Yérémia 38:1-28

  • Yérémia dicemplungké ing sumur (1-6)

  • Èbèd-mèlèkh nylametké Yérémia (7-13)

  • Yérémia ngongkon Zédékia bèn nyerah (14-28)

38  Syéfatia anaké Matan, Gédalia anaké Pasyur, Yukal+ anaké Syélémia, lan Pasyur+ anaké Malkhiya krungu omongané Yérémia marang kabèh rakyat. Omongané yaiku,  ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Wong sing tetep manggon ing kutha iki bakal mati merga pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ Ning, wong sing nyerah marang wong Khaldéa bakal tetep urip lan nyawané slamet.’+  Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kutha iki bakal diserahké marang pasukané raja Babilon, lan raja kuwi bakal ngrebut kutha iki.’”+  Para pejabat kuwi kandha marang Raja Zédékia, ”Wong iki dipatèni waé+ merga omongané mau nggawé para prajurit sing isih ana ing kutha iki lan kabèh rakyat dadi ora semangat. Dhèwèké ora péngin bangsa iki tentrem, ning péngin bangsa iki ngalami bencana.”  Raja Zédékia njawab, ”Terserah kowé waé dhèwèké arep mbok apakké. Aku ora isa ngalang-alangi kowé.”  Mula para pejabat kuwi nangkep Yérémia lan nyemplungké dhèwèké ing sumuré Malkhiya anaké raja, ing Halaman Penjaga.+ Yérémia diedhunké nganggo tali. Ing sumur kuwi ora ana banyuné, anané mung lumpur. Yérémia mulai kleleb ing lumpur mau.  Èbèd-mèlèkh+ wong Étiopia, salah siji pejabat istana, krungu nèk Yérémia dilebokké sumur. Wektu kuwi, Raja lagi lungguh ing Gerbang Bènyamin.+  Mula, Èbèd-mèlèkh metu saka istana lan kandha marang Raja,  ”Rajaku, tumindaké wong-wong kuwi marang Nabi Yérémia jahat banget. Wong-wong kuwi nyemplungké Yérémia menyang sumur. Dhèwèké isa kelaparan lan mati ing kana merga ora ana roti manèh ing kutha.”+ 10  Terus Raja mréntahké Èbèd-mèlèkh wong Étiopia kuwi, ”Ajaken wong 30 saka kéné, lan angkaten Nabi Yérémia metu saka sumur kuwi sakdurungé dhèwèké mati.” 11  Mula, Èbèd-mèlèkh ngejak wong 30 bareng dhèwèké lan lunga menyang istanané raja, menyang ruangan sing ana ing ngisor panggonan kanggo nyimpen harta.+ Saka kana, wong-wong kuwi njupuk kain-kain bekas lan suwèkan-suwèkan kain. Terus, kuwi kabèh diedhunké nganggo tali marang Yérémia sing ana ing sumur kuwi. 12  Bar kuwi, Èbèd-mèlèkh wong Étiopia kuwi kandha marang Yérémia, ”Dèlèhna kain-kain bekas lan suwèkan-suwèkan kain kuwi ing ngisor kèlèkmu bèn dadi ganjel tali kuwi.” Yérémia nindakké kuwi, 13  terus Yérémia diangkat nganggo tali lan ditarik metu saka sumur kuwi. Bar kuwi, Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga.+ 14  Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo nggawa Nabi Yérémia nemoni Raja ing dalan mlebu ketelu sing ana ing omahé Yéhuwah. Raja kandha marang Yérémia, ”Aku arep takon marang kowé. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.” 15  Yérémia njawab, ”Nèk njenengan tak kandhani, mesthi njenengan matèni aku. Nèk njenengan tak wènèhi saran, mesthi njenengan ora bakal gelem ngrungokké.” 16  Mula, Raja Zédékia meneng-meneng sumpah marang Yérémia, ”Demi Yéhuwah sing urip, sing wis mènèhi awaké dhéwé urip, aku ora bakal matèni kowé. Aku ya ora bakal nyerahké kowé marang wong-wong sing arep matèni kowé.” 17  Terus Yérémia kandha marang Zédékia, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Nèk kowé nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kowé bakal slamet lan kutha iki ora bakal diobong nganti entèk. Kowé lan keluargamu bakal slamet.+ 18  Ning, nèk kowé ora gelem nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kutha iki bakal diserahké marang wong Khaldéa lan bakal diobong nganti entèk.+ Kowé ora bakal isa lolos.’”+ 19  Terus Raja Zédékia kandha marang Yérémia, ”Aku wedi karo wong Yahudi sing mihak wong Khaldéa. Nèk aku diserahké marang wong-wong Yahudi kuwi, mengko aku ditindhes.” 20  Ning Yérémia kandha, ”Njenengan ora bakal diserahké marang wong-wong kuwi. Tulung, manuta omongané Yéhuwah sing tak sampèkké marang njenengan. Njenengan ora bakal kena apa-apa lan bakal tetep urip. 21  Tapi nèk njenengan ora gelem nyerah, Yéhuwah wis nduduhké marang aku apa sing bakal kelakon, yaiku: 22  Kabèh wong wédok sing isih urip ing istanané raja Yéhuda padha digawa ngadhep marang para pejabaté raja Babilon.+ Wong-wong wédok kuwi kandha,’Wong-wong sing mbok percaya wis ngapusi lan ngalahké kowé.+ Wong-wong kuwi nggawé sikilmu ambles ing lumpur,Lan saiki wong-wong kuwi padha bali.’ 23  Kabèh bojo lan anak-anaké lanang njenengan bakal diserahké marang wong Khaldéa. Njenengan ora bakal isa lolos. Njenengan bakal ditangkep raja Babilon,+ lan merga njenengan, kutha iki bakal diobong nganti entèk.”+ 24  Terus Zédékia kandha marang Yérémia, ”Aja nganti ana sing ngerti soal iki bèn kowé ora mati. 25  Ning, nèk para pejabat krungu aku omongan karo kowé, terus wong-wong kuwi nemoni kowé lan kandha, ’Tulung kandhanana aku apa sing mbok omongké marang Raja. Aja ana sing mbok tutup-tutupi bèn aku ora matèni kowé.+ Raja ngandhani kowé apa?’ 26  jawaben ngéné, ’Aku njaluk tulung marang Raja bèn aku ora dibalèkké manèh ing omahé Yéhonatan, merga aku isa mati ing kana.’”+ 27  Bar kuwi, para pejabat nemoni Yérémia lan nakoni dhèwèké. Yérémia ngandhani wong-wong kuwi sesuai karo préntahé Raja. Mula, wong-wong kuwi ora nakoni dhèwèké manèh merga wong-wong kuwi ora ngerti apa sing diomongké. 28  Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga+ nganti dinané Yérusalèm direbut. Yérémia isih ana ing kana pas Yérusalèm direbut.+

Katrangan Tambahan