Yèhèzkièl 48:1-35

  • Pembagian tanah warisan (1-29)

  • Rolas gerbang kutha (30-35)

    • Kutha kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana” (35)

48  ”Iki jenengé suku-suku Israèl sing nampa tanah warisan dimulai saka sing paling lor: Tanah bagéané Dan+ kuwi dhaérah ing sepanjang dalan Hétlon nganti tekan Lébo-Hamat,*+ terus tekan Hazar-énan, ing sepanjang perbatasané Damaskus ing sisih lor, ing sebelahé Hamat.+ Tanah bagéané Dan kuwi mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Tanah bagéané Asyèr+ kuwi ana ing sisih kidulé dhaérahé Dan, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Tanah bagéané Naftali+ ana ing sisih kidulé dhaérahé Asyèr, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Tanah bagéané Manasyé+ ana ing sisih kidulé dhaérahé Naftali, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Tanah bagéané Éfraim ana ing sisih kidulé dhaérahé Manasyé,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Tanah bagéané Rubèn ana ing sisih kidulé dhaérahé Éfraim,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Tanah bagéané Yéhuda ana ing sisih kidulé dhaérahé Rubèn,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.  Ing sisih kidul bagéané Yéhuda, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon, ana tanah sing kudu disumbangké. Ambané 25.000 hasta,*+ lan dawané tanah kuwi saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon padha karo dawané tanah sing dadi bagéané suku-suku sing ana ing sisih lor lan kidulé. Bait ana ing tengah-tengahé tanah kuwi.  ”Tanah sing kudu disumbangké marang Yéhuwah dawané 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta. 10  Tanah kuwi bakal dadi sumbangan suci kanggo para imam.+ Sisih loré dawané 25.000 hasta, sisih kuloné 10.000 hasta, sisih wétané 10.000 hasta, lan sisih kidulé 25.000 hasta. Baité Yéhuwah ana ing tengah-tengahé tanah kuwi. 11  Tanah kuwi kanggo para imam sing disucèkké, yaiku keturunané Zadok,+ sing tetep setya nindakké tugas marang Aku pas wong Israèl lan wong Lèwi ninggalké Aku.+ 12  Wong-wong kuwi bakal éntuk bagéan ing tanah sing wis ditetepké dadi sumbangan suci. Tanah bagéané ana ing sebelahé tanah duwèké wong Lèwi. 13  ”Tanah bagéané wong Lèwi persis ing sebelahé wilayahé para imam, dawané 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta. (Kabèh dawané tanah kuwi 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta.) 14  Tanah kuwi bagéan sing paling apik. Kuwi ora éntuk diedol utawa diijolké, merga tanah kuwi suci kanggo Yéhuwah. 15  ”Sisané tanah sing ambané 5.000 hasta lan dawané 25.000 hasta kuwi tanah duwèké kutha lan digunakké kanggo penduduk kutha,+ yaiku kanggo omah lan padhang rumput. Kutha bakal ana ing tengah-tengahé.+ 16  Iki ukurané kutha kuwi: Perbatasan sisih lor 4.500 hasta, perbatasan sisih kidul 4.500 hasta, perbatasan sisih wétan 4.500 hasta, lan perbatasan sisih kulon 4.500 hasta. 17  Iki ukurané padhang rumput ing kutha kuwi: Sisih loré 250 hasta, sisih kidulé 250 hasta, sisih wétané 250 hasta, lan sisih kuloné 250 hasta. 18  ”Dawané sisa tanah kuwi padha karo dawané tanah sing dadi sumbangan suci,+ ing sisih wétan 10.000 hasta lan ing sisih kulon 10.000 hasta. Hasil tanahé bakal dipangan karo wong-wong sing kerja ing kutha. 19  Tanah kuwi bakal digarap karo kabèh suku Israèl sing kerja ing kutha kuwi.+ 20  ”Ukuran tanah sing disumbangké kuwi 25.000 hasta ping 25.000 hasta. Tanah kuwi kudu mbok wènèhké dadi sumbangan suci lan dadi duwèké kutha. 21  ”Sisa tanah ing sisih wétan lan kuloné tanah sumbangan suci lan tanah duwèké kutha kuwi bakal dadi duwèké pemimpin.+ Bagéan iki ana ing sebelah wétan lan kuloné perbatasan tanah sumbangan suci sing ambané 25.000 hasta kuwi. Batasé bagéan iki padha karo batas tanah bagéané suku ing sisih lor lan kidulé. Tanah kuwi duwèké pemimpin. Tanah sumbangan suci lan bait bakal ana ing tengah-tengahé. 22  ”Bagéané wong Lèwi lan bagéan sing dadi tanah duwèké kutha bakal ana ing antarané dhaérah duwèké pemimpin. Dhaérah duwèké pemimpin ana ing antarané dhaérahé Yéhuda+ lan dhaérahé Bènyamin. 23  ”Iki bagéané suku-suku Israèl liyané: Tanah bagéané Bènyamin kuwi mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.+ 24  Tanah bagéané Siméon ana ing sisih kidulé dhaérahé Bènyamin,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 25  Tanah bagéané Isakhar+ ana ing sisih kidulé dhaérahé Siméon, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 26  Tanah bagéané Zébulon ana ing sisih kidulé dhaérahé Isakhar,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.+ 27  Tanah bagéané Gad ana ing sisih kidulé dhaérahé Zébulon,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 28  Batas sisih kidul tanah warisan kuwi ana ing dhaérah Gad. Batasé saka Tamar+ nganti tekan perairan Mèribat-kadès,+ terus menyang Wadi*+ nganti tekan Laut Besar.* 29  ”Kuwi dhaérah sing kudu dibagi-bagi dadi tanah warisan marang suku-suku Israèl,+ lan kuwi bakal dadi duwèké suku-suku kuwi,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 30  ”Kutha kuwi nduwé dalan metu. Ing sisih lor ukurané 4.500 hasta.+ 31  ”Gerbang-gerbang kuthané bakal dijenengi nurut suku-suku Israèl. Ing lor ana gerbang telu, yaiku gerbang Rubèn, gerbang Yéhuda, lan gerbang Lèwi. 32  ”Ing sisih wétan dawané 4.500 hasta lan gerbangé telu, yaiku gerbang Yusuf, gerbang Bènyamin, lan gerbang Dan. 33  ”Ing sisih kidul dawané 4.500 hasta lan gerbangé telu, yaiku gerbang Siméon, gerbang Isakhar, lan gerbang Zébulon. 34  ”Ing sisih kulon dawané 4.500 hasta lan gerbangé telu, yaiku gerbang Gad, gerbang Asyèr, lan gerbang Naftali. 35  ”Témbok sing ngubengi kutha kuwi ukurané 18.000 hasta. Kèt dina kuwi, kutha mau dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, Laut Tengah.
Maksudé, Wadi Mesir.