Yèhèzkièl 6:1-14

  • Soal gunung-gunung Israèl (1-14)

    • Brahala sing njijiki bakal dihancurké (4-6)

    • ”Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah” (7)

6  Yéhuwah ngomong manèh marang aku,  ”Hé anaké manungsa, deloken gunung-gunung Israèl, lan sampèkna ramalan soal gunung-gunung kuwi.  Ngomonga, ’Hé gunung-gunung Israèl, rungokna omongané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang gunung, bukit, kali, lan lembah: ”Aku bakal nglawan kowé nganggo pedhang, lan Aku bakal ngancurké panggonan-panggonan dhuwurmu.*  Mézbahmu bakal Tak remuk. Panggonan-panggonan dupamu bakal Tak rusak.+ Mayat-mayatmu bakal Tak uncalké ing ngarepé brahalamu sing njijiki.+  Aku bakal nguncalké mayaté wong Israèl ing ngarepé brahalané sing njijiki. Aku bakal nyebar balung-balungmu ing sak ubengé mézbahmu.+  Ing kabèh dhaérah sing mbok enggoni, kutha-kuthané bakal dihancurké+ lan panggonan-panggonan dhuwuré bakal diremuk lan ditelantarké.+ Mézbahé bakal diremuk lan disingkirké. Brahala-brahalamu sing njijiki bakal dihancurké. Panggonan-panggonan dupamu bakal dirusak. Apa waé sing wis mbok gawé bakal dimusnahké.  Wong-wong sing dipatèni bakal pating glimpang ing tengah-tengahmu.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+  ”’”Ning, ana wong-wong sing ora bakal Tak patèni. Pas kowé dipencarké ing negara-negara liya lan manggon ing kana,+ ana sing bakal slamet lan ora dipatèni nganggo pedhang.  Pas ditawan ing antarané bangsa-bangsa, wong-wong sing slamet kuwi bakal éling karo Aku.+ Wong-wong kuwi bakal sadhar nèk Aku sedhih banget merga wong-wong kuwi ora setya lan ngianati Aku+ lan merga wong-wong kuwi péngin banget nyembah brahala sing njijiki.+ Wong-wong kuwi bakal kisinan lan jijik karo kabèh tumindaké sing jahat lan njijiki.+ 10  Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah, lan bencana sing Tak omongké mau ora mung omong thok.”’+ 11  ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Keplok-keploka, lan gedrugna sikilmu. Nangisa merga kabèh tumindak jahat lan njijiki sing ditindakké wong Israèl. Wong-wong kuwi bakal mati merga pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ 12  Sing adoh bakal mati merga wabah penyakit, lan sing cedhak bakal mati merga pedhang, terus sing liyané bakal mati merga kelaparan. Aku bakal nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi.+ 13  Wong-wongé sing dipatèni bakal padha pating glimpang ing antarané brahala-brahalané sing njijiki, ing sak ubengé mézbahé,+ ing saben bukit sing dhuwur, ing saben puncak gunung, ing ngisoré saben wit sing rimbun, lan ing ngisoré saben cabang wit gedhé. Ing kono, wong-wong kuwi padha mènèhké persembahan sing wangi kanggo nyenengké kabèh brahalané sing njijiki.+ Wektu kuwi kelakon, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 14  Aku bakal ngangkat tangan-Ku kanggo ngukum wong-wong kuwi lan nggawé tanahé telantar. Kabèh panggonané bakal dadi luwih telantar timbang padhang belantara ing cedhaké Dibla. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

Katrangan Tambahan