Yèhèzkièl 34:1-31

  • Ramalan soal para gembalané Israèl (1-10)

  • Yéhuwah ngopèni domba-dombané (11-31)

    • ”Abdi-Ku Daud” bakal dadi gembalané (23)

    • ”Perjanjian damai” (25)

34  Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan soal para gembalané Israèl. Sampèkna ramalan, lan ngomonga marang para gembala kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan para gembalané Israèl,+ sing nyedhiakké panganan mung kanggo dipangan dhéwé. Kuduné para gembala kuwi mènèhi pangan domba-dombané.+  Gajihé malah mbok pangan, wuluné mbok dadèkké klambi, lan sing paling lemu mbok belèh.+ Ning, domba-domba kuwi ora mbok wènèhi pangan.+  Sing ringkih ora mbok kuwatké, sing lara ora mbok tambani, sing luka ora mbok perban, sing kesasar ora mbok gawa bali, lan sing ilang+ ora mbok golèki. Kowé malah kejem lan kasar.+  Kuwi sebabé domba-domba kuwi dadi kesebar merga ora ana gembalané.+ Domba-domba kuwi kesebar lan dadi mangsané kéwan buas ing padhang.  Domba-domba-Ku kesasar ing gunung-gunung lan bukit-bukit sing dhuwur. Domba-domba-Ku kesebar ing kabèh wilayah ing bumi lan ora ana sing perduli utawa péngin nggolèki.  ”’”Kuwi sebabé, hé para gembala, rungokna apa sing diomongké Yéhuwah:  ’Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi Aku sing urip, domba-domba-Ku wis dimangsa lan dipangan kéwan buas ing padhang merga ora ana gembalané. Gembala-gembala-Ku ora nggolèki domba-domba-Ku. Wong-wong kuwi ora mènèhi pangan domba-domba-Ku, ning malah nyedhiakké panganan mung kanggo dipangan dhéwé,”’  mula, para gembala, rungokna omongané Yéhuwah. 10  Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Para gembala kuwi bakal Tak hukum lan Tak kongkon tanggung jawab merga wis ora perduli karo domba-domba-Ku.+ Wong-wong kuwi ora bakal Tak ijinké angon domba-domba-Ku, lan wong-wong kuwi ya ora bakal nyedhiakké panganan manèh kanggo dipangan dhéwé. Aku bakal nylametké domba-domba-Ku bèn ora dipangan wong-wong kuwi.’” 11  ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku, Aku dhéwé sing bakal nggolèki domba-domba-Ku, lan domba-domba-Ku bakal Tak opèni.+ 12  Aku bakal ngopèni domba-domba-Ku kaya gembala sing nemokké domba-dombané sing kesebar lan mènèhi pangan domba-domba kuwi.+ Wektu ana mendhung sing peteng banget,+ domba-domba-Ku padha kesebar ing endi-endi, ning bakal Tak slametké saka kono. 13  Domba-domba-Ku bakal Tak gawa metu saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka akèh negara. Domba-domba kuwi bakal Tak gawa bali menyang negarané lan Tak wènèhi pangan ing gunung-gunung Israèl,+ ing cedhak kali-kali, lan ing kabèh dhaérah sing dienggoni ing negara kuwi. 14  Aku bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku ing padhang rumput sing apik. Domba-domba-Ku bakal mangan suket ing gunung-gunung Israèl sing dhuwur.+ Domba-domba-Ku bakal manggon ing kana, ing padhang rumput sing apik.+ Domba-domba-Ku bakal mangan suket sing paling apik ing gunung-gunung Israèl.” 15  ”’”Aku dhéwé sing bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku,+ lan Aku dhéwé sing bakal mènèhi domba-domba-Ku panggonan kanggo istirahat,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 16  ”Sing ilang bakal Tak golèki,+ sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké. Ning, sing lemu lan sing kuwat bakal Tak patèni. Domba-domba kuwi bakal Tak adili lan Tak hukum sesuai karo tumindaké.” 17  ”’Hé domba-domba-Ku, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal ngadili domba-domba-Ku. Aku bakal ngadili domba lanang lan kambing lanang.+ 18  Kowé* kan wis mangan suket ing padhang rumput sing paling apik, mosok padhang rumput liyané isih arep mbok idak-idak? Kowé kan wis ngombé banyu sing paling bening, mosok banyuné isih arep mbok idak-idak nganti buthek? 19  Mosok domba-Ku kudu mangan ing padhang rumput sing wis mbok idak-idak lan ngombé banyu sing wis mbok regedi?” 20  ”’Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku, Aku dhéwé sing bakal ngadili domba sing lemu lan domba sing kuru. 21  Sing lara terus-terusan mbok surung nganggo awakmu lan mbok srudug nganggo sungumu nganti padha kesebar ing endi-endi. 22  Domba-domba-Ku bakal Tak slametké lan ora bakal dimangsa manèh.+ Aku bakal ngadili domba-domba-Ku. 23  Aku bakal nglantik gembala kanggo domba-domba kuwi,+ yaiku abdi-Ku Daud.*+ Dhèwèké bakal nyedhiakké panganan kanggo domba-domba kuwi. Dhèwèké dhéwé sing bakal nyedhiakké panganan lan dadi gembalané.+ 24  Aku, Yéhuwah, bakal dadi Gusti Allahé,+ lan abdi-Ku Daud bakal dadi pemimpiné.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi. 25  ”’”Aku bakal nggawé perjanjian damai karo domba-domba-Ku.+ Aku bakal nyingkirké kéwan-kéwan liar sing buas+ saka tanah kuwi bèn padha isa manggon aman ing padhang belantara lan turu ing hutan-hutan.+ 26  Aku bakal nggawé domba-domba-Ku lan dhaérah ing sekitar bukit-Ku padha diberkahi.*+ Aku bakal mènèhi udan pas musimé. Berkah bakal diesokké kaya udan.+ 27  Wit ing ladhang bakal ngetokké buah, lan lemah bakal ngetokké hasilé.+ Domba-domba-Ku bakal manggon aman ing tanah kuwi. Pas Aku mbébaské saka perbudakan*+ lan nylametké saka wong-wong sing nindhes, domba-domba-Ku bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 28  Domba-domba-Ku ora bakal dadi mangsané bangsa-bangsa manèh lan ora bakal dipangan kéwan-kéwan buas. Domba-domba-Ku bakal manggon aman lan ora ana sing bakal nggawé wedi.+ 29  ”’”Domba-domba-Ku bakal Tak gawèkké kebon sing terkenal. Domba-domba-Ku ora bakal mati manèh merga kelaparan ing tanah kuwi.+ Domba-domba-Ku ya ora bakal dirèmèhké manèh karo bangsa-bangsa liya.+ 30  ’Domba-domba-Ku bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah Gusti Allahé, mberkahi domba-domba kuwi lan nèk domba-domba-Ku, yaiku wong Israèl, kuwi umat-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’ 31  ”’Hé domba-Ku,+ domba sing Tak opèni, kowé kabèh kuwi mung manungsa, ning Aku iki Gusti Allahmu,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

Katrangan Tambahan

Maksudé, wong-wong sing digambarké karo domba lanang, kambing lanang, lan domba sing lemu.
Maksudé, keturunané Daud.
Utawa mungkin, ”padha dadi sumber berkah”.
Lit.: ”Pas Aku nugel kayu sing dipasang ing guluné”.