Yèhèzkièl 4:1-17

  • Gambaran pengepungan Yérusalèm (1-17)

    • Nanggung kesalahané Israèl lan Yéhuda suwéné 390 dina lan 40 dina (4-7)

4  ”Hé anaké manungsa, njupuka bata, terus dèlèhna kuwi ing ngarepmu, lan gambaren kutha Yérusalèm ing bata kuwi.  Kowé kudu éthok-éthok ngepung kutha kuwi.+ Ing sak ubengé bata mau,+ gawénen témbok pengepungan,+ kubu pengepungan, perkémahan tentara, lan alat kanggo ndhobrak.+  Jupuken wajan datar saka wesi, terus dèlèhna ing antarané kutha kuwi lan kowé, dadèkna kuwi kaya témbok wesi. Terus kowé kudu madhep kutha kuwi. Ya ngono kuwi kowé kudu nduduhké piyé kutha kuwi bakal dikepung. Kuwi dadi tandha kanggo wong Israèl.+  ”Kowé kudu turonan ing sebelah kiwamu, lan kowé* kudu nanggung kesalahané wong Israèl.+ Kowé bakal nanggung kesalahané wong-wong kuwi saksuwéné kowé turonan ing kono.  Kowé kudu nindakké kuwi 390 dina sesuai karo pirang taun suwéné wong-wong kuwi nindakké kesalahan.+ Kowé bakal nanggung kesalahané wong Israèl.  Kowé kudu nindakké kuwi nganti rampung. ”Terus, kowé kudu turonan manèh, saiki ing sebelah tengenmu. Kowé bakal nanggung kesalahané wong Yéhuda+ nganti 40 dina. Aku wis nentokké kanggo kowé sedina diétung setaun, sedina diétung setaun.  Kowé kudu madhep kutha Yérusalèm+ sing lagi dikepung, lan gulungen lengen klambimu. Kowé ya kudu nyampèkké ramalan soal kutha kuwi.  ”Aku bakal nalèni kowé nganggo tali bèn awakmu ora isa mbalik nganti rampung wektuné kowé ngepung kutha kuwi.  ”Terus, jupuken gandum, barli, kacang babi, kacang,* sekoi, lan gandum spèlta. Kuwi kabèh dadèkna siji sak wadhah, terus gawénen dadi roti. Kuwi kudu mbok pangan saksuwéné kowé turonan ing sebelah kiwamu, yaiku 390 dina.+ 10  Timbangen kuwi, lan saben dina panganen 20 syèkel.* Panganen kuwi ing wektu sing wis ditentokké. 11  ”Banyu sing mbok ombé kudu diukur, yaiku seperenem hin.* Ombénen kuwi ing wektu sing wis ditentokké. 12  ”Panganen kuwi kaya kowé biasané mangan roti barli bunder. Ing ngarepé wong-wong kuwi, kowé kudu manggang roti kuwi nganggo kotorané manungsa sing wis garing.” 13  Terus, Yéhuwah ngomong manèh, ”Wong Israèl bakal mangan roti sing najis kaya ngono kuwi ing antarané bangsa-bangsa ing panggonan wong-wong kuwi bakal Tak pencarké.”+ 14  Terus aku ngomong, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Kèt enom nganti saiki, aku ora tau dadi najis merga mangan bathang kéwan utawa mangan kéwan sing dicabik-cabik.+ Aku ya ora tau mangan daging sing dianggep najis.”+ 15  Mula Gusti Allah kandha, ”Ya wis. Kowé éntuk manggang roti nganggo pupuk kandhang timbang kotorané manungsa.” 16  Terus Dhèwèké kandha manèh, ”Hé anaké manungsa, persediaan pangan ing Yérusalèm+ bakal Tak kurangi.* Wong-wong kuwi bakal kuwatir banget wektu mangan roti nganti rotiné ditimbang.+ Pas ngombé banyu, wong-wong kuwi bakal wedi kentèkan nganti banyuné kudu diukur.+ 17  Kuwi bakal kelakon supaya wong-wong kuwi padha delok-delokan karo bingung merga kekurangan roti lan banyu. Terus, wong-wong kuwi bakal mati merga kesalahané.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”kuwi”. Maksudé, sebelah kiwané Yèhèzkièl.
Lit.: ”miju”.
Kira-kira 230 g. Deloken Lamp. B14.
Kira-kira 0,6 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”tongkat roti bakal Tak tugel”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.