Yèhèzkièl 46:1-24

  • Persembahan-persembahan (1-15)

  • Warisan tanah saka pemimpin (16-18)

  • Panggonan kanggo nggodhog daging persembahan (19-24)

46  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Gerbang halaman njero sing madhep ngétan+ kudu ditutup terus+ nganti enem dina,+ ning pas dina Sabat lan dina bulan anyar, gerbang kuwi kudu dibukak.  Saka njaba, pemimpin bakal mlebu liwat serambi gerbang,+ terus ngadeg ing cedhaké cagak gerbang. Para imam bakal mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* marang dhèwèké, bar kuwi dhèwèké kudu sujud ing gerbang kuwi, terus metu manèh. Ning nganti bengi, gerbang kuwi ora olèh ditutup.  Rakyat ing tanah kuwi ya bakal sujud ing ngarepé Yéhuwah ing gerbang kuwi saben Sabat lan saben bulan anyar.+  ”’Pas dina Sabat, pemimpin kudu nggawa marang Yéhuwah anak domba lanang enem sing séhat lan domba lanang siji sing séhat dadi persembahan bakaran.+  Kanggo domba lanang kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa* tepung dadi persembahan biji-bijian, lan kanggo anak-anak domba lanang mau, dhèwèké kudu mènèhké apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin* minyak bareng karo saben éfa tepung.+  Pas bulan anyar, persembahan sing kudu mbok wènèhké yaiku sapi lanang enom siji sing séhat, anak domba lanang enem, lan domba lanang siji. Kabèh kudu sing séhat.+  Kanggo sapi lanang enom kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa tepung dadi persembahan biji-bijian. Kanggo domba lanang kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa tepung. Kanggo anak-anak domba lanang mau, dhèwèké kudu mènèhké apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin minyak bareng karo saben éfa tepung.  ”’Nèk pemimpin kuwi arep mlebu, dhèwèké kudu mlebu liwat serambi gerbang lan ya kudu metu saka kono.+  Nèk rakyat ing tanah kuwi teka ing ngarepé Yéhuwah pas perayaan-perayaan,+ wong sing mlebu liwat gerbang lor+ kanggo ngibadah kudu metu liwat gerbang kidul,+ lan wong sing mlebu liwat gerbang kidul kudu metu liwat gerbang lor. Ora ana sing éntuk metu liwat gerbang sing diliwati pas mlebu, ning metuné kudu liwat gerbang sing ana ing sabrangé. 10  Pemimpin kudu mlebu pas rakyat mlebu lan metu pas rakyat metu. 11  Pas perayaan lan musim perayaan, persembahan biji-bijian kudu diwènèhké. Kanggo sapi lanang enom, sak éfa tepung. Kanggo domba lanang, sak éfa tepung. Kanggo anak-anak domba lanang, wènèhna apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin minyak kanggo saben éfa tepung.+ 12  ”’Nèk pemimpin nyedhiakké persembahan bakaran+ utawa korban kerukunan* dadi persembahan sukaréla kanggo Yéhuwah, gerbang sing madhep ngétan kudu dibukak. Dhèwèké kudu nyedhiakké persembahan bakaran lan korban kerukunan* kaya pas dhèwèké nindakké kuwi ing dina Sabat.+ Bar dhèwèké metu, gerbang kuwi kudu ditutup.+ 13  ”’Saben dina, kowé kudu nyedhiakké anak domba lanang siji sing séhat sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ Tindakna kuwi saben ésuk. 14  Sakliyané kuwi, saben ésuk kowé kudu mènèhké persembahan biji-bijian, yaiku seperenem éfa tepung, bareng karo sepertelu hin minyak kanggo dicipratké ing tepung alus kuwi. Iki bakal dadi persembahan biji-bijian sing kudu mbok wènèhké saben dina marang Yéhuwah. Iki peraturan kanggo sakterusé. 15  Anak domba lanang, persembahan biji-bijian, lan minyak kudu disedhiakké saben ésuk dadi persembahan bakaran sing diwènèhké saben dina.’ 16  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Nèk pemimpin mènèhi anak-anaké lanang tanah bèn dadi warisan, hadiah kuwi bakal dadi duwèké anak-anaké. Kuwi bakal dadi warisané. 17  Ning, nèk tanah warisan kuwi diwènèhké marang pembantuné, tanah kuwi bakal dadi duwèké pembantuné nganti taun pembébasan.+ Bar kuwi, tanah kuwi bakal dibalèkké manèh marang pemimpin mau. Mung anak-anaké lanang pemimpin kuwi sing isa nduwèni tanah warisan kanggo saklawasé. 18  Pemimpin ora éntuk ngusir rakyat saka tanahé mung bèn isa ngrampas tanah warisané wong-wong kuwi. Sing diwariské marang anak-anaké kudu tanahé dhéwé. Mula, ora ana umat-Ku sing diusir saka tanahé.’” 19  Terus, wong lanang kuwi nggawa aku mlebu liwat lawang ing samping gerbang+ sing ngarah ing ruang-ruang makan sing suci duwèké para imam. Ruang-ruang makan kuwi madhep ngalor,+ lan aku ndelok ana panggonan ing mburiné ruang-ruang makan kuwi, yaiku ing sisih kulon. 20  Wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Iki panggonané para imam nggodhog daging persembahan kesalahan lan persembahan dosa lan manggang persembahan biji-bijian.+ Kuwi bèn para imam ora nggawa metu apa-apa menyang halaman njaba lan nggawé umat kuwi dadi suci.”+ 21  Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang halaman njaba lan nuntun aku menyang pojok papat halaman njaba kuwi. Ing saben pojok halaman njaba, aku ndelok ana halaman. 22  Halaman ing pojok papat halaman njaba kuwi cilik, dawané 40 hasta* lan ambané 30 hasta. Papat-papaté ukurané padha. 23  Ana témbok cendhèk ing sak ubengé halaman cilik kuwi. Ing bagéan ngisoré, ana panggonan-panggonan kanggo nggodhog daging persembahan. 24  Terus wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Iki ruang masak para petugas bait sing nggodhog daging korban saka umat.”+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.