Yèhèzkièl 42:1-20

  • Komplèks ruang makan (1-14)

  • Kabèh aréa bait diukur (15-20)

42  Terus, wong lanang kuwi nuntun aku menyang halaman njaba ing sisih lor.+ Dhèwèké nggawa aku menyang komplèks ruang makan sing ana ing sebelahé aréa terbuka+ lan loré bangunan sing ana ing sisih kulon.*+  Bagéan komplèks kuwi, sing ana lawangé ing sisih lor, dawané 100 hasta.* Ambané komplèks kuwi 50 hasta.  Komplèks kuwi ana ing antarané lantai halaman njaba lan aréa terbuka ing halaman njero sing ambané 20 hasta.+ Ing komplèks kuwi, ana loro bangunan tingkat telu sing balkoné adhep-adhepan.  Ing antarané loro bangunan kuwi, ana dalan+ sing ambané 10 hasta lan dawané 100 hasta.* Dalan mlebuné ruang makan kuwi ana ing sisih lor.  Ruang-ruang makan sing ndhuwur dhéwé luwih sempit timbang sing ngisor lan tengah, merga ana balkon sing ngurangi ambané ruang makan kuwi.  Senajan iki bangunan tingkat telu, ning ora ana cagaké blas. Kuwi sebabé lantai ing tingkat sing paling dhuwur luwih sempit timbang sing paling ngisor lan sing tengah.  Ana témbok watu ing cedhak bangunan ruang makan sing madhep halaman njaba. Témbok kuwi dawané 50 hasta lan adhep-adhepan karo bangunan ruang makan sing sijiné.  Bangunan ruang makan sing madhep halaman njaba dawané 50 hasta, ning bangunan ruang makan sing luwih cedhak karo panggonan suci dawané 100 hasta.  Ruang-ruang makan iki nduwé lawang ing sisih wétan. Saka halaman njaba, wong isa munggah mrana. 10  Ing sisih kidul ya ana ruang-ruang makan. Témbok watu halaman ana ing sisih wétané. Ruang-ruang makan kuwi ana ing sebelahé aréa terbuka lan bangunan sing ana ing sisih kulon.*+ 11  Ana dalan ing antarané loro bangunan ruang makan kuwi kaya dalan sing ana ing antarané ruang makan sisih lor.+ Dawané lan ambané padha. Dalan metuné lan bentuké ya padha. Dalan mlebuné 12  padha karo dalan mlebuné ruang makan sisih kidul. Ing ujung dalan kuwi, ing sebelahé témbok watu sing madhep ngétan, ana dalan mlebu sing isa diliwati wong.+ 13  Terus, wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Ruang makan sing ana ing lor lan kidul, sing ana ing sebelahé aréa terbuka,+ kuwi ruang makan sing suci. Ing kono, para imam sing ngadhep Yéhuwah padha mangan persembahan sing paling suci.+ Ya ing kono kuwi para imam ndèlèhké persembahan sing paling suci, persembahan biji-bijian, persembahan dosa, lan persembahan kesalahan, merga kuwi panggonan sing suci.+ 14  Para imam sing mlebu ing panggonan suci kuwi ora éntuk metu saka kono lan lunga menyang halaman njaba nèk durung nyopot klambi sing dienggo pas nindakké tugas,+ merga klambi kuwi suci. Para imam kudu salin sakdurungé lunga menyang panggonan-panggonan sing akèh wongé.” 15  Bar rampung ngukur aréa bait sisih njero, wong lanang kuwi nuntun aku metu liwat gerbang sing madhep ngétan.+ Terus, wong lanang kuwi ngukur kabèh aréa kuwi. 16  Sisih wétané diukur nganggo tongkaté,* lan dawané 500 tongkat, saka pucuk nganti tekan pucuk. 17  Sisih loré diukur nganggo tongkaté, lan dawané 500 tongkat. 18  Sisih kidulé diukur nganggo tongkaté, lan dawané 500 tongkat. 19  Sisih kuloné diukur nganggo tongkaté, lan dawané 500 tongkat. 20  Papat sisihé diukur. Ing sak ubengé ana témbok+ sing dawané 500 tongkat lan ambané 500 tongkat+ bèn dhaérah suci kepisah saka dhaérah biasa.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, bangunan ing mburiné bait.
Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.
Nurut Septuaginta Yunani: ”dawané 100 hasta”. Tèks Ibraniné: ”Dalan sak hasta”. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, bangunan ing mburiné bait.
Utawa ”tongkat kanggo ngukur”.