan wong sing wis mati.* 30  ”’Para pemimpin saka lor ana ing kono bareng karo kabèh wong Sidon.+ Wong Sidon kuwi mbiyèn nggawé wong-wong padha wedi merga kekuwatané, ning saiki wis digawé isin lan mati bareng karo wong-wong sing wis dipatèni. Wong Sidon kuwi ora disunat lan bakal mati bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang. Wong Sidon kuwi bakal kisinan bareng karo wong-wong sing wis mati.* 31  ”’Firaun bakal ndelok kuwi kabèh lan bakal lega merga ngerti apa sing dialami wong-wongé.+ Firaun lan pasukané bakal dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 32  ”’Pas isih urip, Firaun nggawé wong liya padha wedi. Kuwi sebabé Firaun lan wong-wongé bakal mati bareng karo wong sing ora disunat lan wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé sasi ke-12. Deloken ayat 1.
Utawa ”sing wis mlebu ing kuburan”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.
Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.
Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.
Utawa ”wis mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé, para pejuang sing dikubur bareng karo pedhangé, lan kuwi nduduhké tandha penghormatan.
Mungkin maksudé Firaun utawa Mesir.
Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.
Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.