Yèhèzkièl 45:1-25

  • Sumbangan suci lan kutha (1-6)

  • Bagéané para pemimpin (7, 8)

  • Pemimpin kudu jujur (9-12)

  • Sumbangan saka rakyat lan pemimpin (13-25)

45  ”’Pas kowé mbagi tanah dadi warisan,+ sebagéan tanah kudu mbok sumbangké marang Yéhuwah dadi bagéan sing suci.+ Dawané 25.000 hasta* lan ambané 10.000 hasta.+ Kabèh aréa kuwi bakal dadi bagéan sing suci.  Ing njero bagéan kuwi, siapna tanah sing bentuké kothak ukurané 500 hasta ping 500 hasta*+ kanggo panggonan suci, lan ing saben sisihé kudu ana padhang rumput sing ambané 50 hasta.+  Ukuren tanah kuwi. Dawané kudu 25.000 hasta, lan ambané kudu 10.000 hasta. Ing kono, bakal ana bait, yaiku panggonan sing paling suci.  Tanah kuwi bakal dadi bagéan sing suci duwèké para imam,+ yaiku para petugas bait sing nglayani Yéhuwah.+ Omahé wong-wong kuwi lan panggonan suci kanggo bait ana ing aréa kuwi.  ”’Wong Lèwi sing dadi petugas bait bakal nampa tanah sing dawané 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta.+ Wong-wong kuwi ya bakal nampa ruang makan 20.+  ”’Tanah sing dawané 25.000 hasta (padha karo dawané tanah sing diwènèhké dadi sumbangan suci mau) lan ambané 5.000 hasta kudu mbok wènèhké bèn dadi tanah duwèké kutha.+ Tanah kuwi bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl.  ”’Pemimpin bakal nampa tanah ing sisih wétan lan kulon, yaiku ing sisihé tanah sing diwènèhké dadi sumbangan suci lan sing diwènèhké dadi tanah duwèké kutha. Dawané tanah kuwi, saka sisih wétan nganti tekan sisih kulon, padha karo dawané tanah sing dadi bagéané salah siji suku.+  Tanah kuwi bakal dadi duwèké pemimpin ing Israèl. Para pemimpin ora bakal nindhes umat-Ku manèh,+ ning bakal padha mbagi tanah warisan kanggo wong Israèl sesuai karo suku-suku ing Israèl.’+  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé para pemimpin ing Israèl, kowé kuwi wis kebangeten.’ ”’Aja kejem, lan aja nindhes manèh. Tindakna apa sing adil lan bener.+ Aja ngrampas manèh tanahé umat-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 10  ’Kowé kudu nganggo timbangan sing bener, takeran éfa* sing bener, lan takeran bat* sing bener.+ 11  Kudu ana takeran éfa lan bat sing wis ditentokké. Sak bat kudu padha karo sepersepuluh homèr,* lan sak éfa kudu padha karo sepersepuluh homèr. Sing dadi pathokan takeran kuwi homèr. 12  Sak syèkel*+ padha karo 20 géra,* lan 60 syèkel padha karo sak mina.’* 13  ”’Iki sing kudu mbok sumbangké: Saben gandum sak homèr, sumbangna seperenem éfa, lan saben barli sak homèr, sumbangna seperenem éfa. 14  Jatah minyak kudu diukur nganggo takeran bat. Sak bat kuwi sepersepuluh kor,* lan sepuluh bat kuwi sak homèr, merga sepuluh bat padha karo sak homèr. 15  Saka ternaké wong Israèl, saben 200 domba, sumbangna siji. Kabèh sumbangan kuwi bakal digunakké kanggo persembahan biji-bijian,+ persembahan bakaran,+ lan korban kerukunan,*+ bèn dosané wong Israèl diapura,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 16  ”’Kabèh rakyat ing tanah kuwi kudu mènèhké sumbangan+ kuwi marang pemimpin ing Israèl. 17  Ning, pemimpin kudu tanggung jawab nyedhiakké kéwan kanggo persembahan bakaran,+ persembahan biji-bijian,+ lan persembahan minuman saksuwéné perayaan,+ bulan anyar, Sabat,+ lan kabèh perayaan sing ditentokké kanggo wong Israèl.+ Pemimpin kuwi sing bakal nyiapké korban kanggo persembahan dosa, persembahan biji-bijian, persembahan bakaran, lan korban kerukunan,* bèn dosa-dosané wong Israèl diapura.’ 18  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Ing dina pertama bulan pertama, kowé kudu mènèhké sapi lanang enom siji sing séhat. Kowé ya kudu nggawé bait kuwi dadi suci.+ 19  Imam bakal njupuk sebagéan getih saka persembahan dosa lan ngolèské kuwi ing kusèn lawang bait,+ ing pojok papat tingkat ketelu mézbah, lan ing kusèn gerbang halaman njero. 20  Kuwi sing kudu mbok tindakké ing dina kepitu sasi kuwi kanggo wong sing nindakké dosa merga ora sengaja utawa ora ngerti.+ Kowé ya kudu nggawé suci bait kuwi.+ 21  ”’Ing dina ke-14 sasi ke-1, kowé kudu ngrayakké Paskah.+ Pitung dina suwéné kowé kudu mangan roti tanpa ragi.+ 22  Dina kuwi, pemimpin kudu nyedhiakké sapi lanang enom siji dadi persembahan dosa kanggo dhèwèké lan kabèh rakyat ing tanah kuwi.+ 23  Saksuwéné pitung dina perayaan kuwi, dhèwèké kudu nyedhiakké korban persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. Saben dina, dhèwèké kudu nyedhiakké sapi lanang enom pitu lan domba lanang pitu sing séhat.+ Dhèwèké ya kudu nyedhiakké kambing lanang siji saben dina kanggo persembahan dosa. 24  Dhèwèké ya kudu nyedhiakké persembahan biji-bijian, yaiku sak éfa tepung kanggo saben sapi lanang enom lan sak éfa tepung kanggo saben domba lanang, lan sak hin* minyak kanggo saben éfa tepung. 25  ”’Ing dina ke-15 sasi ke-7, saksuwéné pitung dina perayaan kuwi,+ dhèwèké ya kudu nyedhiakké persembahan sing kaya kuwi, yaiku persembahan dosa, persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan minyak.’”

Katrangan Tambahan

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”500 ping 500”.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”mané”. Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.