Yèhèzkièl 41:1-26

  • Ruang Suci (1-4)

  • Témbok lan ruang-ruang samping (5-11)

  • Bangunan ing sisih kulon (12)

  • Bangunan-bangunan diukur (13-15a)

  • Bagéan njero Ruang Suci (15b-26)

41  Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang Ruang Suci ing bait.* Dhèwèké ngukur cagak-cagak samping, sing siji ing sisih kiwa lan sing sijiné ing sisih tengen. Saben cagak kuwi kandelé* enem hasta.*  Ambané saben cagak kuwi limang hasta. Dalan mlebuné ambané sepuluh hasta. Wong lanang kuwi ngukur Ruang Suci kuwi, dawané 40 hasta lan ambané 20 hasta.  Terus, wong lanang kuwi mlebu* lan ngukur cagak samping dalan mlebu kuwi. Saben cagak kuwi kandelé rong hasta lan ambané pitung hasta. Dalan mlebuné ambané enem hasta.  Bar kuwi, wong lanang mau ngukur ruangan sing madhep Ruang Suci, dawané 20 hasta lan ambané 20 hasta.+ Terus, wong lanang kuwi kandha, ”Iki Ruang Mahasuci.”+  Bar kuwi, wong lanang mau ngukur témbok bait, lan kandelé enem hasta. Ing sak ubengé bait kuwi ana ruang-ruang samping sing ambané patang hasta.+  Ruang-ruang samping kuwi digawé tingkat telu, sing siji digawé ing ndhuwuré liyané. Saben tingkat ana 30 ruangan. Ing sak ubengé témbok bait, ana penyanggané bèn lantai ruang samping kuwi ora perlu ditancepké ing témbok bait.+  Saka lantai pertama nganti lantai telu, ruang-ruang samping kuwi saya munggah saya amba.+ Ing sakiwa-tengené bait, ana undhak-undhakan sing dienggo munggah saka lantai siji menyang lantai loro lan lantai telu.  Aku ndelok nèk dhasaré bait kuwi luwih dhuwur timbang lantai ing sak ubengé. Dhasaré ruang-ruang samping kuwi ukurané sak tongkat, yaiku enem hasta.  Témbok njaba ruang samping kuwi kandelé limang hasta. Ana bagéan terbuka* ing sepanjang témbok njaba ruang-ruang samping. Kuwi ya dadi bagéan saka bait. 10  Ing antarané bait lan ruang-ruang makan,+ ana aréa sing ambané 20 hasta ing sisih kiwa lan tengené bait. 11  Ing antarané ruang-ruang samping lan bagéan terbuka, ana lawangé. Lawang sing siji ing sisih lor lan sijiné ing sisih kidul. Bagéan terbuka kuwi ambané limang hasta. 12  Ing sisih kulon, ana bangunan sing ambané 70 hasta lan dawané 90 hasta. Témbok bangunan kuwi kandelé limang hasta. Ana aréa terbuka ing antarané bangunan iki lan bait. 13  Wong lanang mau ngukur bait kuwi, lan dawané 100 hasta. Aréa terbuka kuwi ditambah bangunan kuwi* lan témboké dawané ya 100 hasta. 14  Bagéan ngarep bait sing madhep ngétan lan aréa terbuka ing sisih kiwa lan tengené bait kabèh ambané 100 hasta. 15  Wong lanang mau ngukur dawané bangunan sing madhep aréa terbuka ing mburiné bait, termasuk lorong-lorong ing sakiwa-tengené bangunan kuwi, lan dawané 100 hasta. Wong lanang kuwi ya ngukur Ruang Suci, Ruang Mahasuci,+ serambi-serambi halaman, 16  aréa mlebuné, jendhéla-jendhéla sing bingkainé saya sempit,+ lan lorong-lorong sing ana ing ruangan telu kuwi. Témbok ing aréa mlebuné dilapisi kayu+ saka ngisor nganti tekan jendhéla. Jendhélané ya dilapisi kayu kabèh. 17  Bagéan ndhuwur lawang, bagéan njero bait, bagéan njaba bait, lan témbok ing sak ubengé bait, kabèh diukur. 18  Ing kono ana gambar kerub-kerub+ lan wit palem sing diukir.+ Ing antarané kerub loro ana wit palem siji, lan saben kerub wajahé loro. 19  Wajah manungsa madhep ing wit palem sing sisih kéné, lan wajah singa madhep ing wit palem sing sisih kana.+ Kabèh bagéan ing bait diukir kaya ngono kuwi. 20  Saka ngisor nganti tekan ndhuwur lawang, kabèh témbok ing bait kuwi diukir nganggo gambar kerub lan wit palem. 21  Kusèn-kusèn lawang* ing bait kuwi bentuké kothak.+ Ing ngarepé ruang suci* ana sing kétok kaya 22  mézbah saka kayu+ sing dhuwuré telung hasta lan dawané rong hasta. Ana cagak ing pojokané mézbah kuwi. Bagéan ngisor lan bagéan liyané mézbah kuwi digawé saka kayu. Terus, wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Iki méja sing ana ing ngarepé Yéhuwah.”+ 23  Ruang Suci ing bait lawangé ana loro, lan Ruang Mahasuci lawangé ya loro.+ 24  Saben lawang ana daun pintuné loro, lan loro-loroné isa goyang. 25  Lawang-lawang bait kuwi diukir nganggo gambar kerub lan wit palem, kaya sing ana ing témbok.+ Ana atap cilik sing digawé saka kayu sing dipasang ing bagéan ndhuwur serambi njaba. 26  Ana jendhéla sing bingkainé saya sempit+ lan gambar wit palem ing sakiwa-tengené serambi, ing ruang-ruang samping bait, lan ing atap cilik saka kayu kuwi.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”bait”. Ing bab 41 lan 42, kata bait iki maksudé Ruang Suci utawa kabèh aréa ing panggonan suci (termasuk Ruang Suci lan Ruang Mahasuci).
Lit.: ”ambané”.
Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, mlebu ing ruangan njero panggonan suci utawa Ruang Mahasuci.
Mungkin dalan sempit ing sak ubengé bait.
Maksudé, bangunan sing ana ing sisih kuloné bait.
Lit.: ”Kusèn lawang”. Mungkin maksudé lawang menyang Ruang Suci.
Mungkin maksudé Ruang Mahasuci.