Yèhèzkièl 5:1-17

  • Gambaran kehancuran Yérusalèm (1-17)

    • Rambuté Yèhèzkièl dicukur lan dibagi telu (1-4)

    • Yérusalèm luwih parah timbang bangsa-bangsa liya (7-9)

    • Telung cara kanggo ngukum wong-wong sing mbrontak (12)

5  ”Hé anaké manungsa, jupuken pedhang sing landhep sing isa dadi pisau cukur. Cukuren rambutmu lan jénggotmu, terus jupuken timbangan. Bar kuwi, timbangen lan baginen rambutmu dadi telung bagéan.  Obongen bagéan sing pertama sakwisé kowé rampung ngepung kutha kuwi.+ Potong-potongen bagéan sing keloro nganggo pedhang ing sak ubengé kutha kuwi.+ Terus, sebaren bagéan sing terakhir bèn kabur kena angin, lan Aku bakal ngetokké pedhang kanggo ngoyak*+ rambut-rambut kuwi.  ”Kowé ya kudu njupuk rambut kuwi sithik, terus buntelen kuwi ing klambimu.  Jupuken manèh rambut kuwi sithik, terus uncalna ing geni bèn kobong nganti entèk. Geni kuwi bakal ngobong kabèh wong Israèl.+  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kuwi maksudé Yérusalèm. Aku wis ndèlèhké dhèwèké ing tengahé bangsa-bangsa. Dhèwèké diubengi negara-negara liya.  Ning, dhèwèké mbrontak nglawan keputusan hukum lan peraturan-Ku. Dhèwèké luwih jahat timbang bangsa lan negara ing sekitaré.+ Dhèwèké nolak keputusan hukum-Ku lan ora manut peraturan-Ku.’  ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé kuwi luwih nyusahké timbang kabèh bangsa sing ana ing sekitarmu. Kowé ora manut peraturan-Ku lan ora nindakké keputusan hukum-Ku. Kowé malah manut karo keputusan hukumé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu.+  Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé kutha Yérusalèm,+ Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal ngukum kowé ing ngarepé bangsa-bangsa.+  Apa sing bakal Tak tindakké marang kowé kuwi durung tau Tak tindakké sakdurungé, lan Aku ya ora bakal tumindak kaya ngono manèh. Kuwi merga tumindakmu sing njijiki.+ 10  ”’”Bapak bakal mangan anaké,+ lan anak bakal mangan bapaké. Aku bakal ngukum kowé, lan wong sing isih urip bakal Tak sebar ing endi-endi.”’+ 11  ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Aku sumpah demi Aku sing urip nèk Aku bakal nolak kowé merga kowé nggawé panggonan suci-Ku dadi najis. Kuwi dadi najis merga kabèh brahalamu sing njijiki lan merga tumindakmu sing njijiki.+ Aku ya ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ora bakal perduli karo kowé.+ 12  Sebagéan saka pendudukmu bakal mati merga wabah penyakit utawa kelaparan. Sebagéan manèh bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang ing njaba kutha.+ Terus, sisané bakal Tak sebar ing endi-endi, lan Aku bakal ngetokké pedhang kanggo ngoyak* wong-wong kuwi.+ 13  Sakwisé kuwi, Aku ora bakal nesu manèh. Aku ora bakal nesu, lan Aku bakal ngrasa puas.+ Sakwisé Aku rampung ngukum wong-wong kuwi, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngomong nèk wong-wong kuwi kudu ngabdi mung marang Aku waé.+ 14  ”’Aku bakal nggawé kowé hancur. Bangsa-bangsa ing sekitarmu lan wong-wong sing liwat ya bakal ngrèmèhké kowé.+ 15  Wektu Aku ngukum kowé karo nesu banget,+ kowé bakal diécé lan dirèmèhké bangsa-bangsa ing sekitarmu. Apa sing mbok alami kuwi bakal dadi peringatan, lan kuwi bakal nggawé bangsa-bangsa ing sekitarmu dadi wedi. Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi. 16  ”’Aku bakal nggawé kowé kelaparan, lan kuwi bakal nggawé kowé mati kaya kena panah.+ Persediaan panganmu bakal Tak kurangi* bèn kelaparan kuwi dadi saya parah.+ 17  Aku bakal nyebabké ana kelaparan lan ana kéwan-kéwan liar sing buas.+ Kuwi kabèh bakal matèni anak-anakmu. Bakal ana wabah penyakit lan patèn-patènan. Aku ya bakal matèni kowé nganggo pedhang.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.’”

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”Tongkat rotimu bakal Tak tugel”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.