Yérémia 47:1-7

  • Ramalan soal wong Filistin (1-7)

47  Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal wong Filistin+ sakdurungé Firaun ngalahké Gaza,  iki sing diomongké Yéhuwah,”Bakal ana banyu sing teka saka arah lor. Banyu kuwi bakal mili deres banget. Banyu kuwi bakal dadi banjir sing ngebaki sak negara lan kabèh isiné,Yaiku kutha lan penduduké. Wong-wong bakal bengok-bengok. Kabèh sing manggon ing kono bakal nangis banter banget.   Wektu krungu swara jaran-jaran sing lagi mlayu,Swara kréta-kréta perang,Lan swara rodha-rodhané,Bapak nganti ora wani bali nylametké anak-anaké merga saking wediné.   Bakal tekan wektuné, kabèh wong Filistin bakal dipatèni.+ Kabèh sing mbantu Tirus+ lan Sidon+ ya bakal disingkirké,Sebab Yéhuwah bakal nyingkirké wong Filistin sing isih uripSing asalé saka Pulau Kaftor.*+   Gaza bakal dadi bothak.* Askélon wis dihancurké.+ Kowé sing isih manggon ing lembahé wong-wong kuwi,Nganti kapan kowé bakal mbesèti awakmu?+   Adhuh, pedhangé Yéhuwah.+ Kapan kowé bakal mandheg? Mlebua manèh ing wadhahmu. Mandhega lan menenga.   Ora mungkin pedhang kuwi mandhegMerga Yéhuwah wis mréntahké pedhang kuwi. Dhèwèké mréntahké bèn pedhang kuwi nyerang Askélon lan dhaérah pinggir laut.”+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Kréta.
Maksudé, wong-wong kuwi nyukur rambuté merga sedhih lan isin.