Yérémia 30:1-24

  • Janji nèk bakal digawa bali lan diklumpukké manèh (1-24)

30  Yéhuwah kandha marang Yérémia,  ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Tulisen ing buku kabèh sing Tak omongké marang kowé.  Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku nglumpukké umat-Ku sing ditawan, yaiku Israèl lan Yéhuda,”+ kandhané Yéhuwah, ”lan Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé, lan tanah kuwi bakal dadi duwèké wong-wong kuwi manèh.”’”+  Yéhuwah kandha marang Israèl lan Yéhuda.   Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kowé krungu swara wong-wong sing padha wedi. Anané mung rasa wedi, lan ora ana damai.   Coba pikiren, apa wong lanang isa nglairké. Terus, ngapa kok Aku ndelok wong-wong lanang sing kuwat padha nyekeli wetengé* kaya wong wédok sing arep nglairké?+ Ngapa kok wajahé wong-wong padha pucet?   Adhuh! Dina kuwi medèni banget.+ Ora ana dina sing kaya ngono. Kuwi wektu sing susah kanggo Yakub. Ning dhèwèké bakal dislametké.”  Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Dina kuwi, Aku bakal nugel kayu sing dipasang ing gulumu, lan tali sing mbok enggo nalèni bakal Tak pedhot dadi loro. Wong asing ora bakal ndadèkké dhèwèké* budhak manèh.  Umat-Ku mesthi bakal nglayani Yéhuwah Gusti Allahé lan nglayani raja sing wis Tak lantik kanggo umat-Ku, yaiku Daud.”+ 10  ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+ Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adohLan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+ Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan. Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+ 11  Yéhuwah kandha, ”Aku ndhukung kowé kanggo nylametké kowé. Ing bangsa ngendi waé kowé Tak sebar,+ Aku bakal nyingkirké kabèh bangsa kuwi. Ning, kowé ora bakal Tak singkirké.+ Kowé bakal tetep Tak hukum,+Ning Aku bakal ngukum kowé nganggo cara sing bener.” 12  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kehancuranmu wis parah banget.+ Lukamu ora isa ditambani. 13  Ora ana sing mbéla perkaramu. Ora ana sing isa nambani borokmu. Ora ana sing isa nambani kowé. 14  Kabèh sing sayang banget karo kowé wis nglalèkké kowé.+ Wong-wong kuwi ora nggolèki kowé manèh,Sebab Aku bakal nyerang kowé kaya mungsuh.+ Aku bakal ngukum kowé kaya wong sing kejemMerga kesalahanmu sing gedhé lan dosamu sing akèh.+ 15  Ngapa kowé sambat merga kehancuranmu? Rasa laramu kuwi ora bakal ilang. Aku nindakké iki marang kowé merga kesalahanmu sing gedhé lan dosamu sing akèh.+ 16  Kabèh sing matèni kowé bakal dipatèni,+Kabèh mungsuhmu ya bakal ditawan,+Kabèh sing njarah kowé bakal dijarah,Lan kabèh sing ngrampok kowé ya bakal dirampok.”+ 17  Yéhuwah kandha, ”Senajan kabèh wong wis nolak kowé lan kandha,’Zion, ora ana sing nggolèki dhèwèké.’+ Ning, Aku bakal nggawé kowé pulih lan séhat manèh. Aku ya bakal nambani luka-lukamu.”+ 18  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal nglumpukké keturunané Yakub sing ditawan.+ Aku bakal mesakké wong-wong kuwi, lan panggonané bakal Tak pulihké. Kutha kuwi bakal dibangun manèh ing panggonané mbiyèn,+Lan menarané sing ana bèntèngé bakal ngadeg ing panggonané. 19  Wong-wong kuwi bakal ngucap syukur lan ngguyu.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dadi saya akèh lan jumlahé wong-wong kuwi ora bakal dadi sithik.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi tambah akèh,*Lan wong-wong kuwi ora bakal dirèmèhké.+ 20  Keturunané Yakub bakal makmur kaya mbiyèn,Ing ngarep-Ku, wong-wong kuwi bakal dadi bangsa sing kuwat.+ Aku bakal ngukum kabèh sing nindhes wong-wong kuwi.+ 21  Pemimpiné asalé saka wong-wong kuwi dhéwé. Penguasané asalé saka keturunané dhéwé. Aku bakal nggawa dhèwèké nyedhak, lan dhèwèké bakal nyedhak marang Aku.” ”Merga nèk ora, sapa sing wani nyedhak marang Aku?” kandhané Yéhuwah. 22  ”Kowé bakal dadi umat-Ku,+ lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.”+ 23  Nesuné Yéhuwah bakal ujug-ujug teka kaya badai.+ Nesuné bakal kaya badai sing ngenani wong jahat. 24  Yéhuwah bakal terus nesu nganti Dhèwèké isa nindakké lan nggawé apa sing dikarepké kelakon.+ Ing dina-dina terakhir, kowé bakal ngerti tenan kabèh iki.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”pinggangé”.
Utawa ”wong-wong kuwi”.
Utawa mungkin ”nggawé wong-wong kuwi dihormati”.