Yérémia 19:1-15

  • Yérémia dikongkon mecahké botol saka tanah liat (1-15)

    • Anak-anak dikorbanké kanggo Baal (5)

19  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Tukua botol tanah liat saka pengrajin tanah liat.+ Undangen* sebagéan pemimpin* bangsa iki lan sebagéan imam sing wis pengalaman.  Terus, lungaa menyang Lembah Putra Hinom+ ing ngarep Gerbang Pecahan Tanah Liat. Ing kana, umumna apa sing Tak omongké marang kowé.  Iki sing kudu mbok omongké, ’Rungokna omongané Yéhuwah, hé para raja Yéhuda lan penduduk Yérusalèm. Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl kandha: ”’”Aku bakal mènèhi bencana kanggo panggonan iki. Sapa waé sing krungu soal kuwi bakal kagèt.*  Kuwi merga wong-wong wis ninggalké Aku+ lan nggawé Aku ora isa ngenali panggonan iki manèh.+ Ing kéné, wong-wong kuwi mènèhké korban marang allah-allah liya sing ora dikenal. Nènèk moyangé lan raja-raja Yéhuda ya ora kenal karo allah-allah kuwi. Panggonan iki wis dikebaki nganggo getihé wong-wong sing ora salah.+  Wong-wong kuwi nggawé panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal bèn isa ngobong anak-anaké dadi persembahan bakaran kanggo Baal.+ Aku ora tau mréntahké kuwi utawa ngomong soal kuwi. Aku ya malah ora tau mikirké sing kaya ngono kuwi.”’*+  ”’Yéhuwah kandha, ”Mula, bakal tekan wektuné panggonan iki ora bakal disebut Tofèt utawa Lembah Putra Hinom* manèh, ning bakal disebut Lembah Pembantaian.+  Aku bakal nggagalké rencanané Yéhuda lan Yérusalèm ing panggonan iki. Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dipatèni mungsuh-mungsuhé nganggo pedhang lan dipatèni karo wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi. Mayaté wong-wong kuwi bakal Tak wènèhké dadi panganan kanggo manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi.+  Aku bakal nggawé kutha iki dadi panggonan sing medèni lan diécé* wong-wong. Saben wong sing liwat ing kono bakal wedi ndelok kuwi lan padha ngécé* merga bencana sing dialami kutha kuwi.+  Kutha kuwi bakal dikepung mungsuh-mungsuhé, lan wong-wong sing manggon ing kono bakal dipatèni kabèh. Saking medèniné, wong-wong kuwi bakal mangan anak-anaké dhéwé lan mangan kancané dhéwé.”’+ 10  ”Bar kuwi, pecahna botol kuwi ing ngarepé wong-wong sing bareng karo kowé, 11  terus ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Ya kaya ngéné iki Aku bakal ngremuk bangsa iki lan kutha iki, kaya wong ngremuk wadhah saka tanah liat nganti kuwi ora isa didandani manèh. Wong-wong kuwi bakal ngubur wong mati ing Tofèt nganti ing kono ora ana manèh panggonan kanggo ngubur.”’+ 12  ”Yéhuwah kandha, ’Kuwi sing bakal Tak tindakké marang panggonan iki lan penduduké. Kutha iki bakal Tak dadèkké kaya Tofèt. 13  Omah-omah ing Yérusalèm lan istana-istanané para raja Yéhuda bakal dadi najis kaya Tofèt.+ Kuwi merga wong-wong kuwi mènèhké korban ing atap omahé kanggo kabèh sing ana ing langit+ lan ngesokké persembahan minuman kanggo allah-allah liya.’”+ 14  Sakwisé bali saka Tofèt, yaiku panggonan Yéhuwah ngutus Yérémia bèn nyampèkké ramalan, Yérémia ngadeg ing halaman omahé Yéhuwah lan kandha marang kabèh wong, 15  ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, ’Aku bakal mènèhi bencana marang kutha iki lan kabèh désané kaya sing wis Tak omongké, merga wong-wong kuwi ndableg lan ora gelem manut omongan-Ku.’”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Celuken”.
Utawa ”sesepuh”.
Lit.: ”bakal mbengung kupingé”.
Utawa ”Kuwi ya ora tau ana ing ati-Ku”.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”disingsoti”.
Lit.: ”nyingsoti”.