Yérémia 37:1-21

  • Wong Khaldéa bakal bali manèh (1-10)

  • Yérémia dipenjara (11-16)

  • Zédékia ketemu karo Yérémia (17-21)

    • Yérémia terus diwènèhi roti (21)

37  Raja Zédékia+ anaké Yosia mulai mréntah nggantèni Konia*+ anaké Yéhoyakim, merga Nébukhadnézar* raja Babilon ndadèkké Zédékia dadi raja ing Yéhuda.+  Ning Zédékia, para abdiné, lan rakyat ing tanah kuwi ora ngrungokké omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Nabi Yérémia.  Terus, Raja Zédékia ngutus Yéhukal+ anaké Syélémia lan Zéfanya+ anaké Imam Maaséya nemoni Nabi Yérémia lan kandha, ”Tulung ndongaa marang Gusti Allah Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.”  Pas kuwi, Yérémia isih bébas manggon ing endi waé ing antarané wong-wong merga Yérémia durung dilebokké penjara.+  Wektu kuwi, wong Khaldéa lagi ngepung Yérusalèm, ning ora sida nyerang Yérusalèm+ merga krungu laporan nèk pasukané Firaun teka saka Mesir.+  Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Yérémia,  ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Iki sing kudu mbok omongké marang raja Yéhuda sing ngongkon kowé bèn njaluk tuntunan saka Aku: ”Pasukané Firaun sing teka kanggo mbantu kowé bakal bali menyang tanahé, yaiku Mesir.+  Ning wong Khaldéa bakal bali manèh, terus nyerang, ngrebut, lan ngobong kutha iki nganti entèk.”+  Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aja ngapusi awakmu dhéwé lan mikir, ’Wong Khaldéa ora bakal bali,’ merga wong-wong kuwi mesthi bakal bali mréné. 10  Senajan kowé ngalahké kabèh pasukan Khaldéa sing nyerang kowé lan sisané mung tinggal wong-wong sing luka parah, tetep waé wong-wong kuwi bakal mangkat saka kémahé lan ngobong kutha iki nganti entèk.”’”+ 11  Wektu pasukan Khaldéa ora sida nyerang Yérusalèm merga pasukané Firaun,+ 12  Yérémia lunga saka Yérusalèm menyang dhaérah Bènyamin+ kanggo nampa bagéan tanahé ing antarané sedulur-seduluré. 13  Ning pas tekan Gerbang Bènyamin, Nabi Yérémia ditangkep karo kepala penjaga sing jenengé Iriya anaké Syélémia anaké Hanania. Iriya kandha, ”Kowé mihak wong Khaldéa.” 14  Ning Yérémia kandha, ”Ora! Aku ora mihak wong Khaldéa.” Tapi Iriya ora gelem ngrungokké Yérémia. Dhèwèké malah nangkep lan nggawa Yérémia marang para pejabat. 15  Para pejabat kuwi nesu banget karo Yérémia,+ terus nggebugi lan nglebokké dhèwèké ing penjara+ ing omahé Yéhonatan sekretaris kuwi. Wektu kuwi, omahé Yéhonatan didadèkké penjara. 16  Yérémia dilebokké ing sèl bawah tanah lan tetep ing kana nganti pirang-pirang dina. 17  Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo methuk* Yérémia. Raja meneng-meneng nakoni Yérémia ing istanané.+ Raja Zédékia takon, ”Apa ana pesen saka Yéhuwah?” Yérémia kandha, ”Ana.” Yérémia kandha manèh, ”Njenengan bakal diserahké marang raja Babilon.”+ 18  Bar kuwi, Yérémia kandha marang Raja Zédékia, ”Apa salahku marang njenengan, para abdiné njenengan, lan marang bangsa iki, kok nganti aku dilebokké penjara? 19  Endi nabi-nabiné njenengan sing ngramalké, ’Raja Babilon ora bakal nyerang njenengan lan tanah iki’?+ 20  Saiki, Rajaku, tulung rungokna lan turutana sing tak jaluk. Aku aja dibalèkké manèh ing omahé Yéhonatan+ sekretaris kuwi, merga aku isa mati ing kana.”+ 21  Mula, Raja Zédékia mréntahké bèn Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga.+ Saben dina, Yérémia diwènèhi roti bunder saka dalan tukang roti,+ nganti kabèh roti ing kutha entèk.+ Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga.

Katrangan Tambahan

Jeneng liyané yaiku Yéhoyakhin lan Yékonia.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”njemput”.