Yérémia 46:1-28

  • Ramalan soal Mesir (1-26)

    • Mesir bakal dikalahké Nébukhadnézar (13, 26)

  • Janji kanggo Israèl (27, 28)

46  Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal bangsa-bangsa:+  Gusti Allah kandha soal Mesir,+ soal pasukané Firaun Nékho+ raja Mesir sing wis dikalahké Nébukhadnézar* raja Babilon ing Karkhémis ing sepanjang Kali Éfrat, ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda:   ”Siapna tamèng cilik* lan tamèng gedhé. Bar kuwi, majua perang.   Hé pasukan sing numpak jaran, siapna jaranmu lan tumpakana. Enggonen tutup sirahmu, lan kowé kudu siap-siap. Gosoken tombak-tombak nganti mengkilap, lan enggonen klambi perangmu.   ’Ngapa kok wong-wong kuwi kétok wedi banget? Wong-wong kuwi padha mbalik. Para pejuangé dikalahké. Wong-wong kuwi padha mlayu merga bingung. Para pejuangé ora nolèh mburi. Ing endi-endi, wong-wong padha wedi,’ kandhané Yéhuwah.   ’Wong sing mlayuné cepet ora isa mlayu, lan pejuang ora isa lolos. Ing sisih lor, ing pinggir Kali Éfrat,Wong-wong kuwi padha kesandhung lan tiba.’+   Sapa kuwi sing padha teka kaya Kali Nil,Kaya Kali Nil sing banyuné mbludag?   Mesir teka kaya Kali Nil,+Kaya kali sing banyuné mbludag. Dhèwèké kandha, ’Aku arep maju lan nutupi bumi. Aku bakal nggawé kutha kuwi lan penduduké hancur.’   Jaran-jaran, padha majua. Kréta-kréta perang, mlakua sing cepet. Bèn waé para pejuangé maju,Yaiku Kus lan Put sing nggawa tamèng,+Lan wong Ludim+ sing pinter nggunakké lan nekuk busur panah.+ 10  ”Kuwi dinané Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, yaiku dinané Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé. Wektu kuwi, kaya-kayané pedhang bakal mangan nganti wareg lan ngombé getih nganti puas, sebab Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, matèni wong akèh banget ing tanah lor ing cedhaké Kali Éfrat,+ kaya mbelèh korban. 11  Hé kowé anak wédok, yaiku Mesir,Lungaa menyang Giléad kanggo njupuk balsam.*+ Obatmu sing akèh kuwi ora ana gunanéMerga ora ana sing isa nambani kowé.+ 12  Bangsa-bangsa wis krungu nèk kowé dirèmèhké,+Sak negara wis krungu wektu kowé sambat njaluk tulung. Ana pejuang sing kesandhung pejuang liyané. Loro-loroné tiba bareng.” 13  Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal Nébukhadnézar* raja Babilon sing bakal nyerang Mesir:+ 14  ”Omongna ing Mesir, umumna ing Migdol,+Umumna ing Nof* lan ing Tahpanhès.+ Ngomonga, ’Kowé kudu siap-siap,Merga wong-wong ing sekitarmu bakal dipatèni nganggo pedhang. 15  Ngapa kok para prajuritmu sing kuwat padha mati kabèh? Wong-wong kuwi padha ora isa ngadhepi seranganMerga Yéhuwah wis ngalahké wong-wong kuwi. 16  Ana akèh banget sing kesandhung lan tiba. Wong-wong kuwi padha kandha,”Ayo ngadeg lan bali menyang bangsa lan negarané awaké dhéwéMerga ana serangan mungsuh sing nyebabké akèh wong padha mati.”’ 17  Ing kana, wong-wong kuwi padha ngumumké,’Firaun raja Mesir kuwi mung ngomong thok, ora nindakké apa-apa. Dhèwèké kuwi ora isa nggunakké kesempatan.’+ 18  Raja sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku sumpah demi Aku sing urip,Dhèwèké* bakal teka kaya Tabor+ sing dhuwuré ngungkuli gunung-gunungLan kaya Karmèl+ ing pinggir laut. 19  Hé penduduk Mesir,Siapna barang-barangmu merga kowé arep ditawan. Nof* bakal dadi panggonan sing medèni, diobong,* lan ora ana sing ngenggoni.+ 20  Mesir kuwi kaya sapi wédok sing isih enom,*Ning nyamuk bakal teka saka lor lan nyokot dhèwèké. 21  Tentara bayaran sing ana ing kana ya kaya anak sapi sing lemu,Ning wong-wong kuwi padha mbalik lan mlayu. Wong-wong kuwi padha ora isa ngadhepi serangan+ Merga wis wektuné wong-wong kuwi ngalami bencanaLan wis wektuné Gusti Allah ngukum wong-wong kuwi.’ 22  ’Swarané kaya ula sing ngeses sing lunga ngedohMerga mungsuh-mungsuhé sing kuwat ngoyak* dhèwèké karo nggawa kapak,Kaya wong-wong sing negor wit.* 23  Mungsuh-mungsuh kuwi bakal negor wit-wit ing hutané senajan hutan kuwi kétoké ora isa dileboni,’ kandhané Yéhuwah. ’Jumlah mungsuh-mungsuh kuwi luwih akèh timbang walang, ora isa diétung. 24  Penduduk Mesir bakal digawé isin. Dhèwèké bakal diserahké marang bangsa saka lor.’+ 25  ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ’Saiki Aku arep ngukum Amon+ déwa saka kutha No,*+ ngukum Firaun, Mesir, déwa-déwané,+ lan raja-rajané. Aku bakal ngukum Firaun lan kabèh sing percaya marang dhèwèké.’+ 26  ”’Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi, yaiku Nébukhadnézar* raja Babilon+ lan para abdiné. Ning bar kuwi, bakal ana wong-wong sing manggon manèh ing Mesir kaya sakdurungé,’ kandhané Yéhuwah.+ 27  ’Soal kowé, hé Yakub abdi-Ku, aja wedi. Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+ Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adohLan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+ Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan,Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.’+ 28  Yéhuwah kandha, ’Mula, hé Yakub abdi-Ku, aja wedi, sebab Aku ndhukung kowé. Ing bangsa ngendi waé kowé Tak sebar, Aku bakal nyingkirké kabèh bangsa kuwi.+ Ning, kowé ora bakal Tak singkirké.+ Kowé bakal tetep Tak hukum,Ning Aku bakal ngukum kowé nganggo cara sing bener.’”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”Mèmfis”.
Maksudé, wong sing ngalahké Mesir.
Utawa ”Mèmfis”.
Utawa mungkin ”dadi panggonan sing gersang”.
Utawa ”sapi sing durung tau nduwé anak”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”sing nglumpukké kayu”.
Maksudé, Tèbès.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.